PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 Februari hlm. 25
  • Hasil sing Apik Merga Senyuman

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hasil sing Apik Merga Senyuman
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Paédahé Nginjil Nganggo Rak Buku sing Ana Rodané
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan—Njaga Bèn Tetep Rukun
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Terus Nginjil Selama Pandemi
    Pengalaman
  • Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?
    Pitakonané Cah Enom
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 Februari hlm. 25

Hasil sing Apik Merga Senyuman

Pas ana wong wédok loro léwat, Helen sing lagi jaga gerai senyum.

ANA wong wédok loro sing lagi mlaku ing dhaérah bisnis ing kutha Baguio, Filipina. Pas wong loro kuwi ngliwati gerai, Helen, sedulur wédok sing lagi jaga gerai, senyum karo wong loro kuwi. Wong loro kuwi kagum karo sikapé Hélen sing ramah.

Terus, pas numpak bis, wong loro kuwi ndelok ana tulisan jw.org sing ana ing Balé Ibadah. Wong loro kuwi kèlingan nèk mau ya ndelok tulisan jw.org pas ngliwati gerai. Mula, wong loro kuwi mudhun saka bis lan ndelok jadwal pakumpulan ibadah sing ana ing ngarepé Balé Ibadah kuwi.

Wong wédok loro kuwi senyum pas ketemu karo Helen ing balé Ibadah.

Wong loro kuwi akhiré teka ing pakumpulan ibadah. Pas mlebu ing Balé Ibadah, wong loro kuwi ndelok Helen. Wong loro kuwi langsung éling nèk Helen kuwi wong sing tau senyum karo wong loro kuwi. Helen kandha, ”Pas wong loro kuwi marani aku, aku rada wedi. Tak pikir aku tau salah karo wong loro kuwi.” Ning, wong loro kuwi njelaské nèk tau ndelok Helen pas Helen jaga gerai.

Wong loro kuwi seneng isa teka ing pakumpulan ibadah lan bergaul karo sedulur-sedulur. Wektu wong loro kuwi ndelok sedulur-sedulur ngresiki Balé Ibadah, wong loro kuwi péngin mbantu. Salah siji saka wong wédok loro kuwi ora manggon manèh ing Filipina. Ning, sing sijiné akhiré mulai teka ing pakumpulan ibadah lan mulai sinau Alkitab. Kuwi kabèh merga senyuman.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim