ARTIKEL PELAJARAN 10
LAGU 31 Manut karo Huwah Gusti
Piyé Bèn Pandhangané Awaké Dhéwé Padha Kaya Yéhuwah lan Yésus?
”Kristus wis ngalami sengsara dadi manungsa, mula kowé ya kudu nyiapké awakmu bèn isa nduwé pikiran kaya Kristus.”—1 PTR. 4:1.
INTI
Kaya Pétrus, awaké dhéwé isa ngerti pandhangané Yéhuwah nèk ngerti piyé pandhangané Yésus.
1-2. Apa waé sing termasuk nresnani Yéhuwah, lan piyé Yésus ngekèki conto soal kuwi?
YÉSUS ngomong nèk préntah sing paling penting ing Hukum Musa kuwi, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, nggunakké kabèh pikiranmu, lan nggunakké kabèh kekuwatanmu.” (Mrk. 12:30) Kuwi berarti kudu nresnani Yéhuwah nggunakké kabèh sing diduwèni. Kuwi termasuk kepénginan, perasaan, lan kekuwatané awaké dhéwé. Tapi ing ayat kuwi ya disebutké nèk awaké dhéwé kudu nresnani Yéhuwah nggunakké kabèh pikiran. Salah siji carané, kudu nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah. Mémang, awaké dhéwé ora isa ngerti kabèh sing dipikirké Yéhuwah. Nah, bèn isa ngerti pandhangané Yéhuwah, awaké dhéwé isa belajar pandhangané Yésus. Soalé, pandhangané Yésus kuwi padha persis kaya pandhangané Yéhuwah.—1 Kor. 2:16.
2 Yésus ’nresnani Yéhuwah nggunakké kabèh pikirané’. Yésus paham karepé Bapaké kanggo dhèwèké, lan kuwi sing dilakukan Yésus meskipun kudu menderita. Selama uripé, Yésus selalu ngutamakké karepé Bapaké.
3. Merga bergaul karo Yésus, Rasul Pétrus dadi ngerti apa soal Yésus, lan Pétrus nyemangati wong-wong Kristen bèn ngapa? (1 Pétrus 4:1)
3 Mbiyèn, Pétrus lan para rasul nduwé kesempatan bergaul langsung karo Yésus. Makané, meréka isa ngamati perbuatan lan omongané Yésus sing marakké meréka dadi ngerti pandhangané Yésus. Wektu nulis suraté sing pertama, Pétrus nyemangati wong-wong Kristen bèn nduwé pikiran kaya Kristus. (Wacanen 1 Pétrus 4:1.) Ing basa asliné, istilah ’nyiapké awak’ sing disebutké ing 1 Pétrus 4:1 kuwi sakjané nggambarké prajurit sing nyiapké senjatané merga arep perang. Dadi, nèk nduwé pikiran utawa pandhangan kaya Yésus, awaké dhéwé dadi luwih siap, seolah-olah nduwé senjata kanggo nglawan kepénginan sing salah.—2 Kor. 10:3-5; Éf. 6:12.
4. Bèn isa ngetrapké naséhaté Pétrus ing 1 Pétrus 4:1, apa sing bakal dipelajari ing artikel iki?
4 Pandhangané Yésus kuwi kaya apa, lan piyé carané niru? Ing artikel iki ayo mbahas: (1) pentingé memahami karepé Yéhuwah bèn mengko isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah lan isa sepikiran karo sedulur-sedulur liyané, (2) pentingé rendah hati, lan (3) pentingé nduwé pertimbangan sing apik lan ndonga ngendelké Yéhuwah.
MEMAHAMI KAREPÉ YÉHUWAH
5. Peristiwa apa sing nduduhké nèk pandhangané Pétrus ora padha kaya Yéhuwah?
5 Ana siji peristiwa sing nduduhké nèk pandhangané Pétrus ora padha kaya Yéhuwah. Wektu kuwi, Yésus wis ngandhani para rasulé nèk dhèwèké bakal lunga ing Yérusalèm. Ing kana dhèwèké bakal ditangkep para pemimpin agama, disiksa, terus dipatèni. (Mat. 16:21) Pétrus ngerti nèk Yésus kuwi Mésias sing dijanjèkké, sing bakal nylametké umaté Gusti Allah. Dadi, Pétrus ngrasa nèk Yéhuwah ora bakal ngejarké Yésus dipatèni. (Mat. 16:16) Makané, Pétrus ngomong karo Yésus, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Ora mungkin njenengan ngalami kuwi”. (Mat. 16:22) Dadi, merga Pétrus ora nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah, Pétrus ya ora nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus.
6. Apa sing nduduhké nèk pandhangané Yésus padha persis kaya Yéhuwah?
6 Pandhangané Yésus padha persis kaya Yéhuwah. Makané Yésus njawab Pétrus, ”Lungaa kana, Sétan! Kowé ngalang-alangi aku merga sing mbok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, ning pikirané manungsa.” (Mat. 16:23) Yésus ngerti nèk karepé Yéhuwah kuwi dhèwèké kudu menderita lan mati. Makané, Yésus ora gelem ngrungokké omongané Pétrus meskipun niaté Pétrus sakjané apik. Saka peristiwa kuwi Pétrus dadi belajar nèk kudu memahami karepé Yéhuwah, bèn isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono.
7. Piyé Pétrus mbuktèkké nèk dhèwèké berupaya bèn nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah? (Deloken gambar.)
7 Bar kuwi, Pétrus berupaya bèn isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah. Wektu kuwi, wong-wong sing dudu Yahudi lan ora disunat wis isa dadi umaté Yéhuwah. Nah, Pétrus dikon marani Kornélius, wong dudu Yahudi pertama sing dadi Kristen. Biasané, wong Yahudi ora gelem urusan karo wong-wong saka bangsa liya. Makané, Pétrus kudu gelem nggawé penyesuaian. Sakwisé memahami karepé Yéhuwah soal kuwi, Pétrus akhiré gelem nyesuaikké pandhangané. Hasilé, wektu dikon marani Kornélius, Pétrus ”ora ragu-ragu” lan langsung mangkat. (Kis. 10:28, 29) Dhèwèké nginjil ing Kornélius lan keluargané lan akhiré meréka sak keluarga dibaptis.—Kis. 10:21-23, 34, 35, 44-48.
Pétrus mlebu ing omahé Kornélius (Deloken paragraf 7)
8. Apa buktiné nèk pandhangané awaké dhéwé padha kaya Yéhuwah? (1 Pétrus 3:8)
8 Bertaun-taun bar kuwi, Pétrus ngandhani wong Kristen liyané bèn dadi sepikiran utawa ”nduwé pikiran sing padha”. (Wacanen 1 Pétrus 3:8.) Umaté Yéhuwah isa sepikiran nèk kabèh niru pandhangané Yéhuwah sing isa dipahami ing Alkitab. Misalé, Yésus ngongkon murid-muridé bèn ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Mat. 6:33) Merga ngrenungké soal kuwi, mungkin ana sedulur ing jemaaté njenengan sing mutuské kanggo merintis utawa dinas sepenuh waktu liyané. Timbang nyegah utawa omongané awaké dhéwé malah medèn-medèni dhèwèké, awaké dhéwé kuduné nyemangati lan nawakké bantuan.
TERUS RENDAH HATI
9-10. Apa buktiné nèk Yésus bener-bener rendah hati?
9 Pas bengi sakdurungé dipatèni, Yésus ngajari Pétrus lan para rasul liyané nèk meréka kudu rendah hati. Yésus wis ngongkon Pétrus lan Yohanes kanggo nyiapké perjamuan terakhiré Yésus bareng para rasulé. Kuwi termasuk kudu mastèkké nèk wis ana baskom lan andhuk dienggo ngwijiki sikilé para tamu. Tapi, mengko sapa sing bakal gelem melakukan tugas rendhahan kuwi?
10 Ternyata, Yésus sing gelem melakukan kuwi. Yésus langsung nyopot klambi njabané, nggubedké andhuk ing pinggangé, ngisi banyu ing baskom, terus mulai ngwijiki sikilé 12 rasulé. (Yoh. 13:4, 5) Para rasulé nganti padha nggumun soalé kuwi biasané tugasé para pelayan. Yésus nduduhké nèk bener-bener rendah hati soalé gelem ngwijiki sikilé para rasulé siji-siji lan kuwi mesthi butuh wektu suwé. Yésus bahkan gelem ngwijiki sikilé Yudas sing bakal mengkhianati dhèwèké. Bar kuwi, Yésus ngandhani para rasulé, ”Apa kowé ngerti ngapa kok aku nindakké kuwi marang kowé? Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé ya kudu padha-padha gelem ngwijiki sikilé wong liya.”—Yoh. 13:12-14.
Sifat rendah hati kuwi . . . ya termasuk carané memandang diri sendiri lan wong liya
11. Apa buktiné nèk Pétrus niru sifat rendah hatiné Yésus? (1 Pétrus 5:5) (Deloken gambar.)
11 Bar Yésus munggah swarga, ana peristiwa sing nduduhké nèk Pétrus niru sifat rendah hatiné Yésus. Wektu kuwi, ana wong lanang sing lumpuh kèt lair. Pétrus nggawé mukjijat marèkké wong lanang kuwi. (Kis. 1:8, 9; 3:2, 6-8) Ana akèh sing ndelok mukjijat kuwi lan padha kagum. (Kis. 3:11) Élinga, Pétrus ya digedhèkké ing antarané wong-wong sing seneng diunggul-unggulké. Isa waé hal-hal kuwi marakké Pétrus dadi péngin dipuji-puji. Tapi, Pétrus malah ngongkon wong-wong bèn muji Yéhuwah lan Yésus. Pétrus ngomong, ”Merga jenengé Yésus lan merga aku karo Yohanes nduwé iman marang jeneng kuwi, mula wong lumpuh sing mbok delok lan sing mbok kenal kuwi dadi mari.” (Kis. 3:12-16) Bar kuwi, Pétrus nulis surat kanggo wong Kristen nèk meréka ya kudu rendah hati. Ing basa asliné, Pétrus njelaské nèk nganggo kerendahan hati kuwi seolah-olah kaya nganggo sabuk. Iki mungkin ngélingké karo peristiwa pas Yésus nggubedké andhuk ing pinggangé wektu arep ngwijiki sikilé para rasul.—Wacanen 1 Pétrus 5:5.
Bar nggawé mukjijat, Pétrus ngomong nèk sing kuduné dipuji kuwi Yéhuwah lan Yésus. Nèk bar berbuat baik ora berharap dibales utawa dipuji kuwi bukti nèk rendah hati. (Deloken paragraf 11-12)
12. Piyé bèn isa kaya Pétrus sing terus berupaya rendah hati?
12 Awaké dhéwé ya isa niru contoné Pétrus sing berupaya rendah hati. Sifat rendah hati kuwi ora mung diduduhké liwat omongan. Istilah rendah hati sing disebutké Pétrus ya termasuk carané memandang diri sendiri lan wong liya. Wektu berbuat baik, apa awaké dhéwé melakukan kuwi mung merga péngin dipuji-puji utawa mémang merga sayang Yéhuwah lan wong liya? Nèk bener-bener rendah hati, awaké dhéwé bakal seneng nglayani Yéhuwah lan wong liya ora soal upayané awaké dhéwé digatèkké lan dihargai wong liya apa ora.—Mat. 6:1-4.
”NDUWÉ PERTIMBANGAN SING APIK”
13. Apa maksudé ”nduwé pertimbangan sing apik”?
13 Wong sing ”nduwé pertimbangan sing apik” kuwi sakdurungé nggawé keputusan mesthi mikirké sik pandhangané Yéhuwah. (1 Ptr. 4:7) Kanggoné wong kuwi, sing paling diutamakké ing uripé kuwi hubungané karo Yéhuwah. Dhèwèké ya ora bakal rumangsa sing paling kuwat, paling hébat, utawa paling pinter, soalé sadhar nèk ana hal-hal sing dhèwèké ora ngerti. Dhèwèké ngendelké Yéhuwah lan selalu ndonga njaluk petunjuk saka Yéhuwah.a
14. Critakna piyé Pétrus ora ngendelké Yéhuwah.
14 Pas bengi sakdurungé mati, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Bengi iki, kowé bakal kesandhung merga apa sing arep tak alami.” Pétrus rumangsa kuwat, terus njawab, ”Senajan kabèh kesandhung merga apa sing arep njenengan alami, aku ora bakal kesandhung.” Bengi kuwi, Yésus ya ngekèki naséhat kanggo beberapa muridé, ”Kowé kudu terus jaga-jaga lan terus ndonga.” (Mat. 26:31, 33, 41) Pétrus ora manut naséhat kuwi. Nèk manut, bengi kuwi dhèwèké mungkin bakal wani ngakoni nèk dhèwèké muridé Yésus. Tapi, Pétrus malah ngomong nèk ora kenal karo Yésus, lan akhiré menyesal banget.—Mat. 26:69-75.
15. Pas bengi sakdurungé mati, piyé Yésus nduduhké nèk dhèwèké nduwé pertimbangan sing apik?
15 Yésus bener-bener ngendelké Yéhuwah. Meskipun sempurna, Yésus bola-bali ndonga. Kuwi sing marakké dhèwèké kendel kanggo melakukan apa sing dadi karepé Yéhuwah. (Mat. 26:39, 42, 44; Yoh. 18:4, 5) Pétrus mesthi ora bakal nglalèkké piyé Yésus bola-bali ndonga pas bengi sakdurungé mati.
16. Apa buktiné nèk Pétrus akhiré ”nduwé pertimbangan sing apik”? (1 Pétrus 4:7)
16 Pétrus akhiré belajar bèn isa terus ndonga ngendelké Yéhuwah. Apa buktiné? Bar diuripké manèh, Yésus ngandhani Pétrus lan para rasul liyané nèk meréka bakal dikèki roh suci bèn isa terus nginjil. Tapi, Yésus ngongkon meréka ngentèni sik ing Yérusalèm. (Luk. 24:49; Kis. 1:4, 5) Nah selama ngentèni, Pétrus karo para sedulur liyané padha ”ndonga terus”. (Kis. 1:13, 14) Bar kuwi, ing suraté sing pertama, Pétrus nyemangati para sedulur bèn padha nduwé pertimbangan sing apik lan terus ndonga ngendelké Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 4:7.) Dadi, Pétrus saiki wis terbukti ngendelké Yéhuwah lan isa nguwatké para sedulur liyané.—Gal. 2:9.
17. Meskipun pinter utawa trampil, awaké dhéwé kudu terus ngapa? (Deloken gambar.)
17 Bèn isa nduwé pertimbangan sing apik, kudu kerep ndonga. Meskipun pinter utawa trampil, kudu tetep ngendelké Yéhuwah, terutama wektu kudu nggawé keputusan. Awaké dhéwé ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah merga percaya nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé.
Pétrus ndonga ngendelké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu ndonga bèn isa nduwé pertimbangan sing apik, terutama wektu kudu nggawé keputusan. (Deloken paragraf 17)b
18. Piyé bèn pandhangané awaké dhéwé saya suwé isa padha kaya Yéhuwah?
18 Bersyukur banget wektu diciptakké, manungsa dikèki kemampuan kanggo niru Yéhuwah. (PD. 1:26) Ya mémang ora isa persis plek kaya Yéhuwah. (Yés. 55:9) Tapi kaya Pétrus, pandhangané awaké dhéwé suwé-suwé ya isa dadi padha kaya Yéhuwah. Carané, kudu memahami karepé Yéhuwah, berupaya rendah hati, lan nduwé pertimbangan sing apik.
LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku
a Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh soal ”nduwé pertimbangan sing apik”, wacanen paragraf 7 saka artikel ”2 Timotius 1:7—’Awit kang Diparingaké déning Gusti Allah marang Kita Iku Dudu Rohing Kajirihan’” ing bagian ”Penjelasan Ayat Alkitab” ing jw.org utawa JW Library®.
b PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok ndonga ing njero ati pas ngentèni arep wawancara kerja.