BAHAN PELAJARAN PRIBADI LAN KELUARGA
Rajin Pelajaran Pribadi Bèn Tetep Waspada
Wacanen Danièl 9:1-19 bèn ngerti ngapa kok kudu pelajaran pribadi.
Pelajari tenanan ceritané. Sakdurungé kuwi ana peristiwa apa waé, lan kuwi marakké Danièl dadi piyé? (Dan. 5:29–6:5) Nèk njenengan sing dadi Danièl, piyé perasaané njenengan?
Pelajari luwih akèh. Wektu kuwi, kitab apa waé sing dipelajari Danièl? (Dan. 9:2, cathetan ngisor; w11-IN 1/1 22 ¶2) Ngapa kok Danièl ora mung ngakoni dosané dhéwé tapi ya dosané bangsa Israèl? (Km. 26:39-42; 1 Raj. 8:46-50; dp-IN 182-184) Piyé dongané Danièl mbuktèkké nèk dhèwèké rajin mempelajari omongané Gusti Allah?—Dan. 9:11-13.
Golèkana pelajarané. Pikirna:
’Ora soal piyé keadaan ing donya, piyé bèn aku isa terus fokus nglayani Yéhuwah?’ (Mi. 7:7)
’Apa manfaaté nèk aku rajin pelajaran pribadi kaya Danièl?’ (w04-IN 1/8 12 ¶17)
’Topik apa waé sing isa tak pelajari bèn aku isa ”terus jaga-jaga”?’ (Mat. 24:42, 44; w12-IN 15/8 5 ¶7-8)