PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb22 Maret hlm. 9
  • Sapa Kancamu ing Internèt?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sapa Kancamu ing Internèt?
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jejaring Sosial—Ngedohi Bahayané
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Ngati-ati Wektu Milih Kanca
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Terkenal ing Média Sosial Kuwi Penting?
    Pitakonané Cah Enom
  • Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom
    Topik Liyané
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
mwb22 Maret hlm. 9

URIPÉ WONG KRISTEN

Sapa Kancamu ing Internèt?

Awaké dhéwé biasané isa akrab karo wong sing disayangi utawa dikagumi. Contoné, Yonatan isa akrab karo Daud sakwisé Daud ngalahké Goliat. (1Sam 18:1) Pertamané mémang isa dadi kanca merga seneng karo sipat-sipaté. Tapi nèk péngin akrab ya kudu kenal tenan karo wongé. Nah kuwi ora gampang. Mula akèh sing seneng nggolèk kanca ing Internèt merga kuwi luwih gampang. Padahal nèk ing Internèt wong isa ngapusi. Sing diomongké utawa diduduhké ing Internèt kuwi biasané sing apik-apik, tapi asliné durung mesthi kaya ngono. Mula kudu ngati-ati wektu milih kanca ing Internèt. Nèk ana sing péngin dadi kancamu ing Internèt, ya ora kabèh kudu ditampa. Nèk ora kenal tenan karo wongé, ya ora apa-apa nèk mèh dihapus. Merga ngerti nèk bergaul liwat Internèt kuwi ana bahayané, ana sing ora gelem nduwé média sosial. Tapi nèk njenengan nduwé média sosial, njenengan kudu piyé?

DELOKÈN VIDÉO CARA AMAN NGGUNAKKÉ JEJARING SOSIAL, TERUS JAWABEN PERTANYAAN-PERTANYAAN IKI:

  • Gambar saka vidéo ”Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial”. Cah wédok kagèt wektu ndelok fotoné ing TV.

    Apa sing kudu dipikirké sakdurungé nulis koméntar utawa masang gambar ing Internèt?

  • Gambar saka vidéo ”Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial”. Fotoné wong wédok ditimbang karo tumpukan koin. Fotoné luwih abot timbang koiné.

    Ngapa kok kudu ngati-ati wektu milih kanca ing Internèt?

  • Gambar saka vidéo ’Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial’. Cah lanang mripaté ditutupi pas diduduhi gambar ing média sosial karo wong jahat.

    Ngapa kok pas internètan wektuné kudu dibatesi?—Éf 5:15, 16

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim