PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w23 Februari hlm. 14-19
  • ”Kowé Kudu Waspada lan Wicaksana”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Kowé Kudu Waspada lan Wicaksana”
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TETEP SEIMBANG
  • KUDU NGATI-ATI
  • NGGUNAKKÉ WEKTU KANGGO APA SING PENTING
  • Apa Sebabé Kudu Terus Waspada?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé Yésus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
w23 Februari hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 8

”Kowé Kudu Waspada lan Wicaksana”

”Kowé kudu waspada lan wicaksana.”​—1 PTR. 5:8.

LAGU 144 Terus Diharapké

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Yésus ngomong apa soal akhir jaman, lan ngandhani murid-muridé bèn piyé?

SAKDURUNGÉ Yésus mati, murid-muridé tau takon karo Yésus, ”Apa tandhané akhir jaman?” (Mat. 24:3) Murid-murid kuwi péngin ngerti kapan Yérusalèm lan baité dihancurké. Tapi Yésus ora mung njawab soal kuwi. Yésus ya ngandhani soal ”akhir jaman”, yaiku jaman saiki. Yésus ngomong, ”Soal dina utawa jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti. Anak ya ora ngerti. Sing ngerti mung Bapak.” Bar kuwi Yésus ngandhani kabèh muridé, ”Kowé kudu terus jaga-jaga lan tetep waspada.”​—Mrk. 13:32-37.

2. Ngapa kok wong Kristen ing Yudéa kudu tetep waspada?

2 Wong Kristen ing Yudéa kudu tetep waspada bèn isa slamet. Yésus ngandhani murid-muridé apa tandhané pas Yérusalèm arep dihancurké. Yésus ngomong, ”Wektu kowé ndelok ana akèh tentara sing ngepung Yérusalèm, kuwi berarti ora suwé manèh Yérusalèm bakal disingkirké.” Terus, murid-muridé kudu ”mlayu menyang pegunungan”. (Luk. 21:20, 21) Nèk manut, wong-wong kuwi isa slamet.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Saiki awaké dhéwé ana ing akhir jaman. Mulané awaké dhéwé ya kudu waspada lan wicaksana. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas: Apa maksudé tetep seimbang wektu ndelok keadaan saiki? Piyé carané bèn isa terus ngati-ati lan nggunakké wektu kanggo apa sing penting?

TETEP SEIMBANG

4. Ngapa kok awaké dhéwé seneng nggatèkké keadaan saiki?

4 Awaké dhéwé mesthi seneng nggatèkké keadaan saiki merga kuwi cocog karo ramalan ing Alkitab. Misalé, Yésus tau ngandhani apa waé sing bakal kelakon pas akhir jaman. (Mat. 24:3-14) Terus, Rasul Pétrus ya ngomong nèk nggatèkké kuwi imané awaké dhéwé isa tambah kuwat. (2 Ptr. 1:19-21) Ing buku Wahyu ya disebutké, ”Iki sing disingkapké Yésus Kristus. Yésus nampa iki saka Gusti Allah kanggo nduduhké marang budhak-budhaké Gusti Allah apa sing sedhéla manèh mesthi bakal kelakon.” (Why. 1:1) Dadi wajar nèk awaké dhéwé seneng nggatèkké keadaan saiki, terus ngomongké soal kuwi karo sedulur-sedulur.

Gambar: Suami istri sing tanggepané béda pas ndelok keadaan saiki. 1. Suami istri sing nonton berita. Pemimpin politik nggawé perjanjian damai. Suami istri kuwi ngomongké pendapaté karo sedulur wédok loro ing Balai Ibadah. 2. Suami istri sing sijiné nonton Laporan Pengurus Pusat. Terus, suami istri kuwi nginjil karo wong lanang sing mampir ing rak beroda.

Pas mbahas ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé aja nganti piyé, ning kudu piyé? (Deloken paragraf 5)b

5. Awaké dhéwé aja nganti piyé, ning kudu piyé? (Deloken gambar kanggo paragraf 5.)

5 Pas ngomongké ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé aja nggawé kesimpulan dhéwé, soalé kuwi isa nggawé jemaat ora bersatu. Misalé, mungkin ana pemimpin politik sing ngomong nèk arep nggawé donya dadi tentrem lan aman. Awaké dhéwé mungkin mikir nèk kuwi bukti 1 Tésalonika 5:3 kelakon. Tapi daripada nyimpulké ngono, luwih apik nèk awaké dhéwé nggatèkké keterangan sing paling anyar saka organisasiné Yéhuwah. Nèk sing diobrolké karo sedulur-sedulur sesuai karo keterangan saka organisasi, awaké dhéwé isa nggawé jemaat bersatu merga kabèh ”nduwé pikiran lan pendapat sing padha”.​—1 Kor. 1:10; 4:6.   

6. Menurut 2 Pétrus 3:11-13, awaké dhéwé kudu piyé?

6 Wacanen 2 Pétrus 3:11-13. Rasul Pétrus ngandhani apa tujuané awaké dhéwé sinau ramalan ing Alkitab. Kuwi bèn awaké dhéwé isa ”terus mikirké tekané dinané Yéhuwah”, dudu bèn isa ngerti soal ”dina lan jamé”. (Mat. 24:36; Luk. 12:40) Nèk terus mikirké tekané dinané Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngupaya ’dadi suci lan mbuktèkké nèk ngabdi marang Gusti Allah’. Maksudé awaké dhéwé bakal terus berusaha nyenengké Yéhuwah lan mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah. Bèn isa ngono awaké dhéwé kudu ngati-ati. Tapi ngati-ati soal apa?

KUDU NGATI-ATI

7. Apa maksudé Yésus awaké dhéwé kudu ngati-ati? (Lukas 21:34)

7 Ing Lukas 21:34, Yésus ngomong, ”Kowé kudu ngati-ati.” (Wacanen.) Maksudé awaké dhéwé ora mung nggatèkké keadaan saiki, tapi ya kudu memeriksa diri. Ana akèh sing isa nggawé awaké dhéwé ora cedhak karo Yéhuwah lan kuwi kudu dihindari. (WB. 22:3) Nèk ngupayakké kuwi, awaké dhéwé bakal terus dadi wong sing ditresnani Gusti Allah.​—Yud. 20, 21.

8. Rasul Paulus mènèhi naséhat apa kanggo wong Kristen?

8 Rasul Paulus ya ngandhani wong Kristen bèn nggatèkké perbuatané dhéwé-dhéwé. Dhèwèké ngomong, ”Kowé kudu terus nggatèkké tumindakmu. Kowé kudu tumindak kaya wong sing wicaksana, dudu kaya wong sing ora wicaksana.” (Éf. 5:15, 16) Ana akèh sing isa nggawé awaké dhéwé adoh saka Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé ”kudu terus ngupaya bèn paham karo karepé Yéhuwah”. (Éf. 5:17) Hasilé, ora soal apa masalahé, awaké dhéwé isa tetep setya.

9. Piyé carané ngerti karepé Yéhuwah?

9 Meskipun ana akèh sing isa nggawé awaké dhéwé adoh saka Yéhuwah, awaké dhéwé tetep isa nggawé keputusan sing apik. Mémang ing Alkitab kadhang ora langsung disebutké aturané. Tapi, awaké dhéwé isa berusaha ngerti ”karepé Yéhuwah”. Carané, kudu sinau Alkitab lan ngrenungké kuwi. Nèk ngerti karepé Yéhuwah lan nduwé ”pikirané Kristus”, awaké dhéwé isa dadi ”wong sing wicaksana”. (1 Kor. 2:14-16) Dadi meskipun ora ana aturané, awaké dhéwé tetep isa nggawé keputusan sing apik. Masalahé, kadhang awaké dhéwé ora ngerti nèk mulai adoh saka Yéhuwah.

10. Apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé mulai ngedoh saka Yéhuwah?

10 Awaké dhéwé isa mulai adoh saka Yéhuwah nèk seneng nggodha lawan jenis, mabuk-mabukan, nggragas, seneng misuh-misuh, nonton kekerasan lan sing saru-saru, lan liya-liyané. (Mzm. 101:3) Sétan terus berusaha bèn awaké dhéwé adoh saka Yéhuwah. (1 Ptr. 5:8) Nèk ora ngati-ati, Sétan isa mempengaruhi awaké dhéwé bèn iri, sombong, ora jujur, srakah, sengit lan dendam karo wong liya. (Gal. 5:19-21) Awalé mungkin kuwi ora pati kétok pengaruhé. Tapi nèk ora disingkirké, awaké dhéwé isa adoh saka Yéhuwah lan nggawé dosa.​—Yak. 1:14, 15.

11. Kok isa awaké dhéwé alon-alon mulai ngedoh saka Yéhuwah? Wènèhana conto.

11 Salah siji sing isa nggawé awaké dhéwé mulai ngedoh saka Yéhuwah kuwi nèk bergaul karo sing ora nyembah Yéhuwah. Gatèkna conto iki. Njenengan nduwé kanca kerja sing dudu Seksi Yéhuwah. Merga péngin kancané njenengan mikir sing apik soal Seksi Yéhuwah, njenengan apikan lan ramah karo dhèwèké. Kadhang njenengan ya mangan bareng karo dhèwèké. Tapi suwé-suwé dadi luwih kerep. Awalé pas kancané njenengan ngomongké sing saru-saru, njenengan ora nanggepi. Tapi suwé-suwé njenengan dadi terbiasa lan ora risi manèh. Nah, pas dijak ngombé-ngombé, njenengan gelem. Suwé-suwé pandhangané njenengan padha karo kancané njenengan. Apa mungkin kuwi ora ana pengaruhé kanggo njenengan? Ya mémang, awaké dhéwé péngin apikan lan ramah karo sapa waé. Tapi awaké dhéwé isa terpengaruh karo kanca bergaulé awaké dhéwé, embuh kuwi apik utawa èlèk. (1 Kor. 15:33) Nèk manut karo Yésus, awaké dhéwé bakal ngati-ati lan ora kerep bergaul karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. (2 Kor. 6:15) Awaké dhéwé ngerti nèk kuwi isa nggawé awaké dhéwé adoh saka Yéhuwah.

NGGUNAKKÉ WEKTU KANGGO APA SING PENTING

12. Yésus mènèhi tugas apa kanggo murid-muridé?

12 Yésus ora péngin murid-muridé mung meneng waé karo ngentèni akhir jaman. Yésus mènèhi tugas murid-muridé kanggo martakké kabar apik ”ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi”. (Kis. 1:6-8) Nèk manut karo préntahé Yésus, kuwi berarti awaké dhéwé nggunakké wektu kanggo apa sing penting.   

13. Kenapa awaké dhéwé kudu nggunakké wektu kanggo apa sing penting? (Kolose 4:5)

13 Wacanen Kolose 4:5. ”Kedadéan sing ora disangka-sangka” isa dialami sapa waé. (Pkh. 9:11) Mula, awaké dhéwé kudu nggunakké wektu kanggo apa sing penting.

Gambar: 1. Pasangan suami istri sing nonton Laporan Pengurus Pusat. 2. Pas jaga gerai, pasangan suami istri kuwi omong-omongan karo wong lanang sing berminat.

Piyé carané nggunakké wektu kanggo apa sing penting? (Deloken paragraf 14-15)

14-15. Apa buktiné awaké dhéwé nggunakké wektu kanggo apa sing penting? (Ibrani 6:11, 12) (Deloken gambar kanggo paragraf 14-15.)

14 Nèk berusaha bèn tambah cedhak karo Yéhuwah, kuwi berarti awaké dhéwé nggunakké wektu kanggo apa sing penting. (Yoh. 14:21) Awaké dhéwé ’kudu kuwat, aja nyerah’, lan ”kudu terus sibuk nindakké akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”. (1 Kor. 15:58) Awaké dhéwé ora ngerti kapan awaké dhéwé mati utawa kapan dinané Yéhuwah teka. Mula sakdurungé kuwi, awaké dhéwé péngin mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah, bèn ora nyesel.​—Mat. 24:13; Rm. 14:8.

15 Awaké dhéwé wis ngrasakké nèk Yésus terus ndhukung awaké dhéwé bèn isa terus nginjil. Liwat organisasiné Yéhuwah, Yésus nglatih lan nyedhiakké kabèh sing dibutuhké bèn awaké dhéwé isa nginjil. (Mat. 28:18-20) Mula, awaké dhéwé kudu rajin nginjil lan mulang wong-wong bèn kenal karo Yéhuwah. Karo ngentèni dinané Yéhuwah teka, awaké dhéwé ya kudu tetep waspada. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngetrapké naséhat ing Ibrani 6:11, 12. (Wacanen.) Hasilé, awaké dhéwé bakal isa setya ”nganti akhir”.

16. Apa tékadé awaké dhéwé?

16 Yéhuwah wis nentokké kapan dina lan jamé donyané Sétan bakal disingkirké. Pas dina kuwi teka, Yéhuwah bakal nepati kabèh ramalané sing ana ing Alkitab. Meskipun rasané ora teka-teka, tapi dinané Yéhuwah wis pasti ”ora bakal telat”. (Hab. 2:3) Mula ayo ’terus jaga-jaga lan nunggu Yéhuwah, sabar ngentèni Gusti Allah sing nylametké’ awaké dhéwé.​—Mi. 7:7.

APA JAWABANÉ?

  • Apa maksudé seimbang wektu ndelok keadaan saiki?

  • Piyé carané ngati-ati, kaya naséhaté Yésus?

  • Piyé carané nggunakké wektu kanggo apa sing penting?

LAGU 139 Bayangna Donya Anyar

a Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas apa maksudé kudu waspada lan seimbang wektu ndelok keadaan saiki. Terus ya bakal dibahas piyé carané ngati-ati lan nggunakké wektu kanggo apa sing penting.

b GAMBAR: (Ndhuwur) Pasangan suami istri sing lagi ndelok berita. Wong loro kuwi nyimpulké dhéwé apa artiné berita kuwi, terus nyebarké kuwi karo sedulur-sedulur. (Ngisor) Pasangan suami istri sing ndelok Laporan Pengurus Pusat bèn isa éntuk keterangan sing paling anyar soal ramalan ing Alkitab. Wong loro kuwi nawakké bacaan sing dhasaré Alkitab sing disedhiakké karo budhak sing setya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim