PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 Desember hlm. 3-8
  • Merga Sih-Rahmaté Gusti Allah Panjenengan Dibébaské

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Merga Sih-Rahmaté Gusti Allah Panjenengan Dibébaské
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • DIAPURA MERGA SIH-RAHMATÉ GUSTI ALLAH
  • NGAJÈNI SIH-RAHMATÉ GUSTI ALLAH
  • PANJENENGAN ISA NGLAWAN DOSA
  • Ngajèni Sih-Rahmaté Gusti Allah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Wartakna Sih-Rahmaté Gusti Allah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Tetep ”Apikan” karo Wong Liya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 Desember hlm. 3-8
Rasul Paulus nginjil ing kutha Roma

Merga Sih-Rahmaté Gusti Allah Panjenengan Dibébaské

”Dosa ora bakal nguwasani kowé manèh, marga kowé padha . . . kawengku ing sih-rahmat.”​—RM. 6:14.

LAGU: 2, 29

APA JAWABANÉ?

  • Apa sebabé tebusan kuwi wujud sih-rahmaté Yéhuwah?

  • Piyé awaké dhéwé ”wus padha mati tumraping dosa”?

  • Apa sebabé nèk ngajèni sih-rahmaté Gusti Allah, kita bakal ngedohi kabèh dosa klebu sing dudu dosa gedhé?

1, 2. Apa gunané Rum 5:12 kanggo kita?

RUM 5:12 kandha, ”Tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wus padha gawé dosa.” Awaké dhéwé wis apal lan kerep nggunakké ayat kuwi wektu mulang Alkitab.

2 Ayat kuwi kerep disebutké ing buku Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan? lan Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? kususé ing bab 3, 5, lan 6. Wektu sinau Alkitab bareng karo anak-anak kita utawa wong liya, kita biyasané nggunakké Rum 5:12 kanggo nerangké bab kersané Gusti Allah kanggo bumi, apa sebabé kita butuh tebusan, lan apa sebabé kita mati. Ning, ayat kuwi uga isa mbantu kita kabèh luwih ngajèni hubungan karo Yéhuwah, nduwé tékad luwih gedhé kanggo nyenengké Yéhuwah, lan terus ngarep-arep janjiné Yéhuwah.

3. Awaké dhéwé kudu rumangsa apa?

3 Merga dosa, saben dina kita kabèh tumindak salah. Ning, Yéhuwah kuwi welas asih lan ngerti nèk kita ora sampurna sarta gelem ngapura kita. (Ms. 103:13, 14) Yésus kandha nèk awaké dhéwé kudu njaluk pangapura marang Gusti Allah. (Lk. 11:2-4) Nèk Yéhuwah wis ngapura kesalahané awaké dhéwé mbiyèn, awaké dhéwé ora perlu terus mikirké kesalahan kuwi. Ayo dirembug apa sebabé Yéhuwah isa ngapura kita.

DIAPURA MERGA SIH-RAHMATÉ GUSTI ALLAH

4, 5. (a) Apa sing isa mbantu kita ngerti tegesé Rum 5:12? (b) Apa tegesé ”sih-rahmat”?

4 Buku Rum, kususé ing bab 6, nerangké apa sebabé Yéhuwah isa ngapura dosa-dosa kita. Bab 3 njelaské nèk ”kabèh wong wis padha gawé dosa”. Banjur Paulus nerangké, ”Padha kabeneraké kanthi lelahanan awit saka sih-rahmaté lumantar panebusé Sang Kristus Yésus.” (Rm. 3:23, 24) Tembung Yunani sing diterjemahké dadi ”sih-rahmat” maksudé yaiku tumindak welas asih tanpa ngarepké balesan marang wong sing sakjané ora pantes nampa.

5 Ana ahli sing nerangké nèk Alkitab nyebutké tumindak welas asihé Gusti Allah lan Yésus kuwi ana gandhèngané karo tumindaké nylametké manungsa saka dosa lan pati. Mula, Alkitab nerjemahké tumindak welas asih kuwi saka basa Yunaniné dadi ”sih-rahmat”. Ayo dirembug apa sing wis Gusti Allah tindakké kanggo kita lan piyé sih-rahmaté migunani kanggo kita saiki lan mènèhi pangarep-arep kanggo urip mbésuk.

Merga sih-rahmaté, Yéhuwah nylametké kabèh manungsa liwat Yésus Kristus

6. Sih-rahmaté Gusti Allah kuwi migunani kanggo sapa waé? Apa sebabé?

6 Merga Adam dosa, kabèh manungsa dadi ora sampurna lan ngalami pati. Mula, Alkitab kandha nèk ”marga saka paneraké wong siji, si pati wus masésa marga saka wong siji iku”. Ning merga sih-rahmaté, Yéhuwah wis nyedhiyakké sarana kanggo nylametké kabèh manungsa liwat ”wong siji, yaiku Gusti Yésus Kristus”. (Rm. 5:12, 15, 17) ”Marga saka pambangun-turuté wong siji kabèh wong banjur padha dadi wong kang bener.” Wong-wong uga isa ngarep-arep ”urip langgeng, marga déning Gusti Yésus Kristus”.​—Rm. 5:19, 21.

7. Apa sebabé tebusan kuwi sih-rahmaté Gusti Allah sing sakjané ora pantes ditampa?

7 Coba dipikir, Yéhuwah ora kudu maringké Putrané dadi tebusan. Ning, merga sih-rahmaté sing gedhé, Yéhuwah nyedhiyakké sarana kanggo nylametké kita saka dosa lan pati. Sakjané ora ana sing pantes nampa sih-rahmaté Gusti Allah lan Yésus. Kita mesthi seneng banget merga Yéhuwah lan Yésus wis maringi pangapura lan urip saklawasé. Awaké dhéwé isa nduduhké rasa sokur liwat carané urip saben dina.

NGAJÈNI SIH-RAHMATÉ GUSTI ALLAH

8. Pikiran kaya apa sing kudu dibuwang?

8 Kita ngerti nèk Gusti Allah gelem ngapura dosa, klebu dosa sing gedhé. Ning, awaké dhéwé aja nganti nggunakké sih-rahmaté Yéhuwah kanggo alesan wektu tumindak salah banjur mikir, ’Yéhuwah bakal ngapura aku.’ Ing abad kapisan, wektu ana para rasul sing isih urip, ana wong-wong Kristen sing mikir kaya ngono. (Wacanen Yudas 4.) Saiki, awaké dhéwé uga perlu ngati-ati aja nganti dipengaruhi cara mikir kaya ngono.

9, 10. Piyé Paulus lan liyané dibébaské saka dosa lan pati?

9 Paulus ngélikké wong-wong Kristen supaya aja nduwé pikiran nèk Gusti Allah bakal ngapura wong sing isih terus nindakké dosa. Paulus kandha nèk pikiran kaya ngono kudu dibuwang merga wong-wong kuwi ”wis mati tumraping dosa”. (Wacanen Rum 6:1, 2.) Apa maksudé?

Awaké dhéwé isa milih arep nyerah apa ora marang pikiran lan kepénginan sing salah

10 Merga tebusan, Gusti Allah wis ngapura dosa-dosané Paulus lan wong-wong Kristen ing abad kapisan. Yéhuwah ngurapi wong-wong kuwi nganggo roh suci bèn dadi putra-putrané. Nèk tetep setya, wong-wong kuwi bakal urip ing swarga lan mréntah bareng karo Yésus. Merga isih urip ing bumi, piyé wong-wong kuwi ”wis mati tumraping dosa”? Paulus njelaské nèk uripé wong-wong kuwi wis malih tenan. Kuwi kaya sing dialami Yésus wektu diuripké manèh dadi makhluk roh sing ora isa mati. Dadi, ”pati wis ora nguwasani Panjenengané manèh”. Semono uga, wong-wong Kristen kuwi wis mati merga uripé wis malih sarta ora dikuwasani dosa lan malah saiki padha ngupaya nyenengké Yéhuwah. Wong-wong kuwi ’wus padha mati tumraping dosa, nanging padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yésus’.​—Rm. 6:9, 11.

11. Piyé awaké dhéwé ”wis mati tumraping dosa”?

11 Nèk awaké dhéwé piyé? Piyé awaké dhéwé ”wis mati tumraping dosa”? Mbiyén, isa waé awaké dhéwé nindakké akèh kesalahan tanpa mikir pandhangané Yéhuwah. Kita dadi kaya ”baturing rereged lan duraka”, yaiku ”dadi baturé si dosa”. (Rm. 6:19, 20) Ning, sakwisé sinau Alkitab bab carané urip sing nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé ngowahi urip, janji ngabdi marang Yéhuwah, banjur dibaptis. Awaké dhéwé nduwé tékad kanggo manut lan nyenengké Yéhuwah. Kita ”wis padha kaluwaran saka ing dosa” lan ”dadi abdining kabeneran”.​—Rm. 6:17, 18.

12. Awaké dhéwé nduwé pilihan apa?

12 Ning, kita isih nduwé pilihan. Paulus kandha, ”Dosa aja nganti nguwasani badanmu kang kena ing pati iku manèh, supaya kowé aja nganti nuruti pepénginané manèh.” (Rm. 6:12) Awaké dhéwé isa milih arep nyerah apa ora marang pikiran lan kepénginan sing salah. Coba dipikir, ’Apa aku nyerah marang kepénginan sing salah lan nindakké sing ala? Utawa, apa aku langsung nampik kepénginan kuwi?’ Nèk tenanan ngajèni sih-rahmaté Gusti Allah, awaké dhéwé bakal ngupaya tenanan kanggo nyenengké Yéhuwah.

PANJENENGAN ISA NGLAWAN DOSA

13. Apa buktiné nèk awaké dhéwé isa nindakké sing bener?

13 Ing abad kapisan, ana wong-wong ing Korintus sing mbiyèné seneng nyolong, nglakoni homo-sèks, laku jina, nyembah brahala, lan seneng mendem. Ning, sakwisé kenal lan tresna marang Yéhuwah, wong-wong kuwi ngowahi uripé. Wong-wong kuwi rumangsa isin merga tumindaké mbiyèn. (Rm. 6:21; 1 Kr. 6:9-11) Wong-wong Kristen ing Roma uga perlu nindakké sing padha. Paulus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé aja masrahaké gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang mauné mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.” (Rm. 6:13) Paulus yakin nèk wong-wong kuwi isa nindakké sing bener lan terus ngajèni sih-rahmaté Gusti Allah.

14, 15. Apa sing kudu awaké dhéwé pikirké?

14 Semono uga, saiki ana para sedulur sing mbiyèné isa waé kaya wong-wong ing Korintus. Ning sakwisé kenal Yéhuwah, para sedulur kuwi ngowahi uripé, dadi kaya wis dikumbah bèn resik. Bèn isa nyenengké Yéhuwah, kita kabèh kudu ngowahi urip. Mula awaké dhéwé nduwé tékad kanggo nglawan kepénginan sing salah lan nggunakké urip kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngajèni sih-rahmaté Yéhuwah.

15 Pancèn, kita aja nganti nindakké dosa sing gedhé kaya sing ditindakké wong-wong ing Korintus. Kita ora isa ngarep-arep pangapura lan sih-rahmaté Yéhuwah, nèk isih terus nindakké dosa gedhé. Ning, piyé nèk dosané kuwi kétoké ora pati gedhé? Apa awaké dhéwé nduwé tékad kanggo ngupaya manut marang Yéhuwah ing kabèh perkara?​—Rm. 6:14, 17.

16. Apa buktiné nèk awaké dhéwé kudu ngedohi dosa sakliyané sing disebutké ing 1 Korinta 6:9-11?

16 Coba digatèkké pengalamané Paulus. Dhèwèké ora nindakké perkara-perkara sing disebutké ing 1 Korinta 6:9-11. Ning, Paulus ngakoni nèk dhèwèké isih dosa. Dhèwèké nulis, ”Aku iki awatak kadagingan, kaedol dadi budhaké si dosa. Sabab apa baé kang daklakoni iku, aku dhéwé ora sumurup. Ujer apa kang daklakoni iku mau dudu bab kang dakkarepaké; nanging apa kang daksengiti, iku kang daklakoni.” (Rm. 7:14, 15) Dadi, isih ana perkara-perkara salah liyané sing dianggep dosa, lan Paulus ngupaya tenanan bèn aja nganti nindakké kesalahan. (Wacanen Rum 7:21-23.) Kita kudu niru Paulus lan ngupaya tenanan kanggo manut marang Yéhuwah.

17. Apa sebabé panjenengan péngin jujur?

17 Contoné, kita ngerti nèk abdiné Yéhuwah kudu jujur. (Wacanen Wulang Bebasan 14:5; Éfesus 4:25.) Awaké dhéwé ora péngin kaya Sétan sing dadi ”bapakné sakabèhing goroh”, uga kaya Ananias lan bojoné sing mati merga ngapusi. (Yo. 8:44; PR. 5:1-11) Dadi, awaké dhéwé aja nganti ngapusi. Ning, jujur kuwi ora mung ngono. Nèk pancèn ngajèni sih-rahmaté Yéhuwah, awaké dhéwé uga bakal jujur ing perkara liyané.

18, 19. Apa tegesé jujur?

18 Yéhuwah péngin umaté ngomong sing saktenané. Yéhuwah ngendika marang wong-wong Israèl, ”Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.” Apa sebabé? Yéhuwah ngendika, ”Sira padha disuci, awitdéné Ingsun Yéhuwah Allahira iku suci.” (Km. 19:2, 11) Senajan ora ngapusi, nèk awaké dhéwé nggawé wong liya percaya bab sing ora bener, kuwi jenengé ora jujur.

Sedulur lanang lagi omongan karo juragané lan kanca-kancané lagi ngrungokké

Apa awaké dhéwé nduwé tékad kanggo jujur lan ngomong sing saktenané? (Deloken paragraf 19)

19 Contoné, ana wong lanang sing ngomong karo juragané utawa kanca kerjané nèk dhèwèké kudu mulih luwih cepet merga wis janjian karo dhokter. Ning, kuwi dudu alesan sing saktenané. ”Janjiané karo dhokter” sakjané mung arep mbayar utawa mung arep nebus obat ing apotik. Dhèwèké sakjané péngin mulih luwih cepet merga arep ndang mangkat dolan. Dadi, dhèwèké nggawé wong liya percaya bab sing ora bener. Apa kaya ngono kuwi jujur? Kadhang kala wong ora jujur merga kepéngin éntuk sing dikarepké utawa bèn ora diukum. Ning, Yéhuwah wis ngendika, ”Sira aja goroh.” Mula, awaké dhéwé péngin manut marang Yéhuwah lan ngomong sing saktenané.​—Rm. 6:19.

20, 21. Nèk ngajèni tenanan sih-rahmaté Yéhuwah, apa manèh sing kudu diedohi?

20 Pancèn, awaké dhéwé ora laku jina, seneng mendem, lan nindakké dosa gedhé liyané. Ning, nèk tenanan ngajèni sih-rahmaté Yéhuwah, kita uga ngedohi bab sing ora nyenengké Yéhuwah. Contoné, awaké dhéwé ora mung ngedohi laku jina, ning uga ngedohi hiburan sing saru. Awaké dhéwé ora mendem, lan uga ora ngombé alkohol nganti mèh mendem. Awaké dhéwé isa ngedohi kuwi kabèh, senajan kudu ngupaya tenanan.

21 Paulus kandha, ”Dosa aja nganti nguwasani badanmu kang kena ing pati iku manèh, supaya kowé aja nganti nuruti pepénginané manèh.” (Rm. 6:12; 7:18-20) Pancèn, awaké dhéwé ora sampurna. Ning, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan ngedohi dosa. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngajèni tenanan sih-rahmaté Yéhuwah lan Yésus.

22. Apa berkahé nèk awaké dhéwé ngajèni tenanan sih-rahmaté Yéhuwah?

22 Merga sih-rahmaté Yéhuwah, dosa-dosa kita wis diapura lan isa terus diapura. Mula, nèk ngajèni sih-rahmaté Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan ngedohi perkara-perkara sing salah senajan ana sing nganggep nèk kuwi dudu dosa gedhé. Apa berkahé nèk awaké dhéwé nindakké kuwi? Paulus kandha, ”Saiki bareng kowé wus padha kauwalaké saka ing dosa lan bareng kowé wus padha dadi abdining Allah, kowé padha ngundhuh woh kang nuntun kowé marang kasucèn sarta wekasané iku urip kang langgeng.”​—Rm. 6:22.

KATRANGAN TEMBUNG

  • Sih-rahmaté Gusti Allah: Merga tresna banget marang kita, Yéhuwah maringké putrané dadi tebusan supaya kita nduwé kesempatan urip saklawasé. Kuwi hadiah saka Yéhuwah. Kita sakjané ora pantes nampa hadiah kuwi

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim