Bangunan-bangunan sing megah ing kutha Niniwé
Apa Panjenengan Ngerti?
Apa ramalan soal kutha Niniwé pancèn kelakon tenan?
SEKITAR taun 670 SM, Asiria kuwi pamréntahan paling kuwat sak donya. Ing situs wèbé British Museum disebutké nèk dhaérah kekuasaané Asiria kuwi ”saka Siprus nganti Iran lan selama beberapa taun, Mesir ya tau dikuwasani karo Asiria”. Ibukotané Asiria, yaiku Niniwé, kuwi kutha sing paling gedhé sak donya wektu kuwi. Ing kono ana taman sing indah, istana sing megah, lan perpustakaan sing gedhé. Kaya raja-raja Asiria liyané, Raja Asyurbanipal nyebut nèk dhèwèké kuwi ”raja sing paling agung”. Kuwi kétok saka ukiran-ukiran ing témbok istana ing Niniwé. Pas pamréntahané Raja Asyurbanipal, kétoké ora ana sing isa ngalahké Asiria lan Niniwé.
Mbiyèn, Asiria tau dadi pamréntahan sing paling kuwat wektu kuwi
Tapi pas Asiria lagi jaya-jayané, Nabi Zéfanya ngramalké, ”[Yéhuwah] bakal . . . nyingkirké Asiria. Dhèwèké bakal nggawé Niniwé telantar lan gersang kaya gurun.” Terus, Nabi Nahum ya ngramalké, ”Jarahen pérak, jarahen emas. . . . Kutha kuwi kosong, telantar, lan hancur. . . . Saben wong sing ndelok kowé bakal mlayu ninggalké kowé lan kandha, ’Niniwé wis dihancurké.’” (Zéf. 2:13; Na. 2:9, 10; 3:7) Wektu krungu ramalan kuwi, wong-wong mungkin mikir, ’Asiria kan pamréntahan sing paling kuwat. Mosok isa dihancurké?’ Kayané ramalan-ramalan kuwi ora mungkin kelakon.
Kutha Niniwé sing hancur lan telantar
Ning kenyataané, ramalan kuwi kelakon tenan. Kira-kira taun 632 SM, Asiria dikalahké Babilon lan Média. Terus, kutha Niniwé dadi hancur lan telantar. Ana keterangan saka The Metropolitan Museum of Art sing nyebutké nèk kutha Niniwé bener-bener hancur lan wong-wong mung ngerti Niniwé saka Alkitab. The Biblical Archaeology Society ya kandha, ”Ora ana sing ngerti Asiria kuwi bener-bener ana apa ora.” Tapi pas taun 1845, ahli sejarah sing jenengé Austen Henry Layard mulai nggali reruntuhan kutha Niniwé. Saka reruntuhan kuwi, kétok nèk mbiyèn Niniwé kuwi kutha sing makmur.
Ramalan soal Niniwé sing wis kelakon nggawé awaké dhéwé saya yakin nèk ramalané Alkitab soal pamréntahan sing ana saiki mesthi ya bakal kelakon.—Dan. 2:44; Why. 19:15, 19-21.