PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp24 No. 1 hlm. 6-9
  • Tuntunan ing Alkitab Isa Dipercaya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tuntunan ing Alkitab Isa Dipercaya
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • AWAKÉ DHÉWÉ BUTUH TUNTUNANÉ GUSTI ALLAH
  • TUNTUNAN SAKA GUSTI ALLAH ING ALKITAB
  • Apa Pathokan ing Alkitab Isih Cocog kanggo Jaman Saiki?
    Topik Liyané
  • Saran-Saran kanggo Keluarga
    Gatèkna!—2018
  • Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Njenengan Arep Ngikuti Tuntunané Sapa?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2024
wp24 No. 1 hlm. 6-9

Tuntunan ing Alkitab Isa Dipercaya

Nèk nggawé keputusan mung berdasarkan pandhangané dhéwé utawa wong liya, ora bakal ngerti hasilé mengko piyé. Ing Alkitab dijelaské ngapa kok awaké dhéwé butuh tuntunan. Saka Alkitab awaké dhéwé ya dadi ngerti soal apa sing bener lan sing salah. Nèk wis ngerti kuwi, mesthi isa nggawé keputusan sing apik lan sing hasilé marakké bahagia.

AWAKÉ DHÉWÉ BUTUH TUNTUNANÉ GUSTI ALLAH

Ing Alkitab ana keterangan nèk Gusti Allah Yéhuwaha pénginé manungsa njaluk tuntunané wektu arep nggawé keputusan, ora mutuské sak karepé dhéwé. (Yérémia 10:23) Mulané Yéhuwah ngèki tuntunan ing Alkitab. Dhèwèké sayang karo manungsa lan ora péngin awaké dhéwé nggawé keputusan sing salah lan ngrasakké akibaté. (Pangandharing Torèt 5:29; 1 Yohanes 4:8) Yéhuwah kuwi kan sing nyiptakké awaké dhéwé. Dadi Dhèwèké luwih ngerti soal sing bener lan sing salah. (Mazmur 100:3; 104:24) Tapi Dhèwèké ora tau meksa awaké dhéwé manut tuntunané.

Wektu nyiptakké manungsa pertama, Adam lan Hawa, Yéhuwah nyedhiakké sing meréka butuhké bèn bahagia. (Purwaning Dumadi 1:​28, 29; 2:​8, 15) Yéhuwah ya ngèki tuntunan sing sederhana lan péngin meréka manut. Tapi Yéhuwah ora meksa. Meréka isa milih arep manut apa ora. (Purwaning Dumadi 2:​9, 16, 17) Sayangé, Adam karo Hawa milih mutuské sak karepé dhéwé lan ora manut tuntunané Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 3:6) Hasilé piyé? Apa nèk mutuské dhéwé soal sing bener lan sing salah hasilé apik? Ora. Kenyataané nèk ora manut tuntunané Gusti Allah, ora bakal bahagia.—Pengkhotbah 8:9.

Ing Alkitab ana tuntunan kanggo kabèh wong bèn ngerti sing bener lan sing salah lan akhiré isa nggawé keputusan sing apik. (2 Timotius 3:​16, 17; deloken kothak ”Buku kanggo Kabèh Wong”.) Nah tuntunané kaya apa?

Golèka keterangan luwih akèh soal ngapa kok Alkitab disebut ”omongané Gusti Allah”.—1 Tésalonika 2:13. Deloken vidéo Sapa sing Ngarang Alkitab? ing jw.org/jv.

BUKU KANGGO KABÈH WONG

Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé kabèh. Kuwi berarti tuntunané ya kanggo kabèh wong. Gatèkna keterangan iki:

  • Ora ana buku liyané sing terjemahané akèhé kaya Alkitab. Alkitab utuh utawa sebagian wis diterjemahké ing akèh banget basa. Jumlah basané kira-kira 3.500+

  • Alkitab kuwi buku sing paling akèh dicétak ing sak donya. Jumlah Alkitab sing wis dicétak kira-kira 5.000.000.000+

Alkitab ora mung kanggo wong saka suku, bangsa, utawa budaya tertentu thok. Alkitab kuwi buku kanggo kabèh wong.

Njenengan isa maca Alkitab online ing jw.org/jv (ana ing luwih saka 250 basa)

NGAPA KOK ANA SING ORA PERCAYA ALKITAB?

Ana sing ngomong nèk Alkitab kuwi dudu tuntunan sing apik kanggo nentokké apa sing bener lan sing salah.

Ana sing ngomong: ”Isiné Alkitab saling bertentangan.”

Faktané: Beberapa ayat sing kétoké bertentangan sakjané isa dipahami nèk mikirké kontèksé, sejarah lan kebudayaané wektu kuwi, sudut pandang penulisé, lan liyané.

Keterangan soal conto-conto ayaté ana ing artikel ”Apa Isiné Alkitab Saling Bertentangan?” ing jw.org/jv.

Ana sing ngomong: ”Wong-wong sing ngakuné manut Alkitab kelakuané malah ora nggenah. Dadi Alkitab kuwi dudu tuntunan sing apik.”

Faktané: Wong-wong kelakuané ora nggenah kuwi sakjané merga meréka ora manut ajaran ing Alkitab, dudu merga isiné Alkitab salah. Ing Alkitab ya wis diramalké nèk akèh wong, termasuk pemimpin agama, sing ngakuné manut Alkitab kelakuané ora cocog karo isiné Alkitab. Akibaté ajaran ing Alkitab ”dièlèk-èlèk”.—2 Pétrus 2:​1, 2.

Keterangan nèk akèh pemimpin agama kelakuané ora sesuai ajaran ing Alkitab ana ing artikel ”Apa Gusti Allah Seneng Nèk Wong Ngibadah Tapi Tujuané Bèn Isa Éntuk Untung?” ing jw.org/jv.

Ana sing ngomong: ”Wong-wong sing ngakuné manut Alkitab seneng mbédak-mbédakké lan ngrendhahké wong liya.”

Faktané: Menurut ajaran ing Alkitab, awaké dhéwé kudu ngajèni liyané. Ing Alkitab ya disebutké nèk sikap kaya ngéné iki salah:

  • Rumangsa luwih unggul timbang liyané.—Filipi 2:3.

  • Ngrèmèhké wong sing pandhangan lan keyakinané béda.—1 Pétrus 2:17.

  • Meksa wong liya bèn nduwé pandhangan sing padha karo awaké dhéwé.—Matius 10:14.

Ing Alkitab dijelaské nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong lan Dhèwèké apikan karo kabèh wong. Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono.—Roma 9:14.

Keterangan luwih akèh ana ing artikel ”Meskipun Ana Perbédaan, Kenapa Kudu Tetep Ngajèni Wong Liya?” ing jw.org/jv.

TUNTUNAN SAKA GUSTI ALLAH ING ALKITAB

Ing Alkitab ana keterangan soal piyé Yéhuwah wektu urusan karo manungsa. Saka kono awaké dhéwé dadi ngerti apa sing bener lan sing salah menurut Yéhuwah, lan endi sing ana manfaaté utawa akibaté. (Mazmur 19:​7, 11) Keterangan ing Alkitab bermanfaat nganti saiki. Nèk mempelajari kuwi, awaké dhéwé isa ngerti sing bener lan sing salah lan isa nggawé keputusan sing apik.

Salah siji tuntunan ing Alkitab ana ing Wulang Bebasan 13:20 sing isiné, ”Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana, ning wong sing dadi kancané wong bodho bakal cilaka.” Kata-kata kuwi isih cocog kanggo jaman saiki. Isih ana akèh tuntunan liyané ing Alkitab.—Deloken kothak ”Tuntunan ing Alkitab Isih Cocog Nganti Saiki”.

Tapi mungkin njenengan isih ragu apa nèk manut tuntunané Alkitab hasilé mesthi apik. Ing artikel berikuté bakal dibahas pengalamané wong-wong sing nduduhké nèk tuntunané Alkitab isa dipercaya.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.

TUNTUNAN ING ALKITAB ISIH COCOG NGANTI SAIKI

Meskipun Alkitab wis rampung ditulis kira-kira 2.000 taun mbiyèn, isiné isih cocog nganti saiki. Kèt mbiyèn nganti saiki, manungsa pénginé urip pénak lan bahagia. (Pengkhotbah 1:9) Kuwi isa tercapai nèk manut tuntunan ing Alkitab.

Jujur

  • ”Aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”—Ibrani 13:18.

  • ”Wong sing seneng nyolong aja nyolong manèh. Dhèwèké kudu nyambut gawé sing tenanan.”—Éfésus 4:28.

Urusan karo Wong Liya

  • ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”—1 Korintus 10:24.

  • ”Kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané.”—Kolose 3:13.

Nggawé Keputusan

  • ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”—Wulang Bebasan 14:15.

  • ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.”—Wulang Bebasan 22:3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim