PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp22 No. 1 hlm. 8-9
  • 2 | Aja Balas Dendam

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2 | Aja Balas Dendam
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Naséhat ing Alkitab:
  • Maksudé
  • Ngetrapkéné Piyé?
  • Menurut Alkitab, Apa Éntuk Balas Dendam?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Aku Kejem lan Kasar
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Piyé Bèn Ora Terus Nduwé Rasa Sengit?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
wp22 No. 1 hlm. 8-9
Wong lanang loro sing lagi nesu nggraji cabang wit sing dilungguhi.

PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?

2 | Aja Balas Dendam

Naséhat ing Alkitab:

’Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé. Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo kabèh wong. Aja balas dendam. Merga ana ayat sing kandha, ”Yéhuwah ngomong, ’Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Aku sing bakal mbales kejahatané wong-wong kuwi.’”’—ROMA 12:17-19.

Maksudé

Mémang nèk dijahati isa marahi lara ati. Tapi, Gusti Allah ngomong nèk awaké dhéwé ora éntuk balas dendam. Gusti Allah janji nèk sedhéla manèh wong jahat ora bakal ana manèh. Dadi kudu sabar ngentèni janjiné Gusti Allah kuwi kelakon.​—Mazmur 37:7, 10.

Ngetrapkéné Piyé?

Nèk balas dendam, wong bakal terus nduwé rasa sengit. Makané nèk ana sing nglarani, ora usah dibales. Njenengan isa berupaya tetep tenang lan rukun manèh. Malah kadhang-kadhang, masalahé mendhing dilalèkké waé. (Wulang Bebasan 19:11) Tapi nèk misalé dadi korban kejahatan, awaké dhéwé isa nglaporké kuwi ing polisi.

Nèk balas dendam, sing rugi malah awaké dhéwé

Lha nèk wis berusaha ngejak damai lan péngin ngrampungké masalahé tapi masalahé kuwi ora rampung, terus piyé? Aja balas dendam. Soalé, kuwi malah mung marahi situasiné tambah ora pénak. Awaké dhéwé kudu percaya nèk Gusti Allah isa mbantu ngrampungi masalah kuwi. Ing Alkitab disebutké, ”Kudu ngendelké Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal tumindak kanggo kepentinganmu.” (Mazmur 37:3-5) Kuwi kabèh isa marakké awaké dhéwé ora terus nduwé rasa sengit.

Pengalaman​—ADRIÁN

Ora Seneng Balas Dendam Manèh

Adrián.

Pas remaja, Adrián seneng gelut. Nèk ana sing golèk gara-gara karo dhèwèké, mesthi langsung dibales. Adrián crita, ”Mbiyèn aku kerep témbak-témbakan. Bahkan nganti sak awak getihen kabèh lan aku dijarké nggléthak ing dalan.”

Pas umur 16, Adrián sinau Alkitab. Dhèwèké crita, ”Pas sinau Alkitab, aku dadi ngerti nèk sipatku kudu dadi luwih apik.” Adrián kudu berusaha bèn ora nduwé rasa sengit lan ora kejem manèh. Dhèwèké seneng ayat ing Roma 12:17-19 sing nyebutké nèk ora éntuk balas dendam. Dhèwèké ngomong, ”Aku setuju nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mbales. Suwé-suwé aku dadi ora kasar manèh.”

Pas bengi-bengi, Adrián tau diserang karo gèng mungsuhé ndhèkmbèn. Kepala gèngé mbengok, ”Nèk wani mbales!” Adrián ngakoni nèk wektu kuwi sakjané dhèwèké péngin banget mbales. Tapi dhèwèké langsung ndonga lan lunga saka kono.

Adrián crita, ”Sésuké, aku ketemu manèh karo kepala gèng kuwi. Dhèwèké pas ora lagi karo bala-balané. Sakjané aku émosi banget lan péngin mbales. Tapi aku ndonga manèh karo Yéhuwah bèn isa sabar. Aku kagèt soalé ngerti-ngerti dhèwèké marani aku lan ngomong, ’Ngapura ya kejadian ndhèk bengi. Aku péngin kaya kowé. Aku péngin sinau Alkitab.’ Aku bersyukur, wektu kuwi isa sabar. Soalé gara-gara kuwi, akhiré ana sing gelem sinau Alkitab.”

Pengalamané Adrián ditulis ing Warta Penting No. 5 2016, halaman 14-15.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim