PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Juli hlm. 26-30
  • Sing Marakké Menang Kuwi Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sing Marakké Menang Kuwi Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • CONTO APIK SAKA WONG TUWA
  • MULAI NGLAYANI ING KANTOR PUSAT
  • NGLAYANI ING DEPARTEMÈN HUKUM
  • ”NGGUNAKKÉ HUKUM KANGGO MBÉLA KABAR APIK”
  • MATURNUWUN YÉHUWAH
  • Ngupayakké Kebébasan kanggo Ngibadah
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Setya Ndhukung Kratoné Allah, Dudu Liyané
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Penginjil Kratoné Allah Maju ing Pengadilan
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Aku Wis Nindakké Apa sing Dadi Tugasku
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Juli hlm. 26-30
Philip Brumley.

PENGALAMAN

Sing Marakké Menang Kuwi Yéhuwah

DICRITAKKÉ KARO PHILIP BRUMLEY

PAS musim dingin tanggal 28 Januari 2010, aku ana ing kutha sing apik banget sing jenengé Strasbourg, Prancis. Tapi, ing kono aku ora lagi liburan. Aku lan beberapa sedulur ditugaské dadi tim hukum kanggo mbéla haké Seksi-Seksi Yéhuwah ing Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia (ECHR). Wektu kuwi, pamréntah Prancis nuntut Seksi Yéhuwah mbayar pajeg kira-kira sak triliun rupiah. Kami mrono kanggo mbuktèkké nèk tuntutan kuwi ora sah secara hukum. Sing paling penting, mengko nèk isa menangké kasus iki, jeneng Yéhuwah isa diluhurké, réputasiné Seksi Yéhuwah tetep apik, lan para sedulur ing Prancis isa terus bébas ngibadah. Selama ngurus kuwi, kami ngrasakké nèk seolah-olah sing perang kuwi Yéhuwah. (1 Sam. 17:47) Ayo tak critani.

Ing taun 1999, pamréntah Prancis nuntut kantor cabang Prancis mbayar pajeg saka sumbangan sing ditampa kèt taun 1993 nganti 1996. Mula, kami nggawa kasus iki ing pengadilan Prancis, tapi ora ana hasilé. Sakwisé kami kalah ing pengadilan bandhing, pamréntah nyita dhuwité kantor cabang Prancis kira-kira 76 milyar rupiah. Akhiré, kami nggawa kasusé ing ECHR. Tapi, sakdurungé kasus iki disidangké, ECHR njaluk bèn kami ketemu karo tim hukum saka pamréntah lan wakil saka ECHR kanggo nggawé kesepakatan sakdurungé persidangan.

Kami mikir nèk wakil saka ECHR kuwi bakal meksa Seksi Yéhuwah kanggo mbayar sebagian saka jumlah pajeg sing dituntut pamréntah Prancis. Tapi, nèk kami nganti mbayar pajeg kuwi, sakjané malah ora cocog karo pathokan ing Alkitab ing Matius 22:21. Sumbangané sedulur-sedulur kuwi dikèkké kanggo organisasi, dadi kuwi dudu haké pamréntah. Tapi, kami tetep teka ing pertemuan kuwi merga manut karo aturan ECHR.

Tim hukumé Seksi Yéhuwah ing ngarep kantoré ECHR, 2010

Nah, ternyata tenan. Pas pertemuan kuwi, wakil saka ECHR ngongkon Seksi Yéhuwah tetep mbayar sebagian pajeg sing dituntut. Embuh ngapa, ngerti-ngerti kami tergerak kanggo takon, ”Apa njenengan ngerti nèk pamréntah wis nyita 76 milyar rupiah saka Seksi Yéhuwah?”

Wakil saka ECHR kuwi kagèt, soalé dhèwèké lagi ngerti soal kuwi. Pas tim hukum saka pamréntah ngomong nèk pamréntah mémang wis nyita dhuwit saka Seksi Yéhuwah, wakil kuwi malah akhiré nyalahké pamréntah lan pertemuané langsung diakhiri. Aku dadi sadhar nèk Yéhuwah sing wis marakké situasiné berubah bèn kami isa menangké kasus iki. Kami seneng banget lan ora nyangka isa dadi kaya ngono.

Tanggal 30 Juni 2011, ECHR mutuské nèk sing menang ing kasus iki Seksi-Seksi Yéhuwah. Pajeg sing wis dijaluk pamréntah dianggep ora sah lan kudu dibalèkké bareng karo bungané. Keputusan kuwi bahkan isih bermanfaat nganti saiki kanggo kegiatan ibadahé Seksi Yéhuwah ing Prancis. Kami ora nyangka, siji pertanyaan sederhana mau ternyata hasilé luar biasa. Kuwi kaya watu sing nancep ing bathuké Goliat, terus marakké dhèwèké tumbang. Kaya Daud, kami nganggep nèk kami isa menang kuwi merga Yéhuwah.—1 Sam. 17:​45-47.

Sakjané, ora mung iki thok kasus sing wis dimenangké Seksi-Seksi Yéhuwah. Meskipun ditentang pamréntah lan pemimpin agama, nganti saiki Seksi Yéhuwah wis menangké 1.225 kasus hukum ing pengadilan tertinggi ing 70 negara lan beberapa pengadilan internasional. Hasilé, hak-hak sing diduwèni Seksi Yéhuwah isa terlindungi, misalé hak kanggo dianggep dadi agama sing sah, kanggo melakukan kegiatan nginjil, kanggo nolak nyanyi lagu kebangsaan lan hormat bendéra, lan kanggo nolak transfusi darah.

Saiki, ayo tak critani piyé aku isa nglayani ing Kantor Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing New York, Amerika Serikat, terus mèlu nangani kasus hukum ing Eropa.

CONTO APIK SAKA WONG TUWA

Wong tuwaku jenengé George karo Lucille. Meréka lulus Sekolah Giléad kelas ke-12, terus ditugaské ing Etiopia. Taun 1956, aku lair lan dijenengi Philip, mirip kaya jeneng Filipus, penginjil pas jamané para rasul. (Kis. 21:8) Mbakyuku jenengé Judy, terus adhiku lanang jenengé Leslie. Meréka ya lair ing Etiopia. Taun 1957, ana pelarangan ing Etiopia. Dadi, kami sak keluarga ngibadahé kudu ndhelik-ndhelik. Merga aku isih cilik, aku ngrasa kuwi sesuatu sing seru banget. Tapi sayangé, taun 1960 kami diusir saka Etiopia.

Nathan H. Knorr (paling kiwa) ngunjungi keluargaku ing Addis Ababa, Etiopia, 1959

Kami sak keluarga pindhah ing Wichita, Kansas, Amerika Serikat. Meskipun wis ora dadi utusan injil, wong tuwaku tetep semangat nginjil. Meréka ya ngajari anak-anaké bèn sayang lan akhiré nglayani Yéhuwah. Aku dibaptis umur 13. Telung taun bar kuwi, kami sak keluarga pindhah ing Arequipa, Peru, panggonan sing butuh luwih akèh penginjil.

Taun 1974 wektu umur 18, aku karo papat sedulur lanang liyané ditugaské dadi perintis istiméwa. Kami nginjil ing dhaérah sing durung tau dikabari ing Pegunungan Andes Tengah. Kami nginjil karo wong-wong sing nganggo basa Quechua lan Aymara. Ing endi-endi, kami numpak mobil karavan sing kami sebut ”Bahtera” merga bentuké kothak. Kami seneng ngandhani wong-wong soal janjiné Yéhuwah ing Alkitab nèk sukmbèn ora ana manèh wong sing mlarat, lara, lan mati. (Why. 21:​3, 4) Ana akèh sing akhiré dadi Seksi Yéhuwah.

Numpak mobil karavan ngliwati kali.

”Bahtera”, 1974

MULAI NGLAYANI ING KANTOR PUSAT

Tanggal 17 Juni 1977, aku mulai nglayani ing Bètel Brooklyn. Selama patang taun, aku éntuk tugas ing Departemèn Pembersihan lan Departemèn Pemeliharaan. Aku isa tergerak nglayani ing Bètel kuwi merga disaranké karo Sedulur Albert Schroeder, salah siji anggota Pengurus Pusat sing wektu kuwi ngunjungi Peru taun 1977.

Pas nikah, 1979

Bojoku jenengé Elizabeth Avallone. Aku pertama kali ketemu dhèwèké ing pertemuan internasional ing New Orleans, Louisiana, sasi Juni 1978. Wong tuwané Elizabeth ya Seksi Yéhuwah. Pas ketemu aku, Elizabeth wis merintis biasa selama patang taun lan péngin terus nglayani sepenuh waktu. Suwé-suwé, kami dadi saling mengenal lan akhiré jatuh cinta. Tanggal 20 Oktober 1979 kami nikah, terus mulai nglayani ing Bètel bareng-bareng.

Bar nikah, aku karo bojoku ditugaské kanggo gabung ing Jemaat Brooklyn Basa Spanyol. Bar kuwi, ya ditugaské ing telu jemaat liyané. Para sedulur selalu apikan lan nyambut kami. Meréka ndhukung kami bèn isa terus nglayani ing Bètel. Kami menghargai banget, termasuk bantuané para kanca lan keluarga sing mbantu ngrawat wong tuwané kami sing semakin tuwa.

Philip karo keluarga Bètel liyané pas pertemuan ibadah.

Keluarga Bètel sing gabung ing Jemaat Brooklyn Basa Spanyol, 1986

NGLAYANI ING DEPARTEMÈN HUKUM

Aku ora nyangka sasi Januari 1982 aku ditugaské ing Departemèn Hukum. Telung taun bar kuwi, aku dikon sekolah hukum bèn isa dadi pengacara. Saka sing tak pelajari selama kuliah, aku kagum merga ngerti nèk ana akèh kebébasan sing dirasakké wong-wong ing Amerika Serikat lan negara-negara liya kuwi ternyata salah sijiné merga kasus-kasus hukum sing dimenangké Seksi-Seksi Yéhuwah. Kasus-kasus kuwi dibahas nganti detail pas ing kelas.

Taun 1986 wektu umur 30, aku éntuk tugas dadi pengawas ing Departemèn Hukum. Meskipun seneng, aku ya kuwatir soalé aku isih enom lan isih ana akèh sing durung tak ngertèni.

Taun 1988, aku akhiré dadi pengacara. Tapi ternyata merga kuliah, suwé-suwé hubunganku karo Yéhuwah dadi adoh. Merga sekolah dhuwur, wong isa dadi ambisius lan ngrasa luwih hébat timbang liyané. Untungé Elizabeth mbantu bèn aku isa fokus manèh ing kegiatan rohani kaya sakdurungé kuliah. Mémang butuh wektu, tapi suwé-suwé aku dadi akrab manèh karo Yéhuwah. Saka pengalaman kuwi, aku dadi belajar nèk sing marakké bahagia kuwi dudu nduwé akèh pengetahuan, tapi nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah, sayang karo Yéhuwah, lan sayang karo umaté.

”NGGUNAKKÉ HUKUM KANGGO MBÉLA KABAR APIK”

Sakwisé rampung kuliah, aku luwih fokus karo tugasku ing Departemèn Hukum, mbéla organisasi ing pengadilan, lan mbéla haké Seksi Yéhuwah kanggo nginjil. Meskipun seru, tugas iki ya akèh tantangané. Soalé, ing organisasi ana akèh banget perkembangan. Misalé, taun 1990, para sedulur sing nduwé wewenang ing organisasi nggawé keputusan nèk ora bakal njaluk sumbangan manèh wektu nawakké publikasi. Wektu arep ngekèki petunjuk soal kuwi, meréka njaluk saran Departemèn Hukum. Hasilé, sapa waé sing péngin éntuk publikasi saiki ora perlu mbayar manèh. Kuwi marakké gawéan ing Bètel lan ing lapangan dadi luwih sederhana, terus ya wis ora ana manèh masalah soal pajeg. Ana sing mikir nèk perubahan iki isa marakké organisasi ora nduwé dhuwit kanggo nyétak publikasi, lan akibaté mung sithik sing isa belajar soal Yéhuwah. Tapi ternyata, kèt taun 1990, jumlahé Seksi Yéhuwah malah meningkat luwih saka ping pindhoné jumlah sakdurungé, lan nganti saiki sapa waé isa éntuk publikasi saka Seksi Yéhuwah, ora perlu mbayar. Aku wis ndelok dhéwé nèk perubahan-perubahan gedhé ing organisasi kuwi isa berhasil mung merga bantuané Yéhuwah lan arahan saka budhak sing setya lan wicaksana.—Pa. 15:2; Mat. 24:45.

Mémang, upayané para pengacara isa marakké Seksi Yéhuwah menang ing pengadilan. Tapi kerep-kerepé, sing marakké para hakim lan pejabat dadi luluh lan gelem mbantu Seksi Yéhuwah kuwi merga ndelok dhéwé tingkah laku sing apik saka Seksi Yéhuwah. Misalé pas taun 1998, ana telu anggota Pengurus Pusat lan bojoné sing mèlu pertemuan bersejarah ing Kuba. Merga ngrasa disambut lan diperlakukan apik karo meréka, pandhangané para pejabat soal Seksi Yéhuwah akhiré ya dadi berubah. Tingkah laku sing apik terbukti luwih ampuh timbang apa waé sing kami sampèkké pas ketemu langsung karo para pejabat.

Tapi solusiné ora mesthi kaya ngono. Bèn isa mbéla haké Seksi Yéhuwah, kadhang umaté Yéhuwah perlu ”nggunakké hukum kanggo mbéla kabar apik”. (Flp. 1:7) Misalé, selama puluhan taun, pamréntah Eropa lan Korea Selatan ora ngakoni haké Seksi Yéhuwah kanggo nolak wajib militèr. Akibaté, ana kira-kira 18.000 sedulur lanang ing Eropa lan luwih saka 19.000 sedulur lanang ing Korea Selatan sing dipenjara.

Akhiré, tanggal 7 Juli 2011, ECHR ngetokké keputusan kanggo kasus Bayatyan vs Armenia. Isiné, kabèh negara ing Eropa kudu nyedhiakké dinas sipil pengganti kanggo sing nolak wajib militèr merga kepercayaané. Tanggal 28 Juni 2018, Mahkamah Konstitusi Korea Selatan ya nggawé keputusan kaya ngono. Nèk misalé ana siji waé sedulur lanang sing kompromi, loro keputusan kuwi mau mesthi ora bakal ana.

Para sedulur ing Departemèn Hukum ing kantor pusat lan kantor cabang sak donya wis kerja keras mbéla haké Seksi Yéhuwah bèn isa terus ngibadah lan nginjil. Isa mewakili para sedulur sing ditentang pamréntah kuwi kehormatan kanggo kami. Ora soal ing pengadilan menang apa ora, upayané kami isa dadi kesaksian kanggo gubernur, raja, lan bangsa-bangsa. (Mat. 10:18) Ayat-ayat Alkitab sing disampèkké ing persidangan utawa sing dicantumké ing dokumèn-dokumèn sing kami siapké mesthi gelem ora gelem bakal dingertèni karo para hakim, wakil pamréntah, média, lan akèh wong. Wong-wong sing atiné tulus akhiré dadi ngerti soal Seksi Yéhuwah lan Alkitab. Bahkan ana sing akhiré dadi Seksi Yéhuwah.

MATURNUWUN YÉHUWAH

Selama 40 taun iki, aku isa ngrasakké akèh berkah lan uripku puas. Aku isa kerja sama karo para sedulur ing Departemèn Hukum kantor cabang sak donya, isa mewakili organisasi ing akèh persidangan, lan nemoni para pejabat. Aku sayang banget lan menghargai kerja kerasé para sedulur ing Departemèn Hukum kantor pusat lan ing kantor-kantor cabang sak donya.

Philip lan Elizabeth Brumley.

Aku ya bersyukur karo Elizabeth bojoku sing terus sayang lan setya karo aku selama 45 taun iki. Embuh pas seneng apa susah, dhèwèké terus ndhukung aku meskipun kudu berjuang merga nduwé penyakit sing marakké daya tahan tubuhé saya suwé saya lemah.

Aku wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah sing terbukti marakké umaté kuwat lan isa berhasil ngadhepi apa waé. Kaya sing diomongké Daud, ”Yéhuwah kuwi kekuwatan kanggo umaté.” (Mzm. 28:8) Jelas banget nèk sing marakké menang kuwi Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim