PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 190
  • Istilah ”Wong Samaria sing Apikan” Kuwi Maksudé Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Istilah ”Wong Samaria sing Apikan” Kuwi Maksudé Apa?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Piyé critané ”Wong Samaria sing Apikan”?
  • Kenapa Yésus nyritakké perumpamaan iki?
  • Apa pelajarané?
  • Wong Samaria kuwi sapa?
  • Crita soal wong Samaria kuwi tenanan apa ora?
  • Wong Samaria Kebukti Dadi Pepadha sing Sejati
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Perumpamaan bab Wong Samaria sing Apikan
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Yésus Mulang Wong Wadon Samaria
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 190
Tangan sing narik tangané wong liya.

Istilah ”Wong Samaria sing Apikan” Kuwi Maksudé Apa?

Jawaban ing Alkitab

Nèk ana sing nulungi wong liya, kuwi biasané disebut kaya ”Wong Samaria sing Apikan”. Istilah ”Wong Samaria sing Apikan” kuwi saka critané Yésus. Yésus péngin ngajari nèk wong apikan kuwi ora pilih-pilih wektu nulungi wong liya.

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Piyé critané ”Wong Samaria sing Apikan”?

  • Kenapa Yésus nyritakké perumpamaan iki?

  • Apa pelajarané?

  • Wong Samaria kuwi sapa?

  • Crita soal wong Samaria kuwi ana tenan apa ora?

Piyé critané ”Wong Samaria sing Apikan”?

Critané ngéné: Ana wong Yahudi saka Yérusalèm sing arep lunga ing Yérikho. Ing perjalanan, dhèwèké dirampok lan digebugi nganti mèh mati.

Ana imam sing léwat, terus bar kuwi ana wong Lèwi sing liwat. Tapi wong loro kuwi ora gelem nulungi, padahal padha-padha wong Yahudi.

Bar kuwi, ana wong Samaria sing liwat. (Lukas 10:33; 17:16-18) Wong Samaria kuwi mesakké karo wong Yahudi mau. Terus, wong Samaria kuwi gelem ngobati lan nggawa ing penginepan. Sésuké, wong Samaria kuwi mènèhi dhuwit karo sing nduwé penginepan bèn ngrawat wong Yahudi mau. Terus nèk dhuwité kurang, wong Samaria mau gelem nambahi.​—Lukas 10:30-35.

Wong Samaria ngolèsi minyak ing lukané wong Yahudi sing bar dirampok.

Kenapa Yésus nyritakké perumpamaan iki?

Dadi pas kaé, ana sing nganggep nèk mung kudu sayang karo sing suku lan agamané padha. Dadi, Yésus nyritakké perumpamaan iki bèn wong kuwi sayang karo kabèh wong, ora mung sing padha-padha Yahudi. (Lukas 10:36, 37) Perumpamaan iki dicritakké ing Alkitab bèn kabèh wong ngerti carané nyenengké Gusti Allah.—2 Timotius 3:16, 17.

Apa pelajarané?

Wong sing apikan kuwi seneng nulungi kabèh wong, ora soal suku lan bangsané. Dadi, nèk péngin disayang kudu sayang karo wong liya.​—Matius 7:12.

Wong Samaria kuwi sapa?

Wong Samaria kuwi keturunan campuran wong Yahudi lan dudu Yahudi. Wong-wong kuwi manggoné ana ing loré Yudéa.

Pas Yésus ana ing bumi, wong Samaria wis nduwé agama dhéwé. Wong Samaria gelem maca Kitab Taurat, tapi wegah maca Kitab-Kitab Ibrani liyané.

Akèh wong Yahudi pas jamané Yésus ora gelem bergaul karo wong Samaria. (Yohanes 4:9) Ana sing nganggo istilah ”wong Samaria” kanggo ngécé.​—Yohanes 8:48.

Crita soal wong Samaria kuwi tenanan apa ora?

Ing Alkitab mémang ora disebutké crita iki tenanan apa ora. Tapi nèk mènèhi perumpamaan, biasané Yésus mènèhi keterangan sing isa dingertèni wong akèh, bèn sing ngrungokké isa paham.

Akèh keterangan sing disebutké ing perumpamaan kuwi ana tenan. Misalé:

  • Dalan saka Yérusalèm ing Yérikho kuwi adohé luwih saka 20 kilomèter. Tapi, posisiné Yérusalèm luwih dhuwur sak kilomèter timbang Yérikho. Makané, ing perumpamaané Yésus disebutké nèk wong Yahudi ”mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho”.​—Lukas 10:30.

  • Imam lan wong Lèwi sing manggon ing Yérikho biasané lunga menyang Yérusalèm liwat dalan iki.

  • Iki dalan sing berbahaya, biasané sepi lan akèh rampok.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim