PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 19
  • Saran kanggo sing Lagi Lara

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Saran kanggo sing Lagi Lara
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Saran kanggo sing lagi lara
  • Carané Gusti Allah mbantu
  • Nèk Keluarga Ngadhepi Musibah
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • 1 Kudu Njaga Keséhatan
    Gatèkna!—2022
  • Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Topik Liyané
mrt artikel 19
Dokter lagi njelaské hasil rontgen karo wong lanang.

Saran kanggo sing Lagi Lara

Apa njenengan lagi lara? Kuwi mesthi nggawé njenengan sedhih, bingung, terus ya kudu ngetokké dhuwit akèh kanggo mbayar dokter. Apa sing isa mbantu njenengan ngatasi kuwi? Piyé carané mbantu keluarga utawa kanca sing lagi lara? Alkitab kuwi dudu buku keséhatan. Tapi, ana saran-saran sing apik sing isa mbantu njenengan wektu lagi lara.

Saran kanggo sing lagi lara

  • Kudu berobat

    Ayat: ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.”​—Matius 9:12.

    Carané: Priksa ing dokter.

    Saran: Nggolèka dokter sing apik. Terus nèk isa, priksané ora mung ing siji dokter, tapi ya ing dokter liyané. (Wulang Bebasan 14:15) Njenengan isa nyritakké kabèh sing dirasakké bèn dokteré isa ngerti pengobatan apa sing cocog kanggo njenengan. Terus, awaké dhéwé ya kudu nggatèkké apa sing dijelaské dokteré bèn isa paham. (Wulang Bebasan 15:22) Njenengan ya isa nggolèk informasi luwih akèh soal penyakité njenengan, termasuk pengobatan sing cocog. Hasilé njenengan isa ngerti kudu piyé, isa luwih tenang, lan nggawé keputusan soal perawatan keséhatan sing cocog.

  • Nduwé kebiasaan sing apik

    Ayat: ”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh.”​—Pengkhotbah 4:6.

    Carané: Kudu berupaya bèn tetep séhat, misalé cukup istirahat.

    Saran: Olahraga sing teratur, mangan panganan sing séhat, lan cukup istirahat. Mungkin kuwi ora gampang, tapi menurut para ahli kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih séhat. Ning, nèk arep olahraga tetep kudu milih sing cocog karo kondisiné njenengan.

  • Nggolèka bantuan

    Ayat: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

    Carané: Njaluka bantuan.

    Saran: Nyritakké perasaan karo kanca sing isa dipercaya. Hasilé dadi ora terlalu strès, tapi isa luwih bahagia. Mungkin keluarga lan kanca-kanca sakjané péngin mbantu, tapi ora ngerti piyé carané. Dadi, njenengan kudu ngomong butuhé apa. Nèk wis dibantu, ya njenengan kudu maturnuwun. Tapi, njenengan isa waé kekeselen nèk terlalu sering ditiliki utawa kesuwèn ditilikiné. Dadi, njenengan isa ngomong sepira suwéné isa ditiliki bèn njenengan ya isa istirahat.

  • Tetep semangat

    Ayat: ”Ati sing seneng kuwi obat sing manjur, ning wong sing ora semangat bakal kentèkan tenaga.”​—Wulang Bebasan 17:22.

    Carané: Nèk tetep semangat, njenengan bakal luwih tenang.

    Saran: Pikirna sing isih isa njenengan lakoni. Aja mbandhingké karo keadaané wong liya utawa karo pas njenengan isih séhat. (Galatia 6:4) Nggawéa rencana sing sesuai karo kemampuan bèn isa tetep semangat. (Wulang Bebasan 24:10) Nèk isa, coba mbantu wong liya, bèn ora terus-terusan mikirké masalahé dhéwé tapi isa bahagia.​—Kisah 20:35.

Carané Gusti Allah mbantu

Menurut Alkitab, Gusti Allah Yéhuwaha isa mbantu awaké dhéwé nèk lagi lara. Mémang Yéhuwah ora bakal langsung nambani, tapi Dhèwèké bakal ngekèki:

Rasa ayem. Yéhuwah isa ngekèki ”rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa”. (Filipi 4:6, 7) Hasilé, awaké dhéwé ora bakal dadi terlalu kuwatir. Carané bèn isa ayem awaké dhéwé kudu ndonga karo Yéhuwah lan nyritakké sing dikuwatirké.​—1 Pétrus 5:7.

Kawicaksanan. Yéhuwah bakal ngekèki kawicaksanan bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. (Yakobus 1:5) Awaké dhéwé isa wicaksana nèk sinau lan ngetrapké naséhat ing Alkitab.

Harapan ing masa depan. Yéhuwah janji nèk sukmbèn ’ora bakal ana sing ngomong, ”Aku lara.”’ (Yésaya 33:24) Janji iki isa mbantu bèn awaké dhéwé isa tetep semangat meskipun lagi lara parah.​—Yérémia 29:11, 12.

a Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

Carané mbantu sing lagi lara

Kudu ngrungokké tenanan. Kadhang sing lagi lara ki mung butuh dirungokké, njenengan ora perlu mènèhi saran apa-apa. Terus nèk dhèwèké omongané ora pénak, aja disenèni. Aja sok tau karo perasaané wong sing lagi lara kuwi, apa manèh nèk dhèwèké kétoké ora apa-apa padahal jané lagi lara.​—Wulang Bebasan 11:2.

Ngomongké sing apik-apik. Mungkin njenengan bingung arep ngomong apa, tapi sakjané njenengan ora perlu ngomong akèh-akèh. Daripada meneng waé, njenengan isa ngomong, ”Aku ki bingung mèh ngomong apa, tapi aku sayang karo kowé.” Aja nganti njenengan ngomong, ”Kowé ki isih mendhing. Ana sing luwih parah daripada kowé.”

Njenengan ya isa nggolèki keterangan luwih akèh soal penyakité dhèwèké. Dhèwèké bakal luwih seneng karo upayané njenengan, lan apa sing njenengan omongké bakal luwih bermanfaat kanggo dhèwèké. (Wulang Bebasan 18:13) Tapi, ora perlu ngekèki saran nèk dhèwèké ora njaluk.

Nawakké bantuan. Kadhang-kadhang sing lagi lara kuwi ora gelem njaluk tulung soalé wedi nèk ngrépoti njenengan. Dadi, njenengan kudu takon utawa langsung ngomong nèk njenengan isa mbantu dhèwèké blanja, resik-resik, utawa liyané.​—Galatia 6:2.

Aja nyerah. Kadhang-kadhang sing lagi lara mungkin mbatalké janji utawa ora péngin omong-omongan karo njenengan. Nèk ngono, njenengan kudu sabar lan terus ndhukung dhèwèké.​—Wulang Bebasan 18:24.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim