URIPÉ WONG KRISTEN
Perkawinan Kuwi Ikatan Seumur Hidup
Perkawinan sing langgeng ora mung isa nggawé suami istri bahagia, tapi ya isa nggawé Yéhuwah diluhurké. (Mrk 10:9) Bèn perkawinané bahagia, wong Kristen kudu manut pathokan ing Alkitab bahkan sejak arep milih bojo.
Nèk arep pacaran, kudu ”wis cukup umur”. Kuwi maksudé aja pas rasa péngin kanggo hubungan sèks lagi kuwat-kuwaté merga kuwi isa marahi wong nggawé keputusan sing ora bener. (1Kor 7:36) Mumpung durung nikah, coba luwih akrab karo Yéhuwah lan berusaha nduwé sipat-sipat sing apik. Mengko nèk akhiré nikah, njenengan isa dadi bojo sing apik lan perkawinané njenengan ya bakal langgeng.
Sakdurungé mutuské arep nikah, coba diamati sik caloné njenengan kuwi asliné wong sing kaya apa. (1Ptr 3:4) Nèk misalé ana sing ora sreg, kudu ndang diomongké. Tapi kudu éling, nèk wong nikah kuwi kudu luwih mikirké apa sing isa dikèkké dudu apa sing isa ditampa. (Flp 2:3-4) Nèk wis biasa manut pathokan ing Alkitab sakdurungé nikah, mengko nèk pas wis nikah ya isa dadi luwih gampang manut. Hasilé keluarga isa bahagia.
DELOKEN VIDÉO PERSIAPAN NIKAH—BAGIAN 3: ”NGÉTUNG BIAYANÉ”, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:
Piyé awalé hubungané sedulur wédok kuwi karo Shane?
Suwé-suwé sedulur wédok kuwi ngerti nèk Shane wongé piyé?
Sedulur wédok kuwi dikandhani apa karo wong tuwané, terus akhiré apa keputusané?