PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 13
  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing kudu njenengan ngertèni
  • Sing isa njenengan tindakké
  • Apa sing isa dirembug
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
    Gatèkna!—2021
  • Piyé Bèn Ana Luwih Akèh Wektu kanggo Bojo?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis
    Bantuan kanggo Keluarga
  • 3 Menghargai
    Gatèkna!—2018
Delok Kabèh
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 13
Suami istri sing lagi ngopi bareng ing dapur lan ora ngurusi HP lan gawéané.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan

Ing jaman sing tèknologiné saya maju iki, bos, kanca kerja, utawa pelanggané njenengan mungkin péngin supaya njenengan isa dihubungi kapan waé. Akhiré, njenengan dadi bingung nentokké endi sing luwih penting kanggo mbagi wektu antara gawéan karo urusan liyané, termasuk perkawinané njenengan.

  • Sing kudu njenengan ngertèni

  • Sing isa njenengan tindakké

  • Kandhané para suami istri

  • Apa sing isa dirembug

Sing kudu njenengan ngertèni

  • Tèknologi isa nggawé njenengan ngentèkké luwih akèh wektu kanggo gawéan ketimbang karo bojoné njenengan. Akibaté, njenengan dadi ngrasa kudu ndang njawab télépon, e-mail, utawa SMS sing njenengan tampa pas ora jam kerja.

    ”Mbiyèn, sakwisé mulih kerja, wong-wong biasané nggunakké wektu kanggo ngumpul bareng keluarga. Ning, saiki rasané angèl kanggo nindakké kuwi. Nèk ana e-mail utawa télépon soal gawéan sakwisé tekan omah, awaké dhéwé biasané dadi fokus karo gawéan lan lali karo bojoné awaké dhéwé.”​—Jeanette.

  • Njenengan kudu nggawé rencana kanggo mbagi wektu antara gawéan lan keluarga. Nèk ora nggawé rencana, njenengan bakal nggunakké luwih akèh wektu kanggo gawéan ketimbang karo bojoné njenengan.

    ”Biasané sing awaké dhéwé korbanké kuwi malah bojoné awaké dhéwé merga awaké dhéwé mikir, ’Dhèwèké mesthi bakal ngertèni aku. Dhèwèké bakal ngapura aku. Ya mengko kan dhèwèké bakal tak kancani.’”​—Holly.

Sing isa njenengan tindakké

  • Ngutamakké perkawinané njenengan. Alkitab kandha, ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké karo manungsa.” (Matius 19:6) Njenengan mesthi ora gelem nèk ana wong sing ”misahké” njenengan karo bojoné njenengan. Dadi, njenengan ya mesthi ora gelem nèk gawéan nganti ngrusak hubungané njenengan karo bojoné njenengan.

    ”Ana pelanggan sing ngrasa nèk awaké dhéwé kudu isa dihubungi kapan waé merga awaké dhéwé wis dibayar. Aku ngerti nèk perkawinanku luwih penting. Mula, aku ngandhani pelangganku nèk aku ora isa diganggu pas aku prèi, ning bakal tak hubungi sakwisé aku mlebu kerja.”​—Mark.

    Pikirna, ’Apa tumindakku nduduhké nèk aku luwih mentingké perkawinanku ketimbang gawéanku? Apa bojoku bakal setuju karo aku?’

  • Njenengan isa nolak gawéan. Alkitab kandha, ”Kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah [utawa, sadar diri].” (Wulang Bebasan 11:2) Wong sing sadar diri ngerti kapan kudu nolak gawéan utawa masrahké beberapa gawéané karo wong liya.

    ”Aku iki tukang pipa. Dadi, nèk ana sing butuh aku, biasané butuhé cepet. Nèk aku ora isa langsung mrono, aku bakal mènèhi nomeré tukang pipa liya.”​—Christopher.

    Pikirna: ’Apa aku gelem nolak gawéan tambahan nèk jebulé kuwi isa ngorbanké wektuku karo bojoku? Apa bojoku bakal setuju karo aku?’

  • Nyedhiakké wektu karo bojoné njenengan. Alkitab kandha, ”Samubarang kabèh iku ana wayahé.” (Kohèlèt 3:1) Nèk njenengan lagi kakèhan gawéan, njenengan malah kudu nggawé rencana bèn isa nyisihké wektu kanggo bojoné njenengan.

    ”Nèk lagi sibuk banget, biasané aku karo bojoku nggawé rencana kanggo nyisihké wektu, senajan kuwi mung makan malam utawa mlaku-mlaku ing pantai. Pokoké, aku isa karo bojoku tanpa ana sing ngganggu.”​—Deborah.

    Pikirna: ’Apa aku nyedhiakké wektu khusus kanggo bojoku? Apa bojoku bakal setuju karo aku?’

  • Matèni perangkat èlèktronik. Alkitab kandha, ’Pastèkna perkara-perkara endi sing luwih penting.’ (Filipi 1:10) Apa njenengan isa sekali-kali matèni HP utawa tablèté njenengan supaya ora keganggu karo SMS utawa télépon sing ana hubungané karo gawéan?

    ”Aku ngupaya bèn ora lembur. Nèk pas ora jam kerja, HP-ku tak setèl bèn ora muni.”​—Jeremy.

    Pikirna: ’Apa aku ngrasa kudu terus siap wektu dihubungi karo bos utawa pelangganku? Apa bojoku bakal setuju karo aku?’

  • Gelem nggawé penyesuaian. Alkitab kandha, ”Duduhna sikap masuk akal marang kabèh wong.” (Filipi 4:5) Kadhang, ana gawéan sing isa waé ngganggu wektuné njenengan karo bojoné njenengan. Misalé, ana gawéan sing kudu ditindakké bojoné njenengan pas ora jam kerja. Dadi, njenengan kudu masuk akal.

    ”Bojoku nduwé usaha cilik-cilikan lan sering ana urusan darurat sing kudu dikerjakké pas ora jam kerja. Kadhang aku ya jèngkèl. Ning, merga bojoku isih nduwé akèh wektu kanggo aku, ya aku ora masalah.”​—Beverly.

    Pikirna: ’Apa aku ngupaya kanggo ngertèni gawéané bojoku lan ora terlalu nuntut bèn dhèwèké nggatèkké aku? Apa bojoku bakal setuju karo aku?’

Lampu.

Saran: Awaké dhéwé kudu mriksa apa wis seimbang pas mbagi wektu kanggo gawéan lan urusan liyané. Ing artikel iki ana bagéan Apa sing isa dirembug. Gunakna bagéan kuwi bèn njenengan lan bojoné njenengan isa nggawé penyesuaian sing dibutuhké.

Kandhané para suami istri

Joseph lan Hannah.

”Wektu kanggo keluarga kuwi berharga banget. Dadi, nèk lagi makan malam bareng, kabèh HP disetèl bèn ora ngganggu.”​—“Joseph lan Hannah.“

Kara lan Daniel.

”Aku karo bojoku wis nggawé akèh penyesuaian bèn isa urip luwih sederhana. Manfaaté akèh banget. Nèk uripé luwih sederhana, awaké dhéwé dadi luwih gampang kanggo mbagi wektu merga ora akèh sing kudu dipikirké.”​—“Kara lan Daniel.“

Apa sing isa dirembug

Pertama, njenengan isa njawab pitakonan-pitakonan iki dhéwé-dhéwé. Bar kuwi, njenengan isa ngrembug jawabané bareng-bareng.

  • Apa bojoné njenengan tau ngrasa ora seneng wektu njenengan kerja terus pas wis ing omah? Nèk tau, apa njenengan setuju karo dhèwèké?

  • Nurut njenengan, apa sing isa ditindakké bèn njenengan isa mbagi wektu antara gawéan lan keluarga?

  • Apa njenengan tau ngrasa nèk bojoné njenengan kerja terus pas wis ing omah? Nèk tau, coba terangna.

  • Nèk ana sing perlu diubah, njenengan péngin bojoné njenengan nggawé perubahan apa?

Kesimpulan: Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan

  • Ngutamakké perkawinané njenengan. Aja nganti gawéan ngganggu perkawinané njenengan.

  • Njenengan isa nolak gawéan. Kadhang-kadhang luwih apik nèk njenengan nolak gawéan utawa masrahké gawéané njenengan karo wong liya.

  • Nyedhiakké wektu karo bojoné njenengan. Nèk lagi akèh gawéan, aja nganti ngorbanké perkawinané njenengan.

  • Matèni perangkat èlèktronik. Njenengan isa sekali-kali matèni HP utawa tablèté njenengan supaya ora keganggu karo SMS utawa télépon sing ana hubungané karo gawéan.

  • Gelem nggawé penyesuaian. Kudu terus mriksa apa njenengan wis mbagi wektu antara perkawinan lan gawéan. Njenengan ya kudu masuk akal.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim