PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 97
  • Kenapa Aku Kudu Njaluk Ngapura?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kenapa Aku Kudu Njaluk Ngapura?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa kudu njaluk ngapura?
  • Carané njaluk ngapura
  • Carané Bèn Keluarga Bahagia: Ngapura
    Bantuan kanggo Keluarga
  • 8 Dadi Conto
    Gatèkna!—2018
  • Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Nèk Kancaku Nggawé Aku Lara Ati?
    Pitakonané Cah Enom
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 97
Bocah sing lagi disenèni karo guruné ing kelas.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Kenapa Aku Kudu Njaluk Ngapura?

Nèk kowé ngalami iki, apa sing bakal mbok tindakké?

  1. Kowé disenèni gurumu merga ora sopan wektu ing kelas.

    Apa kowé kudu njaluk ngapura senajan kowé ngrasa ora salah?

  2. Kancamu ngerti nèk kowé ngrasani dhèwèké.

    Apa kowé kudu njaluk ngapura senajan omonganmu kuwi bener?

  3. Kowé nesu karo bapakmu, terus ngomong sing ora sopan.

    Apa kowé kudu njaluk ngapura senajan kowé ngrasa kuwi salahé bapakmu?

Jawaban kanggo kabèh pitakonan kuwi ya. Kenapa kowé kudu njaluk ngapura senajan kowé ngrasa ana beneré?

  • Kenapa kudu njaluk ngapura?

  • Carané njaluk ngapura

  • Kandhané kanca-kancamu

Kenapa kudu njaluk ngapura?

  • Kuwi nduduhké nèk kowé diwasa. Nèk gelem tanggung jawab karo apa sing wis mbok tindakké utawa omongké, kuwi berarti kowé sinau sipat-sipat sing mbok butuhké wektu kowé wis diwasa.

    ”Nèk rendah hati lan sabar, kowé bakal gelem njaluk ngapura lan ngrungokké pendapaté wong liya.”​—Rachel.

  • Bèn isa tetep rukun karo wong liya. Wong sing gelem njaluk ngapura nduduhké nèk luwih seneng rukun karo wong liya ketimbang ngerti sapa sing bener lan sapa sing salah.

    ”Senajan kowé ngrasa ora salah, rukun karo wong liya kuwi sing paling penting. Kowé ora bakal rugi nèk njaluk ngapura. Malah, kuwi isa nggawé kowé dadi rukun manèh karo kancamu.”​—Miriam.

  • Kuwi isa nggawé kowé lega. Kowé mesthi ngrasa salah wektu omongan utawa tumindakmu nglarani atiné wong liya. Ning, nèk kowé gelem njaluk ngapura, kuwi isa nggawé kowé dadi lega.a

    ”Aku tau nesu lan ngomong kasar karo wong tuwaku. Aku ngrasa salah, ning wektu kuwi rasané angèl banget kanggo njaluk ngapura. Ning, sakwisé njaluk ngapura, rasané lega banget merga kuwi nggawé keluargaku rukun manèh.”​—Nia.

    Cah lanang sing lagi nggéndhong watu.

    Rasa bersalah kuwi kaya beban. Ning, nèk kowé njaluk ngapura, kowé ora perlu nggawa beban kuwi manèh

Njaluk ngapura kuwi butuh upaya. Cah wédok sing jenengé Dena kudu bola-bali njaluk ngapura merga ora sopan karo ibuné. Dena ngomong, ”Rasané abot banget wektu aku arep ngomong ’Njaluk ngapura ya, Bu’.”

Carané njaluk ngapura

  • Nèk isa, ngomonga langsung karo wongé. Nèk kuwi sing mbok tindakké, wongé isa ndelok nèk kowé tulus njaluk ngapura. Nèk mung liwat tulisan, wongé isa waé ora percaya nèk kowé tulus njaluk ngapura senajan kowé wis ngirim emotikon sedhih.

    Saran: Nèk ora isa ketemu langsung, kowé isa nyoba nélpon utawa nulis surat. Ora soal piyé carané, pikirna tenanan apa sing bakal mbok omongké.

    Prinsip Alkitab: ”Atiné wong bener nimbang-nimbang wangsulané.”​—Wulang Bebasan 15:28.

  • Aja ditunda-tunda. Nèk kowé ora langsung njaluk ngapura, masalahé isa dadi tambah gedhé lan hubunganmu karo wong kuwi dadi ora apik.

    Saran: Gawéa rencana. Misalé, ’Aku bakal njaluk ngapura dina iki.’ Kowé kudu nemtokké kapan bakal njaluk ngapura, terus tindakna kuwi.

    Prinsip Alkitab: ”Cepet rampungna masalahmu.”​—Matius 5:25.

  • Kudu tulus. Wektu njaluk ngapura aja ngomong, ”Njaluk ngapura ya nèk nurutmu aku ana salah.” Cah wédok sing jenengé Janelle ngomong, ”Wong isa ndelok lan bakal ngajèni nèk kowé gelem tanggung jawab karo apa sing mbok tindakké.”

    Saran: Wektu njaluk ngapura, aja nganggo syarat. Misalé, ”Aku bakal njaluk ngapura nèk kowé ya njaluk ngapura karo aku.”

    Prinsip Alkitab: ”Tindakna apa waé sing nggawé rukun.”​—Roma 14:19.

Kandhané kanca-kancamu

Valerie.

”Sipat rendah hati dibutuhké wektu njaluk ngapura, khususé wektu aku ngrasa kuwi dudu salahku. Senajan ngrasa ora salah, aku péngin bèn omonganku ora nglarani ati. Tujuanku kuwi péngin ngrampungké masalahé dudu nggawé masalahé dadi luwih gedhé.”​—Valerie.

Philip.

”Nèk gelem njaluk ngapura kuwi berarti kowé luwih perduli karo wong liya ketimbang karo awakmu dhéwé. Njaluk ngapura isa waé nggawé kowé dadi isin. Ning, kuwi isa nggawé hubunganmu karo kancamu dadi luwih akrab.”​—Philip.

Kendall.

”Wong sing lagi tersinggung biasané réaksiné dadi berlebihan. Ning, kuwi ora berarti aku sing bener lan wong kuwi sing salah. Aku ngupaya mikirké apa sing nggawé wong kuwi tersinggung. Mula, aku kudu njaluk ngapura nèk ana sing lara ati merga tumindak lan omonganku.”​—Kendall.

Kesimpulan: Kenapa aku kudu njaluk ngapura?

  • Kuwi nduduhké nèk kowé diwasa.

  • Bèn isa tetep rukun karo wong liya.

  • Kuwi isa nggawé kowé lega.

Piyé carané:

  • Nèk isa, ngomonga langsung karo wongé.

  • Aja ditunda-tunda.

  • Kudu tulus.

a Nèk ngilangké utawa ngrusak barangé wong liya, kowé kudu njaluk ngapura lan ngijoli utawa ndandani barang kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim