PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w20 Maret hlm. 18-23
  • Kapan Wektuné kanggo Ngomong?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kapan Wektuné kanggo Ngomong?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KAPAN WEKTUNÉ KUDU NGOMONG?
  • KAPAN WEKTUNÉ KUDU MENENG?
  • PANDHANGANÉ YÉHUWAH SOAL APA SING AWAKÉ DHÉWÉ OMONGKÉ
  • Dhèwèké Tumindak Wicaksana
    Tirunen Imané
  • Percaya karo Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Omonganmu Kudu Nyenengké
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Carané Nggawé Yéhuwah Seneng Liwat Omongan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
w20 Maret hlm. 18-23

ARTIKEL PELAJARAN 12

Kapan Wektuné kanggo Ngomong?

”Ana wayahé meneng, ana wayahé caturan [utawa, omongan].”​—KO. 3:7.

LAGU 124 Tetep Setya

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Kohèlèt 3:7 ngandhani awaké dhéwé soal apa?

ING jemaat, mungkin ana sedulur-sedulur sing luwih seneng ngomong ketimbang sedulur liyané. Ning, mungkin ya ana sedulur-sedulur sing menengan. Ayat téma ing artikel iki kandha nèk ana wektuné kanggo ngomong lan ana wektuné kanggo meneng. (Wacanen Kohèlèt 3:7.) Awaké dhéwé mesthi seneng nèk kabèh sing ana ing jemaat isa ngetrapké ayat kuwi.

2. Bèn isa ngerti kapan wektuné ngomong lan kapan wektuné meneng, awaké dhéwé kudu manut karo pathokané sapa?

2 Yéhuwah kuwi sing mènèhi awaké dhéwé kemampuan kanggo ngomong. (Pa. 4:10, 11; Why. 4:11) Mula, liwat Alkitab, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa nggunakké kemampuan kuwi nganggo cara sing bener. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug conto-conto saka Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti kapan wektuné ngomong lan kapan wektuné meneng. Awaké dhéwé ya bakal sinau piyé pandhangané Yéhuwah soal apa sing awaké dhéwé omongké marang wong liya. Saiki, ayo dirembug dhisik soal kapan wektuné awaké dhéwé kudu ngomong.

KAPAN WEKTUNÉ KUDU NGOMONG?

3. Nurut Roma 10:14, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

3 Awaké dhéwé kudu siap ngomongké soal Yéhuwah lan Kratoné marang wong liya. (Mat. 24:14; wacanen Roma 10:14.) Kuwi salah siji cara kanggo niru contoné Yésus. Yésus kandha nèk dhèwèké teka ing bumi kanggo mènèhi kesaksian sing bener soal Bapaké. (Yoh. 18:37) Ning, carané awaké dhéwé ngomong kuwi ya penting. Wektu ngomongké soal Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nganggo cara sing ”alus” lan ”ngajèni” wong sing dijak ngomong. Awaké dhéwé ya kudu mikirké perasaané wong liya lan ngajèni kepercayaané. (1 Ptr. 3:15) Nèk nindakké kuwi, wong-wong isa waé dadi gelem ngrungokké awaké dhéwé.

WEKTUNÉ KUDU NGOMONG

  • Wektu ngomongké soal Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nganggo cara sing ”alus” lan ”ngajèni” wong sing dijak ngomong. Awaké dhéwé ya kudu mikirké perasaané wong liya lan ngajèni kepercayaané (paragraf 3)

  • Awaké dhéwé kudu wani ngandhani wong sing mulai nindakké apa sing salah

  • Para pinituwa kudu sabar lan nggunakké cara sing apik wektu mènèhi naséhat

Sedulur wédok sing lagi mènèhi naséhat marang sedulur wédok liyané sing arep tuku rok mini.

(Deloken paragraf 7-8)b

Sedulur lanang sing lagi ngandhani pathokané Alkitab soal kebersihan marang sedulur lanang liyané sing omahé ora resik.

(Deloken paragraf 4, 9)c

4. Piyé carané awaké dhéwé isa ngetrapké Wulang Bebasan 9:9?

4 Nèk ana sedulur ing jemaat sing mbutuhké naséhat, para pinituwa ora perlu ragu-ragu kanggo ngandhani sedulur kuwi. Para pinituwa mesthi péngin njaga perasaané para sedulur. Mula, para pinituwa kudu nggolèk wektu sing cocog bèn ora nggawé sedulur kuwi ngrasa isin. Misalé, para pinituwa isa mènèhi naséhat pas ora ana wong liya sing ngerti. Ning, para pinituwa ya ora ragu-ragu kanggo nyampèkké naséhat sing dhasaré saka Alkitab bèn sedulur kuwi isa nindakké apa sing bener. (Wacanen Wulang Bebasan 9:9.) Apa sebabé kuwi penting? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné salah siji wong tuwa sing ora gelem naséhati anak-anaké. Awaké dhéwé ya bakal sinau saka contoné wong wédok sing gelem mènèhi naséhat marang wong sing bakal dadi raja ing Israèl.

5. Apa sing ditindakké anak-anaké Imam Èli, lan piyé tanggepané Imam Èli?

5 Imam Agung Èli sayang banget karo anaké lanang loro sing nglayani dadi imam ing tabernakel. Ning, anak-anaké kuwi ora ngajèni Yéhuwah. Wong loro kuwi nyalahgunakké wewenangé, ngrèmèhké hukum soal mènèhi korban kanggo Yéhuwah, lan nindakké hubungan sèks sing bejat. (1 Sa. 2:12-17, 22) Nurut Hukum Musa, kuduné wong loro kuwi dihukum mati. Ning, Imam Èli mung ngandhani anak-anaké nèk tumindaké wong loro kuwi salah lan malah tetep ngéntukké anak-anaké nglayani ing tabernakel. (PT. 21:18-21) Piyé tanggepané Yéhuwah? Yéhuwah kandha, ”Yagéné kowé, Èli, luwih ngurmati anak-anakmu tinimbang ngurmati Aku?” Akhiré, Yéhuwah ngukum mati wong loro kuwi.​—1 Sa. 2:29, 34, Basa Jawi Padintenan.

6. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Imam Èli?

6 Awaké dhéwé mesthi ora gelem dadi kaya Imam Èli. Awaké dhéwé kudu luwih ngajèni Yéhuwah ketimbang kanca utawa keluargané awaké dhéwé. Dadi, nèk awaké dhéwé ngerti ana kanca utawa keluarga sing nglanggar pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngandhani lan ngélikké dhèwèké. Awaké dhéwé ya kudu mastèkké nèk dhèwèké wis njaluk bantuané para pinituwa. (Yak. 5:14) Pancèn, ora gampang kanggo nindakké kuwi. Ning, nèk kuwi ditindakké mesthi bakal ana manfaaté. Saiki, ayo awaké dhéwé ngrembug contoné Abigail.

Abigail sujud pas ngomong karo Daud.

Awaké dhéwé isa niru Abigail sing ngerti kapan wektuné kudu ngomong (Deloken paragraf 7-8)d

7. Apa sebabé Abigail nemoni Daud?

7 Abigail nduwé bojo sing sugih banget, yaiku Nabal. Wektu mlayu saka Raja Saul, Daud lan kanca-kancané njaga ternaké Nabal bèn ora dirampok. Ning, Nabal ora ngajèni bantuané Daud. Wektu Daud njaluk panganan lan banyu kanggo dhèwèké lan kanca-kancané, Nabal malah nesu. Nabal ya ngécé Daud lan kanca-kancané. (1 Sa. 25:5-8, 10-12, 14) Akibaté, Daud dadi péngin matèni Nabal lan kabèh wong lanang ing keluargané Nabal. (1 Sa. 25:13, 22) Terus, apa sing ditindakké Abigail kanggo nyegah Daud? Abigail ngerti nèk kuwi wektuné dhèwèké kudu ngomong. Mula, dhèwèké wani nemoni Daud ing ngarepé 400 wong sing lagi nesu lan ngomong karo Daud bèn ora sida matèni Nabal.

8. Piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné Abigail?

8 Merga Abigail wani ngomong karo Daud, Daud akhiré ora sida matèni Nabal. Sakjané Abigail ora salah. Ning, Abigail gelem njaluk ngapura karo Daud. Abigail ya kandha nèk Daud kuwi wong sing nduwé sipat-sipat sing apik. Abigail bener-bener ngendelké Yéhuwah. (1 Sa. 25:24, 26, 28, 33, 34) Kaya Abigail, awaké dhéwé ya kudu wani ngandhani wong sing mulai nindakké apa sing salah. (Ms. 141:5) Ning, pas mènèhi naséhat, awaké dhéwé ya kudu nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni dhèwèké. Alkitab kandha nèk wong sing gelem mènèhi naséhat marang kancané kuwi isa dadi kanca sing sejati.​—WB. 27:17.

9-10. Apa sing kudu digatèkké para pinituwa wektu arep mènèhi naséhat?

9 Para pinituwa kudu wani mènèhi naséhat nèk ana sedulur sing mulai nindakké apa sing salah. (Gal. 6:1) Para pinituwa pancèn ngerti nèk dhèwèké dhéwé ora sampurna lan kadhang kala ya butuh naséhat. Ning, para pinituwa ora éntuk ragu-ragu nèk arep mènèhi naséhat. (2 Tim. 4:2; Tit. 1:9) Para pinituwa kudu sabar lan nggunakké cara sing apik wektu nindakké kuwi. Para pinituwa gelem mènèhi naséhat marang sedulur sing mulai nindakké apa sing salah merga sayang karo sedulur kuwi. (WB. 13:24) Ning, sing dadi alesan utama para pinituwa gelem mènèhi naséhat kuwi merga péngin nyenengké Yéhuwah lan nglindhungi jemaat saka pengaruh sing èlèk.​—Kis. 20:28.

10 Dadi, awaké dhéwé wis ngerti kapan wektuné awaké dhéwé kudu ngomong. Ning, kaya sing wis disebutké mau, awaké dhéwé ya kudu ngerti kapan wektuné kudu meneng. Saiki, ayo dirembug piyé carané nindakké kuwi lan apa waé tantangané.

KAPAN WEKTUNÉ KUDU MENENG?

11. Perumpamaan apa sing disebutké karo Rasul Yakobus, lan apa sebabé kuwi cocog?

11 Awaké dhéwé perlu ngerti kapan wektuné kudu meneng. Ning, kuwi ora mesthi gampang. Rasul Yakobus nggunakké perumpamaan sing cocog kanggo njelaské soal kuwi. Dhèwèké kandha, ”Nèk wong ora tau salah ngomong, dhèwèké kuwi manungsa sing sampurna, sing isa ngendhalèni badané kabèh. Nèk kita masang tali kendhali ing cangkemé jaran supaya jaran kuwi manut, kita uga isa ngendhalèni badané kabèh.” (Yak. 3:2, 3) Jaran biasané dipasangi tali ing cangkemé bèn isa dikendhalèni. Nèk ora dikendhalèni, jaran kuwi isa dadi liar. Akibaté, jarané lan sing numpak isa cilaka. Padha kaya perumpamaan kuwi, nèk awaké dhéwé ora ngerti kapan wektuné kudu meneng, kuwi isa nyebabké akèh masalah. Dadi, kapan wektuné awaké dhéwé kudu meneng?

WEKTUNÉ KUDU MENENG

  • Ora takon-takon utawa nyritak-nyritakké soal carané gawéan nginjil isa ditindakké ing dhaérah sing gawéan nginjilé dilarang karo pamréntah

  • Ora nyritak-nyritakké informasi sing rahasia soal jemaat

Para sedulur takon-takon marang suami istri saka jemaat liya sing lagi berhimpun ing kono.

(Deloken paragraf 12)e

Pinituwa nutup lawang pas lagi télépon bèn bojoné ora krungu wektu dhèwèké lagi ngomongké informasi sing rahasia.

(Deloken paragraf 13-14)f

12. Awaké dhéwé luwih apik nèk meneng waé wektu ngadhepi situasi apa?

12 Ana informasi-informasi sing ora kabèh wong éntuk ngerti. Misalé, mungkin awaké dhéwé ketemu karo sedulur sing manggon ing dhaérah sing gawéan nginjilé dilarang karo pamréntah. Apa awaké dhéwé dadi penasaran lan péngin takon karo sedulur kuwi soal carané gawéan nginjil isa ditindakké ing dhaérah kuwi? Mungkin awaké dhéwé nindakké kuwi merga perduli lan péngin ndongakké para sedulur ing kana. Ning, nèk awaké dhéwé takon-takon, kuwi malah nduduhké nèk awaké dhéwé ora sayang karo sedulur kuwi lan sedulur-sedulur sing manggon ing kana. Apa sebabé? Sedulur kuwi isa waé dadi ngrasa ora kepénak merga dhèwèké mesthiné ora péngin nyritak-nyritakké soal piyé carané para sedulur ing kana isa nginjil utawa nindakké kegiatan Kristen liyané. Para sedulur sing manggon ing kana mesthi ya ora péngin nèk informasi sing rahasia kuwi dicritak-critakké. Terus, nèk awaké dhéwé takon-takon, isa waé kuwi malah nambahi masalahé para sedulur kuwi. Dadi, ing situasi kaya ngono, luwih apik nèk awaké dhéwé meneng waé lan ora takon-takon karo sedulur kuwi.

13. Nurut Wulang Bebasan 11:13, apa sing kudu ditindakké karo para pinituwa, lan apa sebabé?

13 Wulang Bebasan 11:13 kandha nèk awaké dhéwé kudu isa njaga informasi sing rahasia. (Wacanen.) Sing khususé kudu ngetrapké pathokan kuwi yaiku para pinituwa. Ning, kuwi ora gampang. Apa manèh nèk pinituwa kuwi wis nduwé bojo. Wong sing wis nikah biasané crita karo bojoné soal kabèh sing dhèwèké pikirké lan rasakké. Ning, para pinituwa kudu éling nèk ana informasi soal jemaat sing kuduné ora éntuk dicritakké karo bojoné. Nèk ana pinituwa sing ora isa njaga rahasia, dhèwèké ora bakal dipercaya karo sedulur-sedulur ing jemaat. Alkitab kandha nèk sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab ing jemaat kuduné ora éntuk ”méncla-ménclé” utawa seneng ngapusi. (1 Tim. 3:8, ctn.) Kuwi artiné, sedulur-sedulur kuwi kudu isa dipercaya lan ora éntuk seneng nggosip. Pinituwa sing sayang karo bojoné ora bakal ngandhani informasi sing rahasia soal jemaat marang bojoné.

14. Piyé carané bojoné para pinituwa isa njaga reputasiné bojoné?

14 Bojoné para pinituwa ya isa njaga reputasiné bojoné nèk dhèwèké ora meksa bojoné kanggo nyritakké informasi sing rahasia. Nèk nindakké kuwi, dhèwèké ndhukung bojoné lan ngajèni para sedulur sing wis percaya karo para pinituwa. Dhèwèké ya bakal nggawé Yéhuwah seneng merga jemaat isa tetep rukun.​—Rm. 14:19.

PANDHANGANÉ YÉHUWAH SOAL APA SING AWAKÉ DHÉWÉ OMONGKÉ

15. Piyé tanggepané Yéhuwah marang telung kancané Ayub, lan apa sebabé?

15 Saka pengalamané Ayub, awaké dhéwé isa ngerti piyé pandhangané Yéhuwah soal apa sing awaké dhéwé omongké. Sakwisé Ayub ngalami akèh masalah, Èlifaz, Bildad, Zofar, lan Èlihu teka kanggo nguwatké Ayub. Awalé, wong-wong kuwi ora ngomong apa-apa. Ning, sakwisé kuwi, Èlifaz, Bildad, lan Zofar mulai ngomongké soal Ayub lan Yéhuwah. Pancèn omongané wong telu kuwi ana sing bener. Ning, apa sing diomongké wong telu kuwi akèh-akèhé klèru. Èlifaz, Bildad, lan Zofar malah nudhuh nèk Ayub kuwi wong sing jahat lan péngin mbuktèkké nèk Ayub kuwi wis tumindak salah. (Ay. 32:1-3) Apa sing diomongké wong telu kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi ora perduli karo Ayub. Piyé tanggepané Yéhuwah? Yéhuwah nesu banget lan kandha nèk apa sing diomongké karo wong telu kuwi ora bener. Yéhuwah ya ngongkon wong telu kuwi kanggo njaluk marang Ayub bèn didongakké.​—Ay. 42:7-9.

16. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka contoné Èlifaz, Bildad, lan Zofar?

16 Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka contoné Èlifaz, Bildad, lan Zofar? Pertama, awaké dhéwé aja langsung nudhuh para sedulur. (Mat. 7:1-5) Sakdurungé awaké dhéwé ngomong, luwih apik nèk awaké dhéwé ngrungokké dhisik bèn isa bener-bener ngerti apa sing sakjané kelakon. (1 Ptr. 3:8) Keloro, apa sing awaké dhéwé omongké kudu bener lan aja nganti nggawé wong liya lara ati. (Éf. 4:25) Ketelu, Yéhuwah nggatèkké apa sing awaké dhéwé omongké marang wong liya.

17. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Èlihu?

17 Èlihu ngrungokké tenanan wektu Ayub lan kanca-kancané lagi omong-omongan. Mula, Èlihu isa mènèhi naséhat sing cocog bèn Ayub isa nduwé pandhangan sing bener. (Ay. 33:1, 6, 17) Èlihu péngin ngluhurké Yéhuwah, dudu dhèwèké dhéwé utawa wong liya. (Ay. 32:21, 22; 37:23, 24) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Èlihu? Awaké dhéwé perlu ngerti kapan wektuné kudu meneng. Kuwi artiné, awaké dhéwé gelem ngrungokké dhisik wektu wong liya lagi ngomong. (Yak. 1:19) Terus, wektu mènèhi naséhat, awaké dhéwé ya kudu ngluhurké Yéhuwah, dudu awaké dhéwé.

18. Piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké nèk bersyukur karo Yéhuwah sing wis mènèhi kemampuan kanggo ngomong?

18 Piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah sing wis mènèhi kemampuan kanggo ngomong? Awaké dhéwé kudu manut karo pathokané Alkitab sing wis ngandhani awaké dhéwé pandhangané Yéhuwah soal apa sing awaké dhéwé omongké. Raja Salomo kandha, ”Tetembungan kang diucapaké cocog karo wektuné, iku upamané kaya apel mas ana ing pinggan salaka [utawa, wadah saka pérak].” (WB. 25:11) Apel saka emas kuwi mesthi apik lan berharga banget. Omongané awaké dhéwé isa kaya apel emas nèk awaké dhéwé gelem ngrungokké wong liya lan mikir dhisik sakdurungé ngomong. Hasilé, awaké dhéwé isa nguwatké wong liya lan nggawé Yéhuwah seneng.​—WB. 23:15; Éf. 4:29.

APA JAWABANÉ?

  • Kapan wektuné awaké dhéwé kudu ngomong?

  • Kapan wektuné awaké dhéwé kudu meneng?

  • Apa sing isa disinaoni saka tokoh-tokoh Alkitab sing dirembug ing artikel iki?

LAGU 82 ”Duduhna Pepadhangmu”

a Ing Alkitab, ana akèh pathokan sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa ngerti kapan wektuné kanggo ngomong lan kapan wektuné kanggo meneng. Awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng nèk ngetrapké pathokan-pathokan kuwi.

b GAMBAR: Ana sedulur wédok sing lagi mènèhi naséhat marang sedulur wédok liyané.

c GAMBAR: Ana sedulur lanang sing lagi ngandhani pathokané Alkitab soal kebersihan marang sedulur lanang liyané.

d GAMBAR: Abigail ngerti kapan wektuné dhèwèké kudu ngomong. Mula, dhèwèké wani nemoni Daud kanggo nyegah Daud bèn ora sida matèni Nabal.

e GAMBAR: Suami istri sing ora gelem nyritakké soal carané gawéan nginjil isa ditindakké ing dhaérah sing gawéan nginjilé dilarang.

f GAMBAR: Salah siji pinituwa mastèkké nèk ora ana wong liya sing krungu wektu dhèwèké lagi ngomongké informasi sing rahasia soal jemaat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim