PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Maret hlm. 20-25
  • Nggawé Keputusan sing Nduduhké Nèk Nduwé Iman

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggawé Keputusan sing Nduduhké Nèk Nduwé Iman
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • WEKTU MILIH GAWÉAN
  • WEKTU MILIH PASANGAN HIDUP
  • WEKTU ÉNTUK ARAHAN SAKA ORGANISASI
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Carané Ngatasi Perasaan Ragu-Ragu
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Marakké Yéhuwah Seneng
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Maret hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 12

LAGU 119 Aku Kudu Nduwé Iman

Nggawé Keputusan sing Nduduhké Nèk Nduwé Iman

”Awaké dhéwé urip menurut iman, dudu menurut apa sing kétok.”—2 KOR. 5:7.

INTI

Carané nduduhké nèk nduwé iman wektu kudu nggawé keputusan.

1. Apa sing marakké Rasul Paulus ngrasa puas?

PAS arep mati, Rasul Paulus ngomong, ”Aku wis mlayu nganti akhir, lan aku wis nduduhké iman”. (2 Tim. 4:​6-8) Paulus ngrasa puas merga wis nggawé keputusan kanggo nglayani Yéhuwah sakjegé uripé. Paulus yakin nèk wis nggawé Yéhuwah seneng. Nah, nèk awaké dhéwé ya péngin isa puas merga wis nggawé keputusan sing bener lan nggawé Yéhuwah seneng, apa sing kudu diupayakké?

2. Apa maksud omongané Paulus ing 2 Korintus 5:7?

2 Paulus ngomong nèk dhèwèké lan para sedulur liyané sing setya kuwi ”urip menurut iman, dudu menurut apa sing kétok”. (2 Kor. 5:7) Apa maksudé Paulus? Wong nèk ”urip menurut iman” kuwi berarti dhèwèké beriman karo tuntunané Yéhuwah lan dhèwèké bakal nggawé keputusan berdasarkan kuwi. Dhèwèké yakin nèk manut tuntunané Yéhuwah ing Alkitab kuwi ora mung bermanfaat, tapi ya bakal marakké dhèwèké diberkahi. (Mzm. 119:66; Ibr. 11:6) Tapi, nèk wong ’urip menurut apa sing kétok’, kuwi berarti dhèwèké nggawé keputusan mung berdasarkan pandhangané dhéwé, yaiku apa sing didelok, dirungokké, utawa dirasakké.

3. Apa waé manfaaté nèk nggawé keputusan merga beriman karo tuntunané Yéhuwah? (2 Korintus 4:18)

3 Mémang, kadhang ana beberapa keputusan sing kudu digawé berdasarkan apa sing didelok, dirungokké, utawa dirasakké. Tapi nèk saben nggawé keputusan mung berdasarkan kuwi thok, hasilé kadhang ora apik. Soalé, apa sing didelok utawa dirungokké kuwi kadhang ora isa dipercaya. Bahkan misalé isa dipercaya, nèk nggawé keputusan mung berdasarkan kuwi thok, awaké dhéwé isa dadi ora mikirké tuntunané Yéhuwah. (Pkh. 11:9; Mat. 24:​37-39) Tapi, nèk dhasaré merga beriman karo tuntunané Yéhuwah, mengko isa nggawé keputusan ”sing nggawé Gusti Allah seneng”. (Éf. 5:10) Ati ya dadi ayem lan bener-bener bahagia. (Mzm. 16:​8, 9; Yés. 48:​17, 18) Nèk terus beriman karo tuntunané Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal urip saklawasé.—Wacanen 2 Korintus 4:18.

4. Awaké dhéwé wis ”urip menurut iman” utawa isih ’urip menurut apa sing kétok’ kuwi ngertiné saka endi?

4 Lha terus, awaké dhéwé wis ”urip menurut iman” utawa isih ’urip menurut apa sing kétok’ kuwi ngertiné saka endi? Kuwi bakal kétok saka apa sing dadi dhasar wektu arep nggawé keputusan. Apa nggawé keputusan mung berdasarkan pandhangané dhéwé utawa berdasarkan tuntunané Yéhuwah? Ayo mbahas piyé bèn isa terus beriman karo tuntunané Yéhuwah wektu milih gawéan, milih pasangan hidup, lan wektu éntuk arahan saka organisasi. Ing saben situasi, ayo mbahas apa sing kudu dipikirké bèn isa nggawé keputusan sing apik.

WEKTU MILIH GAWÉAN

5. Sakdurungé milih gawéan, apa sing kuduné dipikirké sik?

5 Bèn isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluarga, wong mesthi butuh gawéan. (Pkh. 7:12; 1 Tim. 5:8) Ana beberapa gawéan sing ngasilké dhuwit akèh. Penghasilané ora mung isa kanggo nyukupi kebutuhan saben dina, tapi ya malah isa ditabung. Tapi, ana gawéan-gawéan sing hasilé ora pati akèh. Penghasilané mungkin mung cukup dienggo kebutuhan pokok. Dadi, wajar nèk sakdurungé mutuské arep nampa gawéan tertentu apa ora, wong bakal mikirké sik sepira akèhé penghasilané mengko. Tapi nèk mung kuwi thok sing dipikirké, berarti wong kuwi ’urip menurut apa sing kétok’.

6. Nèk ”urip menurut iman”, wong bakal piyé wektu mutuské arep nampa gawéan tertentu apa ora? (Ibrani 13:5)

6 Nah, nèk wong ”urip menurut iman”, dhèwèké ya bakal mikirké dampak gawéané kanggo hubungané karo Yéhuwah. Dhèwèké bakal mikirké, ’Apa gawéan iki marakké aku dadi nglakoni hal-hal sing ora disenengi Yéhuwah?’ (WB. 6:​16-19) ’Apa gawéan iki bakal marakké aku dadi ora isa rutin ngibadah, nginjil, utawa pelajaran pribadi lan dadi adoh saka keluargaku nganti suwé?’ (Flp. 1:10) Nèk jawabané iya, sing wicaksana kuwi ora nampa gawéan kuwi meskipun lagi angèl nggolèk gawéan. Wong sing ”urip menurut iman” bakal nggawé keputusan sing nduduhké nèk dhèwèké yakin tenan Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané.—Mat. 6:33; wacanen Ibrani 13:5.

7-8. Piyé Sedulur Jefri nduduhké nèk nduwé iman wektu kudu nggawé keputusan soal gawéan? (Deloken gambar.)

7 Gatèkna pengalamané Sedulur Jefria saka Amerika Selatan, sing nduduhké iman karo Yéhuwah wektu kudu nggawé keputusan soal gawéan. Jefri crita, ”Ing panggonan kerjaku, ana lowongan kanggo posisi jabatan sing luwih dhuwur. Aku nglamar posisi kuwi. Gajiné ping pindhoné gajiku saiki lan aku ya seneng gawéan kuwi.” Tapi Jefri ya péngin banget dadi perintis. Jefri crita manèh, ”Aku akhiré diceluk kanggo wawancara. Sakdurungé wawancara, aku ndonga. Aku yakin nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo aku. Mémang, aku péngin karirku maju. Tapi, nèk aku dadi ora isa nglayani Yéhuwah luwih akèh, ya posisi jabatan kuwi ora bakal tak tampa.”

8 Jefri crita, ”Pas diwawancara, manajeré ngandhani nèk mengko aku kudu kerep lembur. Aku njelaské nèk aku ora isa merga kudu ngibadah.” Dadi, Jefri mutuské kanggo nolak posisi kuwi. Rong minggu bar kuwi, dhèwèké mulai merintis. Terus beberapa bulan bar kuwi, dhèwèké éntuk gawéan paruh waktu. Jefri crita, ”Yéhuwah ngrungokké dongaku. Aku isa éntuk gawéan sing wektuné cocog kanggo merintis. Aku seneng banget isa nduwé luwih akèh wektu kanggo nglayani Yéhuwah lan para sedulur.”

Sedulur lanang sing isih nganggo seragam pabrik lan nggawa hèlm ditawani kenaikan jabatan karo bosé. Dhèwèké dijak mlebu ing ruangan kantor sing apik.

Wektu ditawani kenaikan jabatan, apa keputusané njenengan nduduhké nèk njenengan beriman karo Yéhuwah? (Deloken paragraf 7-8)


9. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Trésor?

9 Lha terus, piyé nèk gawéan sing saiki marakké dadi kangèlan kanggo ngutamakké Yéhuwah? Gatèkna pengalamané Sedulur Trésor saka Kongo. Dhèwèké crita, ”Gawéanku saiki kuwi gawéan sing wis suwé tak idham-idhamké. Gajiku ping teluné gawéanku mbiyèn. Ing kéné aku ya diajèni.” Tapi merga kudu kerep lembur, Trésor dadi ora isa rutin ngibadah. Dhèwèké ya dipeksa nutupi perbuatané kanca-kancané sing ora jujur. Trésor péngin metu saka gawéan kuwi, tapi kuwatir nèk ora nduwé gawéan. Terus, Trésor piyé? Trésor crita, ”Bar maca Habakuk 3:​17-19, aku dadi paham nèk meskipun aku ora nduwé penghasilan, embuh piyé carané Yéhuwah mesthi bakal ngopèni. Mulané, aku metu saka gawéan. Akèh-akèhé majikan mikir nèk wong gelem ngorbanké apa waé, termasuk keluarga lan ibadahé demi gawéan sing gajiné gedhé. Tapi, aku seneng merga aku ora kaya ngono. Aku pilih ngutamakké hubunganku karo Yéhuwah. Setaun bar kuwi, merga bantuané Yéhuwah, aku akhiré éntuk gawéan. Mémang penghasilané ora akèh, tapi kuwi wis cukup. Aku ya malah nduwé luwih akèh wektu kanggo nglayani Yéhuwah. Mémang, wektu ngutamakké Yéhuwah, isa waé awaké dhéwé ngalami kesulitan ékonomi. Tapi Yéhuwah mesthi bakal ngopèni.” Nèk percaya karo tuntunan lan janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing nduduhké nèk beriman lan Yéhuwah bakal mberkahi.

WEKTU MILIH PASANGAN HIDUP

10. Bèn ora ’urip menurut apa sing kétok’ wektu arep milih pasangan hidup, apa sing kudu diéling-éling?

10 Pernikahan kuwi anugrah saka Yéhuwah. Dadi, wajar nèk wong péngin nikah. Biasané wektu arep milih pasangan hidup, sedulur wédok bakal nggatèkké piyé sifat-sifat, penampilan, lan réputasiné sedulur lanang. Dhèwèké ya bakal nggatèkké piyé sedulur lanang kuwi ngatur keuangan, apa ana keluarga sing dadi tanggungan, lan apa sedulur wédok kuwi seneng tenan karo sedulur lanang kuwi.b Mémang hal-hal kuwi penting. Tapi nèk mung kuwi thok sing dipikirké, kuwi berarti ’urip menurut apa sing kétok’.

11. Apa buktiné nèk nduduhké iman wektu arep milih pasangan hidup? (1 Korintus 7:39)

11 Yéhuwah bangga karo para sedulur lanang lan wédok sing manut tuntunané wektu milih pasangan hidup. Kuwi bukti nèk meréka nduduhké imané. Misalé, meréka manut naséhat nèk kudu ”wis cukup umur” sik sakdurungé mulai pacaran. (1 Kor. 7:36) Meréka ya nggolèk calon pasangan hidup sing sifat-sifaté apik menurut Yéhuwah. (WB. 31:​10-13, 26-28; Éf. 5:33; 1 Tim. 5:8) Terus, nèk meréka disenengi wong sing dudu penyembahé Yéhuwah, meréka manut naséhat ing 1 Korintus 7:39 (Wacanen.) yaiku kudu nikah karo wong sing ”padha-padha muridé Gusti”. Meréka gelem manut merga yakin nèk sing paling ngerti perasaané meréka lan paling isa mbantu bèn meréka ora kesepian kuwi mung Yéhuwah.—Mzm. 55:22.

12. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Rosa?

12 Gatèkna pengalamané Sedulur Rosa, perintis ing Kolombia. Gawéané Sedulur Rosa kuwi mulang online. Salah siji muridé seneng karo Rosa. Nah, Rosa ya seneng karo dhèwèké. Rosa crita, ”Dhèwèké seneng mbantu wong liya, ora ngrokok, ora nganggo narkoba, utawa mabuk-mabukan. Dhèwèké ya apikan karo aku. Calon bojo sing tak karepké kuwi ya kaya dhèwèké. Tapi sayangé, dhèwèké dudu Seksi Yéhuwah. Wektu kuwi, aku angèl kanggo nolak merga aku ya seneng karo dhèwèké. Aku lagi kesepian lan péngin nikah, tapi durung ana sedulur seiman sing cocog.” Terus, Rosa piyé? Rosa ora fokus karo apa sing didelok utawa dirasakké. Rosa ngrenungké dampaké kanggo hubungané karo Yéhuwah. Akhiré, Rosa mutuské ora komunikasi manèh karo wong lanang kuwi, tapi terus sibuk ing kegiatan rohani. Ora suwé bar kuwi, Rosa diundang mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Saiki, Rosa nglayani dadi perintis istiméwa. Rosa ngomong, ”Ana akèh banget berkah saka Yéhuwah sing marakké aku bener-bener bahagia.” Dadi, meskipun manut tuntunané Yéhuwah ing hal-hal sing menyangkut soal perasaan kuwi kadhang ora gampang, nèk beriman karo tuntunané Yéhuwah, mesthi ana manfaaté.

WEKTU ÉNTUK ARAHAN SAKA ORGANISASI

13. Wektu éntuk arahan saka organisasi, awaké dhéwé isa waé piyé?

13 Awaké dhéwé kerep nampa arahan saka organisasi liwat para pinituwa, pinituwa wilayah, kantor cabang, lan Pengurus Pusat. Tapi, merga ora ngerti alesané ngapa kok arahan tertentu dikèkké, awaké dhéwé isa waé mulai fokus karo hal-hal sing kétok thok. Apamanèh nèk kena langsung dampak saka arahan kuwi. Bahkan isa waé, fokusé malah mung ing kelemahané para sedulur sing ngekèki arahan kuwi.

14. Apa sing marakké awaké dhéwé gelem manut wektu éntuk arahan saka organisasi? (Ibrani 13:17)

14 Nèk ”urip menurut iman”, awaké dhéwé percaya nèk sing ngarahké organisasi iki Yéhuwah lan Yéhuwah ngerti kabèh situasiné awaké dhéwé. Nèk yakin soal kuwi, awaké dhéwé bakal siap lan gelem manut kabèh arahan saka organisasi. (Wacanen Ibrani 13:17.) Awaké dhéwé ya ngerti nèk manut kuwi isa marakké jemaat dadi tetep bersatu. (Éf. 4:​2, 3) Meskipun para sedulur sing nduwé wewenang kuwi ora sempurna, nèk awaké dhéwé tetep manut, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. (1 Sam. 15:22) Bahkan nèk misalé ana arahan sing kudu disesuaikké, Yéhuwah bakal nyesuaikké kuwi nèk wis wektuné.—Mi. 7:7.

15-16. Meskipun awalé sempet ragu, apa sing akhiré marakké Sedulur Kevin percaya karo arahan saka organisasi? (Deloken gambar.)

15 Ayo nggatèkké pengalaman sing nduduhké manfaaté nèk percaya karo arahan saka organisasi. Meskipun ing Peru basa utamané kuwi basa Spanyol, tapi akèh sing nganggo basa-basa dhaérah, salah sijiné basa Quechua. Selama bertaun-taun, para sedulur sing isa basa Quechua nginjil nggolèki wong-wong sing ya isa basa Quechua. Nah, merga ana aturan anyar saka pamréntah, organisasi akhiré ngekèki petunjuk anyar soal carané nggolèki wong-wong sing nganggo basa Quechua. (Rm. 13:1) Kuwi marakké beberapa sedulur kuwatir nèk bakal luwih angèl nemokké wong-wong kuwi. Tapi merga para sedulur tetep manut, Yéhuwah mberkahi meréka. Meréka isa ketemu luwih akèh wong sing nganggo basa Quechua.

16 Nah, salah siji sing sempet kuwatir kuwi pinituwa saka jemaat basa Quechua sing jenengé Kevin. Kevin ngomong, ”Wektu krungu arahan kuwi, aku mikir nèk mengko mesthi angèl nemokké wong sing nganggo basa Quechua. Tapi bar kuwi, aku ngrenungké Wulang Bebasan 3:5 lan contoné Musa. Yéhuwah ngekèki Musa arahan sing kétoké ora masuk akal. Musa dikon mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir ing Laut Merah. Bayangna waé, ing ngarep ana Laut Merah, lan ing mburi ana wong Mesir sing ngoyak meréka. Tapi Musa tetep manut lan akhiré Yéhuwah nggawé mukjijat nylametké bangsa Israèl.” (Pa. 14:​1, 2, 9-11, 21, 22) Kevin akhiré gelem nyesuaikké cara nginjilé. Hasilé, Kevin crita, ”Mbiyèn, bèn isa nemokké wong sing nganggo basa Quechua siji waé kami kudu mlaku adoh. Nah saiki, kami langsung ing dhaérah sing jelas-jelas ana akèh sing nganggo basa Quechua. Hasilé, ana luwih akèh sing isa dijak mulai omong-omongan, diparani manèh, lan sinau Alkitab. Wong-wong sing teka ing pertemuan ibadah ya tambah akèh. Berkahé Yéhuwah iki luar biasa banget.” Dadi, nèk beriman karo arahané Yéhuwah, mesthi bakal diberkahi.

Wong lanang sing isa basa Quechua omong-omongan karo suami istri Seksi Yéhuwah sing lagi nginjil. Wong lanang kuwi lagi nduduhi omahé wong.

Wong-wong sing ditemoni wektu nginjil malah sing biasané ngandhani para sedulur ing endi wong-wong sing ya nganggo basa Quechua (Deloken paragraf 15-16)


17. Apa sing wis dipelajari saka artikel iki?

17 Mau wis dibahas piyé bèn isa terus beriman karo tuntunané Yéhuwah ing telu situasi. Tapi, terus beriman karo tuntunané Yéhuwah kuwi kuduné ing kabèh situasi, termasuk wektu milih hiburan utawa rékréasi lan wektu nggawé keputusan soal pendidikan utawa carané ndhidhik anak. Ora soal arep mutuské apa, sing dadi pathokan kuwi kuduné ora mung apa sing kétok, tapi ya kudu mikirké hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah, naséhat, lan janjiné Yéhuwah. Hasilé, mengko isa ”manut karo Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé, nganti saklawasé”.—Mi. 4:5.

APA BUKTINÉ NÈK BERIMAN KARO TUNTUNANÉ YÉHUWAH WEKTU . . .

  • milih gawéan?

  • milih pasangan hidup?

  • éntuk arahan saka organisasi?

LAGU 156 Aku Percaya

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b Naséhat iki ya berlaku kanggo sedulur lanang sing lagi nggolèk pasangan hidup.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim