PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 22
  • Ngajari Anak-Anak Bèn Seneng Ngomong Maturnuwun

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngajari Anak-Anak Bèn Seneng Ngomong Maturnuwun
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Anak-anak kudu diajari apa?
  • Terusa Bersyukur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Nduduhké Rasa Maturnuwun
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • ”Apa Balesanku marang Yéhuwah?”
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Apa Sebabé Perlu Nduduhké Sikap Seneng Ngajèni?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 22
Cah wédok mèsem karo nggawa kartu ucapan.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Ngajari Anak-Anak Bèn Seneng Ngomong Maturnuwun

Menurut penelitian, wong sing seneng bersyukur kuwi isa luwih bahagia, luwih séhat, isa tabah wektu ana masalah, lan nduwé akèh kanca. Peneliti sing jenengé Robert A. Emmons ngomong nèk ”wong sing seneng bersyukur kuwi ora gampang iri, ora srakah, ora gampang nesu, lan ora gampang kecéwa”.a

Nèk anak-anak piyé? Ana peneliti sing ngamati 700 anak selama patang taun. Ternyata, anak-anak sing seneng bersyukur kuwi ora seneng nyontèk, ora nganggo narkoba, ora seneng ngombé-ngombé, lan tingkah lakuné ya apik.

  • Ora bersyukur merga ngrasa nèk kuwi haké. Akèh anak-anak sing ora maturnuwun wektu dikèki merga wis ngrasa nèk kuwi ki haké.

    Ana ibu-ibu sing jenengé Katherine ngomong, ”Akèh iklan ing majalah, TV, lan Internèt sing nggawé wong dadi mikir nèk kabèh-kabèh kuwi haké. Makané, akèh wong dadi ora seneng bersyukur saiki.”

  • Anak-anak isa diajari ngomong maturnuwun kèt cilik. Ana ibu-ibu sing jenengé Kaye ngomong, ”Ngajari anak-anak sing isih cilik kuwi luwih gampang. Kuwi kaya tanduran sing kèt cilik disangga nganggo kayu bèn thukulé isa jejeg.”

Anak-anak kudu diajari apa?

  • Seneng ngomong maturnuwun. Kèt cilik, anak-anak isa diajari ngomong maturnuwun. Nèk wis gedhé, anak-anak isa dadi luwih menghargai wong liya.

    Cah wédok dikèki bonéka. Ibuné ngongkon dhèwèké ngomong maturnuwun.

    Ayat: ”Kowé kudu terus ngucap syukur.”​—Kolose 3:15.

    ”Putuku sing umuré telung taun seneng ngomong ’tulung’ lan ’maturnuwun’, soalé dhèwèké ndelok saka wong tuwané lan kèt cilik ya diajari karo wong tuwané.”​—Jeffrey.

  • Seneng mènèhi. Misalé, nèk ana sing ngekèki anak-anak hadiah, kongkonen meréka nulis kartu ucapan maturnuwun. Terus, anak-anak ya isa dikongkon ngéwangi gawéan ing omah bèn ngerti nèk kuwi ora gampang.

    Wong tuwa mbantu anak-anaké nggawé kartu ucapan.

    Ayat: ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

    ”Anakku loro tak kongkon mbantu masak, nyiapké panganan, lan resik-resik omah. Kuwi mbantu meréka ngerti nèk dadi wong tuwa kuwi ora gampang, lan meréka ya dadi luwih menghargai.”​—Beverly.

  • Kudu rendah hati. Wong sing rendah hati ngerti nèk butuh bantuané wong liya. Dadi nèk wis dibantu, dhèwèké mesthi bersyukur.

    Bapak ngajari anak-anaké ndandani pit.

    Ayat: ”Kowé kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul timbang kowé. Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:3, 4.

    ”Kadhang-kadhang pas mangan bareng, kami sak keluarga gentènan nyritakké apa waé sing isa disyukuri. Hasilé, kabèh dadi luwih seneng bersyukur.”​—Tamara.

Saran: Dadi conto. Nèk njenengan seneng ngomong maturnuwun karo wong liya lan karo anak-anak, kuwi bakal ditiru karo anak-anak.

a Saka buku Thanks! How Practicing Gratitude Can Make You Happier.

Kandhané para wong tuwa

Jeffrey karo Karen.

”Anak-anakku tak ajari nulis kartu ucapan. Dadi anak-anak ngerti nèk ana wong ngekèki hadiah kuwi merga apikan, makané awaké dhéwé kudu maturnuwun.”​—Jeffrey, karo bojoné, Karen.

Susan karo Christopher.

”Nèk kèt cilik anak-anak diajari ngomong tulung lan maturnuwun, nganti gedhé meréka bakal dadi wong sing seneng bersyukur.”​—Susan, karo bojoné, Christopher.

Kesimpulan: Ngajari Anak-Anak Bèn Seneng Ngomong Maturnuwun

  • Seneng ngomong maturnuwun. Anak-anak kudu diajari kèt cilik.

  • Seneng mènèhi. Wektu ana sing ngekèki anak-anak hadiah, kongkonen meréka nulis kartu ucapan maturnuwun. Terus, anak-anak ya isa dikongkon ngéwangi gawéan ing omah.

  • Kudu rendah hati. Wong sing rendah hati ngerti nèk butuh bantuané wong liya. Dadi nèk wis dibantu, dhèwèké mesthi bersyukur.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim