Pengantar
Apa njenengan tau ngrasa nèk dongané njenengan ora dirungokké Gusti Allah? Nèk iya, njenengan ora dhèwèkan. Akèh wong wis ndonga karo Gusti Allah soal masalahé. Tapi, masalahé isih tetep ana. Ing majalah iki bakal dirembug ngapa kok awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah ngrungokké dongané awaké dhéwé, ngapa kok ana donga sing ora dijawab, lan piyé bèn dongané awaké dhéwé isa dijawab.