COBANEN IKI
Seneng Berbagi Hasil Pelajaran Pribadi
Wektu pelajaran pribadi terus isa nemokké hal-hal sing apik, awaké dhéwé mesthi ngrasa dikuwatké. Tapi, nèk sing wis dipelajari mau ya dicritakké karo wong liya, awaké dhéwé bakal luwih dikuwatké. Kaya sing disebutké ing Wulang Bebasan 11:25, ”Wong sing mènèhi ngombé bakal diwènèhi ngombé”.
Nèk dicritakké karo wong liya, mengko ya dadi isa luwih éling lan luwih paham karo pelajarané. Terus, merga ngerti nèk sing dicritakké kuwi isa bermanfaat kanggo wong liya, awaké dhéwé ya dadi ngrasa luwih bahagia.—Kis. 20:35.
Saran: Golèka kesempatan kanggo nyritakké sing wis dipelajari. Njenengan isa crita karo keluarga, sedulur seiman, kanca kerja, kanca sekolah, tangga, utawa pas nginjil. Keterangan sing disampèkké sederhana waé, aja rumit-rumit, tapi jelas.
Élinga: Tujuané nyritakké kuwi kanggo nguwatké wong liya, dudu bèn wong liya terkesan.—1 Kor. 8:1.