PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Agustus hlm. 8-13
  • Yakina Nèk Njenengan Disayangi Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yakina Nèk Njenengan Disayangi Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA KOK KUDU YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH?
  • PIYÉ BÈN ISA TAMBAH YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH?
  • SING DILAKUKAN YÉSUS BÈN AWAKÉ DHÉWÉ TAMBAH YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH
  • BERUPAYA BÈN TERUS YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH
  • Yéhuwah Sayang Banget karo Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Apa sing Isa Dipelajari saka Tebusané Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Sing Marakké Awaké Dhéwé Terus Semangat Nginjil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Agustus hlm. 8-13

ARTIKEL PELAJARAN 33

LAGU 4 ”Yéhuwah Kuwi Gembalaku”

Yakina Nèk Njenengan Disayangi Yéhuwah

”Aku terus nduduhké katresnan sing langgeng marang kowé lan narik kowé marang Aku.”—YÉR. 31:​3, lan cathetan ngisor.

INTI

Ngapa kok kudu yakin nèk disayangi Yéhuwah lan piyé bèn isa tambah yakin soal kuwi.

1. Apa sing marakké njenengan gelem janji ngabdi lan dibaptis? (Deloken gambar.)

ALESAN ngapa kok akhiré njenengan mutuské dibaptis kuwi mesthi merga wis kenal tenan lan sayang karo Yéhuwah. Njenengan janji nèk bakal ngutamakké karepé lan bakal terus sayang karo Dhèwèké sak tulusé ati, sepenuh jiwa, pikiran, lan kekuwatan. (Mrk. 12:30) Saya suwé, rasa sayangé njenengan ya saya gedhé. Nèk ana sing takon, ”Apa kowé sayang tenan karo Yéhuwah?” mesthi tanpa ragu-ragu bakal njawab, ”Aku sayang karo Yéhuwah ngluwihi apa waé lan sapa waé.”

Gambar: Sedulur wédok ngrenungké pas dhèwèké janji ngabdi lan dibaptis. 1. Dhèwèké lungguh ing ngisor wit lan ndonga. 2. Dhèwèké dibaptis ing kali.

Terus éling-élingen rasa sayangé njenengan kanggo Yéhuwah sing marakké njenengan gelem nggawé janji ngabdi lan dibaptis (Deloken paragraf 1)


2-3. (a) Yéhuwah péngin awaké dhéwé yakin soal apa? (Yérémia 31:​3, lan cathetan ngisor.) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Tapi, piyé nèk ana sing takon, ”Apa kowé yakin nèk kowé ya disayangi Yéhuwah?” Isa waé dadi ragu-ragu, mungkin merga ngrasa nèk ora pantes disayangi Yéhuwah. Sedulur wédok sing pas cilik ora tau ngrasa disayangi, crita, ”Aku sayang Yéhuwah sak tulusé atiku. Aku babar blas ora ragu soal kuwi. Tapi aku kerepé ragu apa Yéhuwah ya sayang karo aku.” Nah, sakjané Yéhuwah sayang tenan apa ora karo umaté?

3 Élinga, nèk njenengan isa nganti akrab lan dadi kancané Yéhuwah kuwi merga Yéhuwah sing narik njenengan. Terus, kèt nggawé janji ngabdi lan dibaptis, njenengan ngrasakké katresnan sing langgeng saka Yéhuwah. Kuwi hadiah sing istiméwa. Katresnan kuwi marakké Yéhuwah bener-bener sayang lan ora bakal ninggalké njenengan. Njenengan dianggep ’duwèké sing istiméwa’. (Mal. 3:17) Yéhuwah pénginé njenengan yakin nèk disayangi Yéhuwah. (Wacanen Yérémia 31:​3, lan cathetan ngisor.) Yakiné kuwi kaya sing dirasakké Rasul Paulus sing ngomong, ”Aku yakin nèk ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé, embuh kuwi kematian, urip, malaékat, pamréntah, kuwasa, apa waé sing ana saiki [lan] sukmbèn, kabèh sing ana ing ndhuwur [lan] ngisor, utawa ciptaan liyané.” (Rm. 8:​38, 39) Ing artikel iki bakal dibahas ngapa kok kudu yakin nèk disayangi Yéhuwah lan piyé bèn isa tambah yakin soal kuwi.

NGAPA KOK KUDU YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH?

4. Apa salah siji siasat sing digunakké Sétan bèn umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh, lan piyé carané nglawan kuwi?

4 Nèk yakin disayangi Yéhuwah, awaké dhéwé isa ”terus kuwat wektu nglawan siasat liciké” Sétan. (Éf. 6:11) Sétan nggunakké akèh cara bèn umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh. Salah siji siasaté kuwi nggawé meréka mikir nèk meréka ora disayangi Yéhuwah. Ing Alkitab, Sétan dipadhakké kaya singa. (1 Ptr. 5:​8, 9) Singa biasané nyerang kéwan sing lagi lemah. Padha kaya ngono, Sétan biasané ya nyerang umaté Yéhuwah sing lagi lemah utawa nglokro merga hal-hal sing tau dialami, masalah sing lagi diadhepi, utawa kuwatir karo sing durung kelakon. (WB. 24:10) Hal-hal kuwi isa dimanfaatké Sétan bèn umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh. Tapi, nèk gelem ngupaya sak isa-isané bèn yakin nèk disayangi Yéhuwah, awaké dhéwé isa ”nglawan Iblis” lan siasat-siasaté.—Yak. 4:7.

5. Ngapa kok kudu yakin nèk disayangi lan dianggep berharga karo Yéhuwah?

5 Nèk yakin disayangi Yéhuwah, mengko isa dadi tambah akrab karo Yéhuwah. Kok isa? Wektu diciptakké, manungsa dikèki kebutuhan kanggo disayangi lan menyayangi. Dadi wektu ngrasa disayangi, wong biasané bakal tergerak kanggo menyayangi. Makané, semakin ngrasa disayangi lan dianggep berharga karo Yéhuwah, mengko ya dadi semakin péngin menyayangi Yéhuwah. (1 Yoh. 4:19) Terus, nèk semakin menyayangi Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal semakin menyayangi awaké dhéwé. Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé ’nyedhak marang Gusti Allah, Dhèwèké ya bakal nyedhak’. (Yak. 4:8) Tapi bèn tambah yakin nèk disayangi Yéhuwah, kudu piyé?

PIYÉ BÈN ISA TAMBAH YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH?

6. Bèn isa yakin nèk disayangi Yéhuwah, apa waé sing isa didongakké?

6 Terus ndonga sing spésifik. (Luk. 18:1; Rm. 12:12) Saben dina, bahkan nèk perlu ping bola-bali, ndongaa njaluk Yéhuwah ngyakinké nèk Dhèwèké sayang njenengan. Kadhang merga ngrasa ora berharga, isa waé dadi ragu-ragu nèk disayangi Yéhuwah. Tapi élinga, nèk Yéhuwah ”luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé”. (1 Yoh. 3:​19, 20) Dhèwèké ngerti sifat-sifat apik sing bahkan mungkin ora njenengan sadhari. (1 Sam. 16:7; 2 Bb. 6:30) Makané, aja ragu-ragu ’nyritakké kabèh’ sing dirasakké lan njaluk bantuané bèn yakin nèk disayangi Yéhuwah. (Mzm. 62:8) Terus, trapna saran-saran sing bakal dibahas bar iki.

7-8. Apa waé sing disebutké ing Mazmur, sing marakké awaké dhéwé yakin nèk disayangi Yéhuwah?

7 Percaya omongané Yéhuwah. Keterangan ing Alkitab soal Yéhuwah kuwi mesthi bener, soalé Yéhuwah sing ngongkon kuwi ditulis. Daud sing nulis Mazmur ngomong, ”Yéhuwah cedhak karo wong sing atiné susah, lan Dhèwèké nylametké wong sing putus asa.” (Mzm. 34:18) Pas lagi putus asa, isa waé dadi ngrasa nèk ora ana sing isa paham lan nulungi. Tapi, Yéhuwah janji nèk bakal nulungi merga ngerti nèk wektu kuwi njenengan malah butuh banget bantuané. Daud ya tau nulis, ”Air mataku mbok simpen ing wadhah banyu.” (Mzm. 56:8) Wektu umaté sedhih utawa susah, Yéhuwah ngerti perasaané lan mèlu ngrasakké sedhihé. Dhèwèké nyimpen lan nganggep berharga air matané umaté kaya berhargané banyu kanggo wong sing lagi ing padhang belantara. Terus ing Mazmur 139:3 disebutké, ”[Yéhuwah] ngerti kabèh tumindakku.” Meskipun Yéhuwah isa ndelok kabèh sing dilakukan umaté, tapi sing digatèkké kuwi hal-hal apiké. (Ibr. 6:10) Soalé, Yéhuwah bener-bener menghargai upayané umaté kanggo nggawé Dhèwèké seneng.a

8 Liwat ayat-ayat kaya sing disebutké mau, Yéhuwah péngin ngandhani umaté nèk Dhèwèké perduli lan sayang banget karo meréka. Tapi, Sétan péngin umaté Yéhuwah mikir nèk meréka ora disayangi Yéhuwah. Dadi, nèk kadhang kuwi sing njenengan rasakké, coba pikirna sik, ’Sapa sing bakal tak percaya? Sétan si ”tukang ngapusi” utawa Yéhuwah ”Gusti Allah sing bener”?’—Yoh. 8:44; Yés. 65:16.

9. Yéhuwah ngekèki jaminan apa kanggo wong-wong sing sayang Dhèwèké? (Pangentasan 20:​5, 6, lan cathetan ngisor.)

9 Renungna piyé perasaané Yéhuwah karo wong sing sayang Dhèwèké. Gatèkna omongané Yéhuwah kanggo Musa lan bangsa Israèl ing Pangentasan 20:​5, 6, lan cathetan ngisor. (Wacanen.) Yéhuwah janji bakal nduduhké katresnan sing langgeng kanggo wong sing sayang Dhèwèké. Kuwi sakjané jaminan nèk Yéhuwah mesthi bakal sayang karo umaté nèk umaté sayang karo Dhèwèké. (Néh. 1:5) Dadi nèk mulai ngrasa ora disayangi Yéhuwah, élinga: Nèk njenengan sayang karo Yéhuwah lan berupaya nggawé Dhèwèké seneng, Yéhuwah njamin mesthi bakal sayang banget karo njenengan. (Dan. 9:4; 1 Kor. 8:3) Dadi nèk njenengan waé yakin nèk sayang karo Yéhuwah, njenengan ora perlu ragu-ragu nèk Yéhuwah ya sayang karo njenengan.

10-11. Yéhuwah péngin njenengan nganggep tebusan kuwi piyé? (Galatia 2:20)

10 Ngrenungké soal tebusan. Korban tebusané Yésus kuwi hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah kanggo kabèh wong. (Yoh. 3:16) Tapi, apa njenengan ya nganggep nèk kuwi hadiah kanggo njenengan secara pribadi? Gatèkna pengalamané Rasul Paulus. Dhèwèké tau melakukan akèh kesalahan sing gedhé lan isih kudu terus berjuang ngatasi kelemahané. (Rm. 7:​24, 25; 1 Tim. 1:​12-14) Tapi ing Galatia 2:20 (Wacanen.) Paulus yakin nèk tebusan kuwi hadiah saka Yéhuwah khusus kanggo dhèwèké. Merga kata-kata kuwi ditulis ing Alkitab, berarti Yéhuwah péngin njenengan nganggep tebusan kuwi hadiah saka Yéhuwah khusus kanggo njenengan. (Rm. 15:4) Nèk mikirké soal kuwi, njenengan bakal dadi tambah yakin nèk Yéhuwah mémang bener-bener sayang karo njenengan.

11 Bersyukur banget Yéhuwah ngutus Yésus dadi tebusan. Tapi, tujuané Yésus ing bumi kuwi ya termasuk ngajarké sing bener soal Yéhuwah. (Yoh. 18:37) Salah siji ajarané kuwi nèk Yéhuwah sayang banget karo umaté.

SING DILAKUKAN YÉSUS BÈN AWAKÉ DHÉWÉ TAMBAH YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH

12. Ngapa kok sing dicritakké Yésus soal Yéhuwah kuwi mesthi bener?

12 Pas ing bumi, Yésus seneng crita soal kaya apa Yéhuwah kuwi. (Luk. 10:22) Sing dicritakké Yésus soal Yéhuwah mesthi bener. Soalé sakdurungé ing bumi, Yésus wis milyaran taun bergaul karo Yéhuwah. (Kol. 1:15) Yésus ngerti banget sepira gedhéné sayangé Yéhuwah karo dhèwèké. Yésus ya ndelok dhéwé piyé Yéhuwah nduduhké rasa sayangé kanggo para malaékat sing setya lan umaté ing bumi. Nah, bèn umaté Yéhuwah yakin nèk disayangi Yéhuwah, apa waé sing dilakukan Yésus?

13. Yésus péngin awaké dhéwé nganggep Yéhuwah kuwi kaya apa?

13 Ing Injil, Yésus nyebut Yéhuwah ”Bapak” luwih saka ping 160. Terus wektu ngomong karo murid-muridé, Yésus kerep nyebut Yéhuwah ”Bapakmu” utawa ”Bapakmu ing swarga”. (Mat. 5:16; 6:26) Sakdurungé Yésus teka ing bumi, umaté Yéhuwah sing setya nyebut Yéhuwah ”sing Mahakuwasa”, ”sing Mahaluhur”, ”sing Nggawé Urip” lan sebutan-sebutan liyané. Tapi, Yésus kerep-kerepé nyebut Yéhuwah ”Bapak”. Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah péngin umaté akrab karo Dhèwèké kaya anak sing akrab karo bapaké. Dadi, jelas nèk Yésus nganggep Yéhuwah kuwi kaya bapak sing penyayang. Nah, Yésus ya péngin awaké dhéwé nganggep Yéhuwah kaya ngono. Saiki, ayo mbahas loro conto pas Yésus nggunakké kata ”Bapak” kanggo nyritakké soal Yéhuwah.

14. Piyé Yésus nduduhké nèk saben umaté Yéhuwah berharga kanggo Yéhuwah? (Matius 10:​29-31) (Deloken gambar.)

14 Pertama, gatèkna kata-katané Yésus ing Matius 10:​29-31. (Wacanen.) Manuk emprit kuwi manuk sing cilik banget, tapi dianggep berharga karo Yéhuwah meskipun ora isa menyayangi utawa nglayani Yéhuwah. Bahkan saking berhargané, nèk ana siji waé sing tiba ing lemah, Yéhuwah ngerti. Nèk manuk cilik waé dianggep berharga, yakina nèk saben umaté mesthi dianggep luwih berharga merga isa menyayangi lan nglayani Dhèwèké. Yésus ya ngomong nèk Yéhuwah ’ngerti jumlahé rambut ing sirah’. Nèk hal sing cilik ngono waé Yéhuwah ngerti, yakina nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo umaté. Jelas banget nèk Yésus péngin njenengan yakin nèk saben umaté Yéhuwah berharga kanggo Yéhuwah.

Yésus nduding manuk emprit sing arep mudhun ing lemah. Murid-muridé padha nggatèkké.

Nèk manuk emprit sing cilik waé dianggep berharga karo Yéhuwah, yakina nèk njenengan mesthi dianggep luwih berharga merga njenengan isa sayang lan nglayani Dhèwèké (Deloken paragraf 14)


15. Apa sing isa dingertèni soal Yéhuwah saka kata-katané Yésus ing Yohanes 6:44?

15 Keloro, gatèkna kata-katané Yésus ing Yohanes 6:44. (Wacanen.) Ing kono disebutké nèk Yéhuwah dhéwé sing narik wong bèn isa kenal lan sayang Dhèwèké. Yéhuwah gelem narik wong kuwi merga ndelok sifat apiké. (Kis. 13:48) Kata-kata ing Yohanes 6:44 mungkin dikutip saka omongané Yéhuwah ing Yérémia 31:​3, sing isiné, ”Aku terus nduduhké katresnan sing langgeng marang kowé lan narik kowé marang Aku”. (Yér. 31:​3, lan cathetan ngisor; bandhingna Hoséa 11:4.) Kuwi berarti Yéhuwah selalu ndeloki sifat-sifat apiké njenengan sing mungkin bahkan njenengan ora sadhari.

16. (a) Yésus péngin ngandhani apa soal Yéhuwah, lan ngapa kok omongané Yésus isa dipercaya? (b) Piyé bèn tambah yakin nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing paling apik? (Deloken kothak ”Yéhuwah Kuwi Bapak sing Paling Apik”.)

16 Wektu nyebut Yéhuwah kuwi Bapak, sakjané Yésus péngin ngandhani nèk Yéhuwah kuwi ora mung Bapaké Yésus, tapi ya Bapaké njenengan. Yésus ya péngin njenengan yakin nèk Yéhuwah sayang lan perduli banget karo njenengan. Dadi, nèk kadhang njenengan ragu disayangi Yéhuwah apa ora, élinga lan percayaa omongané Yésus. Soalé, Yésus ora tau ngapusi lan sing paling ngerti soal Yéhuwah.—1 Ptr. 2:22.

”Yéhuwah Kuwi Bapak sing Paling Apik”

Yéhuwah kuwi Bapak sing kuwat, adil, wicaksana, penyayang, lan bakal selalu nggatèkké anak-anaké sing sayang Dhèwèké.

Ana sedulur wédok sing kerep dikasari bapaké. Dhèwèké crita, ”Kèt cilik aku wedi banget karo bapakku. Tapi bar ngrenungké sifat-sifaté Yéhuwah, aku dadi ngerti bapak sing apik kuwi kaya apa. Aku ngerti Yéhuwah sayang karo aku lan aku sayang karo Yéhuwah.” Bar ngrenungké sifat-sifaté Yéhuwah, sedulur liyané manèh ngomong, ”Yéhuwah kuwi bener-bener Bapak sing paling apik.”

Bèn yakin nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing paling apik kanggo njenengan, coba pelajari sifat-sifaté Yéhuwah saka publikasi sing diterbitké organisasi.

BERUPAYA BÈN TERUS YAKIN NÈK DISAYANGI YÉHUWAH

17. Ngapa kok kudu berupaya bèn terus yakin nèk disayangi Yéhuwah?

17 Kaya sing wis dibahas, Sétan berupaya nggawé umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh. Dhèwèké nggunakké akèh cara kanggo nggawé meréka mikir nèk ora disayangi Yéhuwah. Aja nganti siasaté Sétan kuwi berhasil. Makané, kudu berupaya bèn terus yakin nèk disayangi Yéhuwah.—Ayb. 27:5.

18. Bèn isa terus yakin nèk disayangi Yéhuwah, apa waé sing isa dilakukan?

18 Bèn isa yakin nèk disayangi Yéhuwah, ndongaa sing spésifik bèn isa ngerti sifat apiké njenengan. Renungna ayat-ayat sing nduduhké sepira gedhé rasa sayang lan perduliné Yéhuwah. Élinga nèk Yéhuwah mesthi bakal sayang karo wong sing sayang Dhèwèké. Renungna nèk tebusan kuwi hadiah saka Yéhuwah khusus kanggo njenengan. Percayaa karo Yésus sing ngomong nèk Yéhuwah kuwi Bapaké njenengan. Dadi nèk ana sing takon, ”Apa kowé yakin nèk disayangi Yéhuwah?” njenengan bakal isa njawab, ”Ya, jelas. Aku ya bakal terus nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah”.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok kudu yakin nèk disayangi Yéhuwah?

  • Piyé bèn tambah yakin nèk disayangi Yéhuwah?

  • Apa sing dilakukan Yésus bèn awaké dhéwé yakin nèk disayangi Yéhuwah?

LAGU 154 Tresna Saklawasé

a Nèk péngin ngerti ayat-ayat liyané bèn isa tambah yakin nèk disayangi Yéhuwah, deloken topik ”Ngrasa Ora Berharga” ing buku Tuntunan saka Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim