PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Agustus hlm. 14-19
  • Yakina Nèk Njenengan Wis Diampuni Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yakina Nèk Njenengan Wis Diampuni Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA KOK KUDU YAKIN NÈK WIS DIAMPUNI YÉHUWAH?
  • PIYÉ BÈN TAMBAH YAKIN NÈK WIS BENER-BENER DIAMPUNI YÉHUWAH?
  • APA SING SELALU DIÉLING-ÉLING YÉHUWAH?
  • TERUSA YAKIN
  • Apa Manfaat Pengampunané Yéhuwah kanggo Njenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Seneng Ngapura
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Nèk Wis Ngapurani, Apa Yéhuwah Isih Ngéling-éling?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Agustus hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 34

LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya

Yakina Nèk Njenengan Wis Diampuni Yéhuwah

”Njenengan ngapura salah lan dosaku.”—MZM. 32:5.

INTI

Ngapa kok kudu yakin nèk wis diampuni Yéhuwah lan ayat-ayat ing Alkitab sing isiné jaminan soal kuwi.

1-2. Piyé rasané wektu ngerti nèk wis diampuni Yéhuwah? (Deloken gambar.)

MBIYÈN, Raja Daud tau melakukan beberapa dosa gedhé. Kuwi marakké atiné Daud susah lan ngrasa bersalah terus. (Mzm. 40:12; 51:3; superskripsi) Tapi sakwisé bener-bener bertobat, Yéhuwah ngampuni dhèwèké. (2 Sam. 12:13) Nah, sakwisé ngerti nèk wis diampuni Yéhuwah, Daud isa bener-bener ngrasa lega.—Mzm. 32:1.

2 Saiki ya ngono. Bahkan meskipun wis melakukan dosa gedhé, nèk bener-bener bertobat, ngakoni kesalahan, lan berupaya sak isa-isané bèn ora mbalèni manèh, mesthi ya bakal diampuni Yéhuwah. (WB. 28:13; Kis. 26:20; 1 Yoh. 1:9) Terus, merga ngerti nèk Yéhuwah ngampuniné nganti tuntas, kuwi mesthi marakké lega banget.—Yèh. 33:16.

Raja Daud lungguh ing balkon istanané karo main harpa lan nyanyi.

Raja Daud nggawé akèh lagu sing isiné soal pengampunané Yéhuwah (Deloken paragraf 1-2)


3-4. Bahkan sakwisé dibaptis, Sedulur Jennifer isih ngrasa piyé, lan apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Tapi kadhang, ana sing butuh diyakinké nèk wis bener-bener diampuni Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Jennifer. Kèt cilik, wong tuwané wis ngajari dhèwèké ajaran sing bener. Tapi pas remaja, dhèwèké munafik. Kétoké apik, tapi sakjané kelakuané ora nggenah. Bertaun-taun bar kuwi, dhèwèké berubah lan akhiré memenuhi syarat kanggo dibaptis. Jennifer crita, ”Mbiyèn aku sèks bébas, mabuk-mabukan, ngamukan, lan mung ngutamakké dhuwit. Saka Alkitab aku ngerti nèk korban tebusané Yésus marakké Yéhuwah isa ngampuni dosa. Tapi meskipun wis njaluk diampuni lan bertobat, aku ora yakin nèk aku diampuni Yéhuwah.”

4 Nah, apa njenengan kadhang ya ngrasa kaya ngono? Élinga nèk Yéhuwah pénginé awaké dhéwé yakin nèk wis diampuni, kaya Daud. Makané, ing artikel iki bakal dibahas ngapa kok kudu yakin nèk wis diampuni Yéhuwah lan piyé bèn tambah yakin soal kuwi.

NGAPA KOK KUDU YAKIN NÈK WIS DIAMPUNI YÉHUWAH?

5. Apa salah siji siasaté Sétan? Kèkana conto.

5 Nèk yakin wis diampuni Yéhuwah, mengko ora bakal kapusan siasaté Sétan. Élinga, nèk Sétan nggunakké akèh cara bèn umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh. Salah siji carané kuwi nggawé meréka mikir nèk Yéhuwah ora bakal ngampuni dosané. Gatèkna sing tau kelakon ing jemaat Korintus. Ana wong lanang sing melakukan hubungan sèks sing ora pantes, terus ditokké saka jemaat. (1 Kor. 5:​1, 5, 13) Bar kuwi, dhèwèké bertobat. Tapi, Sétan berupaya mempengaruhi para sedulur bèn ora gelem ngampuni lan nyambut wong lanang kuwi. Nah, nèk para sedulur ora gelem ngampuni, wong lanang kuwi bakal mikir nèk Yéhuwah ya mesthi ora bakal ngampuni. Dhèwèké isa dadi ”nyerah merga sedhih banget” nganti ora gelem nglayani Yéhuwah manèh. Nganti saiki, siasaté Sétan isih padha, tapi ’awaké dhéwé ngerti siasaté’.—2 Kor. 2:​5-11.

6. Piyé bèn ora terus-terusan ngrasa bersalah?

6 Nèk yakin wis diampuni Yéhuwah, mengko ora bakal terus-terusan ngrasa bersalah. Mémang, ngrasa bersalah sakwisé melakukan kesalahan kuwi sesuatu sing wajar. (Mzm. 51:17) Kuwi apik soalé isa marakké dadi sadhar lan akhiré gelem berubah. (2 Kor. 7:​10, 11) Tapi, nèk terus-terusan ngrasa bersalah, kuwi bahaya. Apamanèh nèk wis bertobat tapi isih ngrasa bersalah, mengko suwé-suwé dadi ora gelem nglayani Yéhuwah manèh. Makané, kudu yakin nèk Yéhuwah wis bener-bener ngampuni. Élinga nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia nglayani Dhèwèké lan nduwé hati nurani sing pénak. (Kol. 1:​10, 11; 2 Tim. 1:3) Nah, piyé bèn isa yakin nèk wis bener-bener diampuni Yéhuwah?

PIYÉ BÈN TAMBAH YAKIN NÈK WIS BENER-BENER DIAMPUNI YÉHUWAH?

7-8. Wektu omongan karo Musa, apa sing ditonjolké Yéhuwah, lan ngapa kok kuwi isa dipercaya? (Pangentasan 34:​6, 7)

7 Renungna apa sing Yéhuwah tonjolké wektu njelaské soal sifaté. Misalé, wektu Yéhuwah omongan karo Musa ing Gunung Sinai.a (Wacanen Pangentasan 34:​6, 7.) Saka akèh sifat-sifaté Yéhuwah sing apik, sing ditonjolké kuwi nèk Dhèwèké ”Gusti Allah sing apikan [lan] gampang mesakké”. Coba pikirna, ’Nèk Yéhuwah ora gelem ngampuni, apa isa Dhèwèké disebut Gusti Allah sing apikan lan gampang mesakké? Dadi, nèk wong sing sayang Yéhuwah nggawé dosa tapi wis bertobat, Yéhuwah mesthi ngampuni.’

8 Omongané Yéhuwah nèk Dhèwèké gampang mesakké kuwi isa dipercaya, soalé Dhèwèké ora tau ngapusi. (Mzm. 31:5) Dadi nèk misalé saiki njenengan isih ngrasa bersalah, pikirna, ’Apa aku percaya nèk Yéhuwah gampang mesakké lan gelem ngampuni sapa waé sing wis bertobat?’ Nèk iya, yakina nèk njenengan mesthi ya wis diampuni Yéhuwah.

9. Apa sing isa dipelajari soal pengampunané Yéhuwah saka Mazmur 32:5?

9 Renungna sing diomongké Yéhuwah soal pengampunané. Misalé, kata-katané Daud ing Mazmur 32:5. (Wacanen.) Ing kono Daud ngomong, ”Njenengan ngapura salah lan dosaku.” Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”ngapura” isa berarti ”ngangkat”, ”njupuk”, utawa ”nggawa”. Dadi wektu Yéhuwah ngampuni Daud, seolah-olah Yéhuwah ngangkat beban utawa dosané Daud, terus digawa lunga. Daud dadi ngrasa lega banget lan ora ngrasa bersalah manèh. (Mzm. 32:​2-4) Padha kaya ngono, nèk wis bener-bener bertobat, awaké dhéwé ya ora perlu ngrasa bersalah manèh, merga beban kuwi wis diangkat lan digawa lunga karo Yéhuwah.

10-11. Apa maksudé Yéhuwah siap ngampuni? (Mazmur 86:5)

10 Wacanen Mazmur 86:5. Daud nyebut Yéhuwah siap ngampuni. Kuwi berarti, Yéhuwah ora langsung nesu nèk umaté nggawé salah, lan selalu péngin ngampuni wong sing bertobat. Ngapa kok Yéhuwah isa kaya ngono? Ing cathetan ngisor ayat kuwi disebutké nèk Yéhuwah ”nduduhké katresnan sing langgeng sing gedhé banget”. Kaya sing dibahas ing artikel sakdurungé, merga nduwé katresnan sing langgeng, Yéhuwah ora bakal ninggalké wong-wong sing sayang Dhèwèké. Dadi nèk wong kuwi wis bertobat, Yéhuwah bakal ”bener-bener ngapura”. (Yés. 55:7) Nah, nèk njenengan ragu apa wis diampuni Yéhuwah, pikirna, ’Apa aku yakin nèk Yéhuwah siap ngampuni sapa waé sing wis bertobat lan njaluk bèn dimesakké? Nèk iya, aku kuduné yakin nèk aku ya wis diampuni.’

11 Rasané nentremké banget merga ngerti nèk Yéhuwah bener-bener memahami nèk awaké dhéwé durung sempurna. (Mzm. 139:​1, 2) Daud ya nyebutké soal kuwi ing mazmur liyané. Nèk mempelajari kuwi, mengko isa tambah yakin nèk wis bener-bener diampuni Yéhuwah.

APA SING SELALU DIÉLING-ÉLING YÉHUWAH?

12-13. Menurut Mazmur 103:​14, Yéhuwah éling apa soal awaké dhéwé, lan kuwi marakké Dhèwèké dadi piyé?

12 Wacanen Mazmur 103:14. Daud ngandhani salah siji alesané ngapa kok Yéhuwah siap ngampuni wong sing bertobat. Daud ngomong, ”[Yéhuwah] éling nèk awaké dhéwé iki mung debu.” Berarti, Yéhuwah selalu éling nèk manungsa kuwi ora sempurna. Ayo nggatèkké keterangan luwih akèh soal kuwi.

13 Yéhuwah nyiptakké Adam ”saka debu”. Kadhang, istilah ”debu” dienggo nggambarké nèk manungsa nduwé keterbatasan. Misalé, bahkan manungsa sing sempurna waé ya butuh mangan, turu, lan ambegan. (PD. 2:7) Tapi, kèt Adam lan Hawa dosa, istilah ”mung debu” kuwi ya berarti kèt lair manungsa wis dosa lan gampang kegodha kanggo nglakoni sing salah. Wektu ngomong nèk Yéhuwah ”éling” manungsa mung debu, maksudé Daud kuwi Yéhuwah ora mung ngerti nèk manungsa wis dosa, tapi ya bakal selalu ngrasa mesakké. Dadi, kesimpulané: Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé mesthi bakal nggawé salah. Tapi nèk bener-bener bertobat, bakal dimesakké lan diampuni.—Mzm. 78:​38, 39.

14. (a) Menurut Mazmur 103:​12, Yéhuwah ngampuniné kuwi nganti piyé? (b) Saka contoné Daud, apa sing isa dipelajari soal pengampunané Yéhuwah? (Deloken kothak ”Nèk Yéhuwah Ngampuni, Yéhuwah Ya Nglalèkké”.)

14 Yéhuwah ngampuniné kuwi nganti piyé? (Wacanen Mazmur 103:12.) Daud ngomong nèk wektu ngampuni, Yéhuwah seolah-olah nyingkirké dosa ”nganti adoh banget, adohé kaya wétan karo kulon”. Wétan kuwi jarak sing paling adoh saka kulon. Wétan karo kulon ya ora mungkin ketemu. Ana keterangan soal kuwi ing siji réferènsi: ”Nèk dosa disingkirké seadoh kuwi berarti ambu lan bekasé wis ora ana. Dadi kuwi wis ora mungkin diéling-éling manèh.” Kadhang, ambu isa marakké kèlingan sesuatu. Tapi nèk ambuné waé wis ora ana, berarti wektu Yéhuwah ngampuni, Dhèwèké wis ora bakal ngéling-éling dosa kuwi manèh utawa ngukum awaké dhéwé merga dosa kuwi.—Yèh. 18:​21, 22; Kis. 3:19.

Gambar: 1. Raja Daud saka lantai ndhuwur istanané ndeloki Bat-syéba sing lagi adus. 2. Dhèwèké ndonga lan nyritakké nèk menyesal banget. 3. Karo nulis, dhèwèké merenung.

Nèk Yéhuwah Ngampuni, Yéhuwah Ya Nglalèkké

Menurut Alkitab, nèk Yéhuwah wis ngampuni, Dhèwèké ora bakal ngéling-éling dosa kuwi manèh utawa ngukum merga dosa kuwi. (Yés. 43:25) Dadi, meskipun wis tau nggawé kesalahan sing gedhé, awaké dhéwé isih isa tetep akrab karo Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Raja Daud.

Daud tau melakukan beberapa dosa gedhé. Misalé, laku jina lan matèni wong. Tapi merga bener-bener bertobat, Yéhuwah ngampuni dhèwèké. Daud ya gelem dinaséhati, berubah melakukan sing bener, lan ora tau mbalèni dosané manèh.—2 Sam. 11:​1-27; 12:13.

Terus, Yéhuwah ya tau ngomong karo Salomo, ”Kowé [kudu] nglayani Aku saktulusé ati lan nindakké sing bener kaya Daud bapakmu.” (1 Raj. 9:​4, 5) Ing kono, dosané Daud ora diungkit-ungkit manèh. Malah Yéhuwah nyebut Daud wong sing atiné tulus lan selalu melakukan sing bener. Yéhuwah ya ”mènèhi [Daud] upah” merga dhèwèké tetep setya.—Mzm. 13:​6, cathetan ngisor.

Apa pelajarané? Wektu ngampuni, Yéhuwah wis ora mikirké dosa kuwi manèh tapi nggolèki apiké awaké dhéwé bèn isa mberkahi. (Ibr. 11:6) Dadi, nèk Yéhuwah waé wis nglalèkké dosa kuwi, mosok awaké dhéwé arep ngéling-éling terus?

15. Nèk isih terus-terusan ngrasa bersalah merga kesalahan sing mbiyèn, apa sing isa dilakukan?

15 Nèk isih terus ngrasa bersalah merga kesalahan sing mbiyèn, renungna Mazmur 103. Saka ayat-ayat kuwi, pikirna: ’Apa aku lali nèk Yéhuwah selalu éling nèk aku isih durung sempurna lan mesthi bakal ngampuni nèk aku bertobat? Apa aku éling nèk Yéhuwah wis nglalèkké dosaku lan ora bakal ngungkit-ungkit utawa ngukum aku merga dosa kuwi?’ Nèk Yéhuwah waé wis ora ngéling-éling kesalahané njenengan sing mbiyèn, njenengan kuduné ya ora mikirké kuwi manèh. (Mzm. 130:3) Nèk yakin wis bener-bener diampuni Yéhuwah, mengko ora bakal terus-terusan ngrasa bersalah lan isa terus bahagia nglayani Yéhuwah.

16. Ngapa kok aja nganti terus-terusan fokus karo kesalahan sing mbiyèn? Kèkana perumpamaan. (Deloken gambar.)

16 Perumpamaané ngéné: Nèk nyetir mobil, kadhang mémang kudu ndelok spion bèn isa menghindari bahaya saka mburi. Tapi nèk ndelok spion terus, mengko dadi ora isa fokus karo sing ing ngarep. Padha kaya ngono, kadhang apik nèk ngéling-éling kesalahan sing mbiyèn bèn isa belajar lan ora mbalèni manèh kesalahan kuwi. Tapi nèk fokusé kuwi terus, mengko dadi terus-terusan ngrasa bersalah lan ora bahagia nglayani Yéhuwah. Kuduné, fokusé kuwi sing isa dilakukan saiki kanggo nglayani Yéhuwah lan terus mikirké janjiné Yéhuwah nèk sukmbèn kabèh kenangan sing èlèk ”ora bakal diéling-éling manèh”.—Yés. 65:17; WB. 4:25.

Pas nyetir ing dalan sing ménggak-ménggok, sedulur lanang nglirik spion tengah.

Wektu nyetir, aja ndelok spion terus, tapi kudu fokus karo sing ing ngarep. Padha kaya ngono, aja terus-terusan mikirké kesalahan sing mbiyèn, tapi fokus karo berkah ing masa depan. (Deloken paragraf 16)


TERUSA YAKIN

17. Ngapa kok kudu terus yakin nèk disayangi lan wis diampuni Yéhuwah?

17 Ngrasa yakin nèk disayangi lan wis diampuni Yéhuwah kuwi penting banget. (1 Yoh. 3:19) Soalé, Sétan bakal terus nggunakké akèh cara kanggo nggawé awaké dhéwé mikir nèk ora disayangi utawa diampuni Yéhuwah. Tujuané Sétan kuwi bèn awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah. Apamanèh, merga ngerti nèk saiki wektuné tinggal sithik, dhèwèké mesthi bakal luwih berupaya mati-matian. (Why. 12:12) Tapi, aja nganti Sétan menang.

18. Piyé bèn isa tambah yakin nèk disayangi lan diampuni Yéhuwah?

18 Bèn isa tambah yakin nèk disayangi Yéhuwah, trapna saran-saran sing wis dibahas ing Artikel Pelajaran 33. Terus, bèn isa yakin nèk wis diampuni Yéhuwah, renungna apa sing Yéhuwah tonjolké wektu njelaské soal sifaté. Renungna sing diomongké Yéhuwah soal pengampunané. Aja lali nèk Yéhuwah ngerti njenengan ora sempurna, makané Dhèwèké mesthi bakal ngrasa mesakké. Terus, élinga nèk Yéhuwah ngampuniné kuwi mesthi nganti tuntas. Daud ngrasa lega merga yakin nèk wis diampuni Yéhuwah. Njenengan ya isa ngrasa kaya ngono, lan ngomong, ”Maturnuwun Yéhuwah merga wis ’ngapura salah lan dosaku’.”—Mzm. 32:5.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok kudu yakin nèk wis diampuni Yéhuwah?

  • Piyé bèn tambah yakin nèk wis diampuni Yéhuwah?

  • Ngapa kok kudu terus yakin nèk wis diampuni Yéhuwah?

LAGU 1 Sifat-sifaté Yéhuwah

a Deloken artikel ”Mendekatlah kepada Allah—Ketika Yehuwa Memperkenalkan Diri-Nya” ing Menara Pengawal 1 Mei 2009.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim