PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w17 Oktober hlm. 32
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pitakonané Sing Maca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
w17 Oktober hlm. 32

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa sebabé ngucapké sumpah kuwi dikutuk karo Yésus?

Wong lanang sing ngucapké sumpah ing bait

HUKUM Musa ngéntukké wong-wong nggawé sumpah. Contoné yaiku kandha, ”Sumpah demi Gusti Allah,” utawa ”Sumpah demi asmané Yéhuwah.” Ning, wong-wong Yahudi ing jamané Yésus kerep banget ngucapké sumpah, nganti mèh saben ngomong waé mesthi ngucapké sumpah. Tujuané bèn apa sing diomongké kuwi luwih dipercaya karo wong liya. Ning, Yésus ngutuk tumindak sing ora ana gunané kuwi nganti ping pindho. Yésus kandha, ”Yèn iya, kandhaa: iya, yèn ora, kandhaa: ora.”​—Mt. 5:33-37; 23:16-22.

Nurut Theological Dictionary of the New Testament, cathetan Talmud nerangké kanthi rinci bab sumpah apa sing kudu ditetepi lan sing isa waé dilanggar. Dadi, kuwi mbuktèkké nèk wong-wong Yahudi mbiyèn pancèn kerep ngucapké sumpah bèn wong-wong yakin nèk sing diomongké kuwi bener.

Sing ngutuk tumindak salah kuwi ora mung Yésus. Contoné, sejarawan Yahudi, sing jenengé Flavius Yosefus, nulis bab salah siji sèkte Yahudi sing ora gelem ngucapké sumpah. Nurut para anggota sèkte kuwi, ngucapké sumpah luwih ala timbang ngapusi. Dadi, nèk ana sing nggawé sumpah bèn wong liya percaya karo omongané, dhèwèké mesthi tukang ngapusi. Salah siji tulisan Yahudi sing judhulé Kebijaksanaan Sirakh utawa Eklesiastikus, (23:11) kandha, ’Wong sing kerep ngucapké sumpah kuwi malah nglanggar hukum.’ Yésus ngutuk sumpah sing diucapké kanggo bab sing ora penting. Nèk wis biasa ngomong jujur, kita ora perlu ngucapké sumpah bèn luwih dipercaya karo wong liya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim