PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 3 hlm. 4-5
  • Apa Uripé Njenengan Mémang Wis Ditakdirké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Uripé Njenengan Mémang Wis Ditakdirké?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING DIPERCAYA WONG-WONG
  • PIYÉ KENYATAANÉ?
  • Kabèh Péngin Uripé Pénak
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 3 hlm. 4-5
Gambar: 1. Peramal lagi ngramal nganggo kartu tarot. 2. Kompas feng shui karo dénah omah. 3. Wong nyembayangi leluhuré nganggo dupa, panganan, lan kembang.

Apa Uripé Njenengan Mémang Wis Ditakdirké?

Akèh sing percaya nèk uripé wis ditakdirké utawa ana sing ngatur. Makané wong-wong kuwi nglakoni kebiasaan-kebiasaan sing dipercaya isa nggawé uripé dadi luwih pénak.

SING DIPERCAYA WONG-WONG

ASTROLOGI: Ana sing mikir nèk péngin ngerti uripé mengko kaya apa kuwi isa didelok saka posisi bintang pas wong kuwi lair. Wong-wong kuwi ndelok ramalan bintang bèn isa ngerti apa sing apik lan sing èlèk kanggo dhèwèké.

FENG SHUI: Ana manèh sing percaya nèk péngin uripé suksès, ya kabèh-kabèh kudu seimbang karo kekuwatan alam. Lo Wing,a sing manggon ing Hong Kong, crita, ”Aku dikandhani karo pakar feng shui supaya ndèlèhké batu permata ing suatu tempat ing tokoku bèn tokoku laris.”

SEMBAHYANG LELUHUR: Sing liyané manèh percaya nèk kudu menghormati leluhuré utawa nyembah déwa-déwa bèn isa diberkahi lan ora cilaka. Van, sing manggon ing Vietnam, kandha, ”Aku percaya nèk aku nyembayangi leluhurku, uripku karo anak-anakku saiki isa pénak nganti sukmbèn.”

RÉINKARNASI: Akèh sing percaya nèk kabèh wong kuwi lair, mati, terus dilairké manèh. Prosèsé ngono terus ora mandheg-mandheg. Dadi, apik orané uripé saiki kuwi hasil saka perbuatané ing uripé sakdurungé.

Meskipun ana sing nganggep nèk ngono-ngono kuwi ora masuk akal, tapi ya akèh sing seneng nyoba-nyoba ramalan garis tangan, ramalan bintang, papan Ouija®, kartu tarot, kitab primbon, lan liya-liyané. Dipikiré sapa ngerti kuwi bener.

PIYÉ KENYATAANÉ?

Apa wong sing percaya karo ngono-ngono kuwi akhiré uripé isa bener-bener pénak?

Gatèkna pengalamané Hào, sing manggon ing Vietnam. Dhèwèké percaya karo astrologi, feng shui, lan ya nyembayangi leluhuré. Tapi dhèwèké ngomong, ”Usahaku bangkrut, utangku akèh, keluargaku berantakan, terus aku dhéwé strès.”

Qiuming, saka Taiwan, mauné ya percaya karo astrologi, réinkarnasi, takdir, feng shui, lan nyembayangi leluhuré. Tapi akhiré dhèwèké ngomong, ”Bar tak pikir-pikir, jebulé kepercayaan-kepercayaan lan kebiasaan kuwi malah marahi bingung. Misalé, ramalan bintang biasané ora bener. Nèk soal réinkarnasi, piyé carané isa ngerti saiki aku kudu piyé, lha wong uripku sing sakdurungé kaya apa waé aku ora ngerti.”

”Bar tak pikir-pikir, jebulé kepercayaan-kepercayaan lan kebiasaan kuwi malah marahi bingung.”​—QIUMING, TAIWAN

Kaya Hào lan Qiuming, akèh sing akhiré dadi ngerti nèk uripé pénak apa ora kuwi ora bergantung karo takdir, ramalan bintang, leluhur, utawa réinkarnasi. Lha terus, bergantung karo apa?

NGGAWÉ PILIHAN SING APIK

Mémang, kadhang ana kejadian sing ora disangka-sangka. Tapi nèk awaké dhéwé nggawé pilihan sing apik, hasilé ya isa apik. Misalé, pas ana wabah penyakit menular kaya COVID-19, nèk awaké dhéwé nganggo masker lan kerep-kerep cuci tangan, hasilé ya dadi ora gampang ketularan.

Dadi nèk pénginé sing apik-apik, sing dipilih ya kudu sing apik-apik. Kira-kira 2.000 taun kepungkur, ana sing nulis peribahasa kaya ngéné, ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.”b

Akèh sing mikir nèk péngin uripé pénak kudu sekolah dhuwur utawa sugih. Tapi apa kuwi mémang bener?

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki lan artikel-artikel berikuté sing dudu jeneng asliné.

b Kata-kata kuwi ditulis ing Kitab Suci, ing Galatia 6:7. Kuwi maknané mèh padha karo pepatah Tiongkok: Nèk nandur mélon, thukulé mengko ya mélon; nèk nandur kacang, thukulé mengko ya kacang.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim