PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w17 Maret hlm. 27-31
  • Sinau saka Para Sedulur sing Wicaksana

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sinau saka Para Sedulur sing Wicaksana
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KELUARGAKU
  • ÉNTUK BANTUAN SAKA PARA PINITUWA WILAYAH
  • NGABDI ING BÈTEL
  • SINAU SAKA PARA SEDULUR WÉDOK SING WICAKSANA
  • DADI UTUSAN INJIL LAN PINITUWA WILAYAH
  • BALI MENYANG BÈTEL LAN NGURUSI SEKOLAH-SEKOLAH
  • Yéhuwah Mberkahi Keputusanku
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
w17 Maret hlm. 27-31
William Samuelson sing isih enom lagi ngetik

PENGALAMAN

Sinau saka Para Sedulur sing Wicaksana

Dicritakké karo William Samuelson

PIRANG-PIRANG taun kepungkur, ésuk-ésuk aku lan para sedulur nglumpuk ing njero lumbung gedhé sing adhem banget ing kutha Brookings, Dakota Selatan, AS. Wektu kuwi pancèn arep nyedhaki musim sing adhem banget. Aku lan para sedulur kuwi ngadeg ing cedhaké tandhon gedhé sing isiné banyu adhem. Ayo tak critani pengalamanku bèn ngerti apa sebabé aku lan para sedulur kuwi ana ing kono.

KELUARGAKU

Pakdhéné lan bapaké William Samuelson

Pakdhé Alfred lan Bapakku

Aku lair tanggal 7 Maret 1936. Wong tuwaku nduwé anak papat lan aku anak ragil. Aku lan keluargaku manggon ing panggonan cilik dinggo tani lan ngingu ternak ing Dakota Selatan sisih wétan. Wong tuwaku dadi Seksi Yéhuwah ing taun 1934. Merga wis janji ngabdi marang Yéhuwah, mula gawéan sing paling utama kanggo keluargaku dudu tani lan ternak nanging nindakké kersané Yéhuwah. Bapakku, sing jenengé Clarence, uga pakdhéku, sing jenengé Alfred, dadi hamba paguyuban (nèk saiki koordinator pinituwa) ing jemaat cilik ing kutha Conde, Dakota Selatan.

Keluargaku ajeg ngibadah lan nginjil ing omah-omah. Wong tuwaku mènèhi conto lan pelatihan sing nggawé anak-anaké dadi tresna marang Yéhuwah. Aku lan mbakyuku sing jenengé Dorothy dadi penginjil wektu umur nem taun. Aku mèlu Sekolah kanggo Mulang Alkitab ing taun 1943, pas sekolahé ya lagi waé dimulai.

William Samuelson taun 1952

Dadi perintis taun 1952

Aku sak keluarga mesthi ajeg teka ing kebaktian. Aku kèlingan mèlu kebaktian ing kutha Sioux Falls, Dakota Selatan, taun 1949. Sedulur Grant Suiter nyampèkké ceramah sing judhulé ”Dinané Yéhuwah Wis Cedhak Banget”. Dhèwèké nyemangati para penginjil sing wis dibaptis kanggo ngupaya tenanan martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Sakwisé kuwi, aku dibaptis pas kebaktian ing Brookings tanggal 12 November 1949. Kaya sing tak critakké mau, aku lan telung sedulur liyané ngadeg ing lumbung gedhé sing adhem banget lan nunggu arep dibaptis ing tandhon banyu gedhé sing digawé saka baja.

Sakwisé kuwi, aku mutuské dadi perintis ing tanggal 1 Januari 1952, wektu umurku 15 taun. Alkitab kandha, ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana.” Ing keluargaku, ana akèh wong sing wicaksana lan ndhukung keputusanku kanggo dadi perintis. (WB. 13:20) Aku kerep nginjil bareng pakdheku sing jenengé Julius, sing umuré 60 taun. Senajan dhèwèké luwih tuwa, aku seneng isa nginjil bareng lan sinau saka pengalamané. Dorothy uga dadi perintis ora suwé sakwisé kuwi.

ÉNTUK BANTUAN SAKA PARA PINITUWA WILAYAH

Pas aku isih enom, wong tuwaku kerep ngundang para pinituwa wilayah lan bojoné nginep ing omah. Salah sijiné yaiku Jesse lan Lynn Cantwell sing gatèkan lan nguwatké aku. Nèk wong loro kuwi lagi ngunjungi jemaat sing cedhak karo omahku, kadhang kala aku dijak mèlu nginjil bareng. Aku seneng banget lan dadi nduwé tékad kanggo niru wong-wong kuwi sing mempeng nindakké gawéané Yéhuwah sarta dadi perintis.

Pinituwa wilayah liyané yaiku Bud Miller lan bojoné sing jenengé Joan. Wektu wong loro kuwi marani jemaatku, umurku 18 taun. Wektu kuwi, aku kudu lapor menyang petugas pamréntah sing ngatur wong-wong sing mèlu wajib militèr. Nèk mèlu wajib militèr, kuwi tegesé nglanggar préntahé Yésus sing mulang bèn para muridé ora mèlu-mèlu urusan politik. Aku ya péngin martakké kabar apik bab Kratoné Allah. (Yo. 15:19) Dadi, aku ngomong nèk aku iki penginjil.

Aku seneng merga Sedulur Miller gelem ngancani aku nemoni petugas pamréntah kuwi. Sedulur Miller kuwi kendel lan ora isinan sarta apal ayat-ayat Alkitab. Kuwi nggawé aku dadi luwih kendel. Wektu musim panas taun 1954, petugas pamréntah ngijinké aku bébas wajib militèr. Dadi, saiki aku isa luwih akèh ngabdi marang Yéhuwah.

William Samuelson dadi anggota Bètel, nganggo truk duwèké Bètel

Dadi anggota Bètel, nganggo truk duwèké Bètel

Ora suwé sakwisé kuwi, aku diundang kerja ing Bètel, sing wektu kuwi diarani Perladangan Watchtower, ing Staten Island, New York. Aku ngabdi ing kana kira-kira telung taun suwéné. Aku éntuk akèh pengalaman sing apik merga isa srawung lan kerja bareng karo akèh sedulur sing wicaksana.

NGABDI ING BÈTEL

William Samuelson ing WBBR karo Frederick Franz

Karo Sedulur Franz ing WBBR

Ing kono uga ana stasiun radhioné Seksi-Seksi Yéhuwah sing diarani WBBR, sing digunakké saka taun 1924 nganti 1957. Mung ana 15 nganti 20 anggota keluarga Bètel sing ditugaské ing Perladangan Watchtower, akèh-akèhé isih enom lan durung nduwé pengalaman. Ning, ing kono ana Eldon Woodworth, sedulur lanang terurap sing wis tuwa. Dhèwèké dadi kaya bapak lan ngajari aku sarta sedulur liyané. Kadhang kala, wektu ana sing nduwé masalah karo siji lan sijiné, Sedulur Woodworth kandha nèk apa sing Yéhuwah tindakké kuwi pancèn nggumunké tenan senajan nggunakké wong-wong sing ora sampurna.

Harry Peterson

Harry Peterson semangat nginjil

Ana uga Sedulur Frederick W. Franz sing nyambut gawé bareng ing kono. Sedulur Franz kuwi wicaksana, apal ayat Alkitab, sarta gatèkan karo aku lan para sedulur. Tukang masak ing kono jenengé Harry Peterson. Jeneng asliné angèl banget, yaiku Papargyropoulos. Dhèwèké uga sedulur sing terurap lan seneng banget nginjil. Sedulur Peterson nyambut gawé tenanan ing Bètel lan ora tau ninggalké tugas nginjil. Saben sasi dhèwèké isa ngedum atusan majalah. Dhèwèké uga apal ayat-ayat lan isa njawab akèh pitakonanku lan para sedulur.

SINAU SAKA PARA SEDULUR WÉDOK SING WICAKSANA

Ing kono, aku lan para kanca nyepakké woh-wohan lan sayur-sayuran kanggo diawètké lan diwadhahi nganggo kalèng-kalèng gedhé. Saben taun, kudu nyepakké kira-kira 45.000 kalèng gedhé kanggo kebutuhané keluarga Bètel. Aku kerja bareng karo sedulur wédok sing wicaksana, sing jenengé Etta Huth. Para sedulur wédok sing ana ing dhaérah kono ya ngéwangi. Etta sing ngatur gawéané lan nggawé resèp kanggo ngolah bahan-bahan kuwi. Senajan ngerti akèh bab carané ngolah bahan-bahan mau, Etta tetep ngajèni para sedulur lanang sing ngawasi gawéan ing kono. Kuwi dadi tuladha sing apik banget kanggo aku kabèh.

William and Angela Samuelson with Etta Huth

Karo Angela lan Etta Huth

Salah siji sedulur wédok enom sing ngéwangi ing kono yaiku Angela Romano, sing sinau Alkitab karo Etta. Aku nikah karo Angie sasi April 1958 lan ngabdi bebarengan nganti 58 taun. Kasetyané Angie marang Yéhuwah nggawé urip bebojoanku dadi saya kuwat. Angie kuwi wong wédok sing wicaksana lan aku isa ngendelké dhèwèké ora soal ngadhepi masalah apa waé.

DADI UTUSAN INJIL LAN PINITUWA WILAYAH

Sakwisé stasiun radhio WBBR sing ana ing Staten Island didol ing taun 1957, aku ngabdi sedhéla ing Bètel Brooklyn. Sakwisé nikah, aku metu saka Bètel lan nyambut gawé ing stasiun radhio kuwi, sing saiki dadi duwèké wong liya lan dijenengi WPOW. Wektu kuwi, aku dadi perintis telung taun bareng karo bojoku.

Aku lan Angie tetep urip sedherhana, dadi isa ngabdi ing dhaérah ngendi waé sing luwih mbutuhké penginjil. Akiré, taun 1961 aku wong loro éntuk undangan dadi perintis istiméwa ing Falls City, Nebraska. Ning, ora suwé sakwisé tekan kono, aku lan bojoku diundang menyang South Lansing, New York, kanggo mèlu Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat sing suwéné sesasi. Aku lan Angie seneng banget lan mikir nèk bar kuwi bakal balik menyang Nebraska. Dadi, aku lan bojoku kagèt banget wektu ngerti nèk bakal ditugaské dadi utusan injil ing Kamboja, negara sing éndah banget ing Asia Tenggara. Ing kono, aku wong loro isa ngerti lan ngrasakké akèh bab sing anyar lan péngin banget nginjil marang wong-wong.

William and Angela Samuelson in 1975

Karo Angela taun 1975, sakdurungé diwawancarai ing TV

Ning, kahanan politik ing kono ngerti-ngerti malih lan aku wong loro kudu lunga menyang Vietnam sisih kidul. Sayangé, sakwisé rong taun aku lara parah lan kudu bali menyang Amerika Serikat. Sakwisé mari, aku lan bojoku mulai dadi perintis manèh.

Sasi Maret 1965, aku mulai ngabdi dadi pinituwa wilayah ing kutha New York lan ing sekitaré. Saksuwéné 33 taun, aku lan Angie seneng isa ngabdi dadi pinituwa wilayah lan distrik sarta mbantu ing kebaktian-kebaktian. Aku seneng banget saben ana kebaktian lan wektu kuwi aku isa mèlu kebaktian-kebaktian ing Yankee Stadium.

BALI MENYANG BÈTEL LAN NGURUSI SEKOLAH-SEKOLAH

Pirang-pirang taun aku lan Angie nampa tugas-tugas sing anyar lan ora gampang. Taun 1995, aku ditugaské mulang Sekolah Pelatihan Pelayanan. Telung taun sakbanjuré, aku wong loro diundang menyang Bètel. Wis 40 taun aku ora ngabdi ing Bètel. Dadi, saiki aku seneng banget merga isa dadi abdi kusus ing Bètel. Aku nyambut gawé ing Departemèn Dinas lan dadi instruktur kanggo sekolah-sekolah. Taun 2007, Pengurus Pusat nggawé Departemèn Sekolah Téokratis kanggo ngurusi sekolah-sekolah sing dianakké ing Bètel, lan aku sing dadi pengawas ing kono saksuwéné pirang-pirang taun.

Durung suwé iki, sekolah-sekolah ing Bètel padha diowahi. Sekolah kanggo Pinituwa Jemaat mulai dianakké taun 2008, lan nganti rong taun sakbanjuré, luwih saka 12.000 pinituwa mèlu sekolah ing Patterson lan Bètel Brooklyn. Saiki, sekolah kuwi uga dianakké ing akèh panggonan. Taun 2010, Sekolah Pelatihan Pelayanan diganti jenengé dadi Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang, lan ana sekolah anyar sing digawé, yaiku Sekolah Alkitab bagi Pasangan Kristen.

Sasi September 2014, rong sekolah kuwi digabung dadi Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Para siswané isa sing wis nduwé bojo utawa sedulur lanang lan wédok sing isih legan. Para sedulur ing saklumahing bumi padha seneng banget merga sekolah iki isa dianakké ing negarané dhéwé. Seneng banget ndelok luwih akèh sedulur sing isa éntuk kesempatan kanggo mèlu sekolah iki. Aku uga seneng banget isa ketemu karo akèh sedulur sing gelem ngowahi uripé bèn isa mèlu sekolah iki.

Aku maturnuwun marang Yéhuwah merga isa srawung karo akèh sedulur sing wicaksana, saka sakdurungé aku dibaptis nganti saiki. Para sedulur kuwi mbantu aku bèn isa kenal lan ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Ana sing luwih enom lan ana sing luwih tuwa, sarta asalé saka budaya sing béda-béda. Ning, aku wis ndelok dhéwé nèk wong-wong kuwi tresna tenan marang Yéhuwah. Aku seneng banget merga isa sinau saka akèh kanca sing wicaksana ing antarané umaté Yéhuwah.

William Samuelson omong-omongan karo para siswa

Seneng ketemu para siswa saka ngendi-endi

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim