PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp22 No. 1 hlm. 4-5
  • Ngapa Kok Rasa Sengit Ana Terus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngapa Kok Rasa Sengit Ana Terus?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sengit Kuwi Apa?
  • APA SING MARAKKÉ WONG-WONG SENGIT?
  • NGAPA KOK SAIKI AKÈH SING SENGIT KARO LIYANÉ?
  • SING MARAKKÉ WONG NDUWÉ RASA SENGIT
  • Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Ora Ana sing Nduwé Rasa Sengit Manèh
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Kenapa Saiki Tambah Akèh sing Sengit karo Wong Liya?
    Topik Liyané
  • Pengantar
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
wp22 No. 1 hlm. 4-5

Ngapa Kok Rasa Sengit Ana Terus?

Bèn ngerti jawabané, ayo ngrembug apa artiné sengit, apa sing marakké wong sengit, lan ngapa kok akèh sing sengit karo liyané.

Sengit Kuwi Apa?

Sengit kuwi maksudé bener-bener ora seneng, anyel, jèngkèl, bahkan mungsuhi wong utawa kelompok tertentu. Biasané perasaan kuwi wis dipendhem suwé.

APA SING MARAKKÉ WONG-WONG SENGIT?

Alesané ana akèh. Ana sing sengit karo kelompok tertentu padahal sakjané wong-wong sing disengiti kuwi ora salah apa-apa. Wong-wong kuwi disengiti merga dianggep jahat, seneng nggawé wong cilaka, wataké ora mungkin isa berubah, terus ya dianggep rendah, seneng nggawé masalah, lan isa dadi ancaman. Wong ya isa sengit karo liyané merga dhèwèké dhéwé wis tau dijahati utawa disengiti. Nah, perasaan kuwi dipendhem, terus suwé-suwé dhèwèké ya dadi gampang sengit karo wong liya.

NGAPA KOK SAIKI AKÈH SING SENGIT KARO LIYANÉ?

Wong isa sengit bahkan karo wong sing durung tau ditemoni. Biasané, wong gampang terpengaruh karo pandhangané keluarga utawa kanca-kancané. Dadi nèk ana siji sing ora seneng karo kelompok tertentu, sing liyané isa mèlu-mèlu ora seneng karo kelompok kuwi.

Rasa sengit gampang banget nyebar. Makané saiki ana akèh sing nduwé rasa sengit. Piyé bèn ora terus nduwé rasa sengit? Awaké dhéwé kudu ngerti sik, apa ta sakjané sing marakké wong nduwé rasa sengit? Jawabané ana ing Alkitab.

SING MARAKKÉ WONG NDUWÉ RASA SENGIT

Panah loro mubeng sing nggambarké apa waé sing marakké rasa sengit ana terus. 1. Informasi sing ora bener saka kelompoké, média sosial, utawa berita. 2. Ora ngerti soal budaya liya, suku liya, utawa agama liya. 3. Wedi nèk wong liya ngowahi adaté, nèk dikuwasani wong liya, utawa karo sing bakal kelakon. 4. Merga sengit wong dadi berprasangka, pilih kasih, utawa kejem.

SÉTAN. Manungsa ora diciptakké nduwé rasa sengit. Sing pertama kali nduwé rasa sengit kuwi Sétan si Iblis. Dhèwèké kuwi malaékat sing mbrontak nglawan Gusti Allah. Menurut Alkitab, dhèwèké kuwi jahat, seneng nesu, lan kejem. (Ayub 2:7; Wahyu 12:9, 12, 17) Iblis kuwi ”tukang matèni kèt dhèwèké mulai mbrontak”. Dhèwèké kuwi ”tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”. Makané nganti saiki, dhèwèké seneng mempengaruhi wong-wong bèn kejem lan sengit karo liyané.​—Yohanes 8:44; 1 Yohanes 3:11, 12.

ORA SAMPURNA. Adam, manungsa sing pertama, dadi dosa merga manut Sétan. Akibaté, kabèh wong ya dadi dosa lan ora sampurna. (Roma 5:12) Misalé Kain, anaké Adam sing nomer siji, matèni adhiné merga sengit. (1 Yohanes 3:12) Mémang ana akèh wong sing apikan lan sayang karo liyané. Tapi merga ora sampurna, akèh-akèhé padha égois, seneng iri, lan sombong. Sipat-sipat kuwi sing marakké wong dadi gampang sengit.​—2 Timotius 3:1-5.

AKÈH SING ORA NGAJÈNI WONG LIYA. Akèh wong saiki kejem lan ora nduwé rasa mesakké. Akèh sing ora ngajèni, senengané mbédak-mbédakké, ngrèmèhké, mbully, lan ngrusak barangé wong liya. Wong-wong kaya ngono merga ”donya iki dikuwasani Sétan”. (1 Yohanes 5:19) Makané, saiki saya akèh sing sengit karo liyané.

Ing Alkitab, ora mung ana keterangan soal apa sing marakké wong dadi sengit, tapi ya ana keterangan soal sapa sing isa ngatasi masalah kuwi lan piyé carané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim