PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 49
  • Menurut Alkitab, Apa Éntuk Nyembah Patung?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menurut Alkitab, Apa Éntuk Nyembah Patung?
  • Topik Liyané
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ibadah sing Sesuai karo Karepé Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Topik Liyané
mrt artikel 49
Paus Francis sujud ing ngarepé patung Maria.

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Éntuk Nyembah Patung?

Menurut kantor berita Catholic News Service, tanggal 25 Maret 2022, Paus Francis ”ndonga karo sujud ing ngarepé patung Maria” ing gréja St. Peter’s Basilica. Dhèwèké ”ndonga njaluk kedamaian karo Maria”. Terus menurut Vatican News, ”Paus kuwi ndonga karo Maria njaluk bèn Rusia karo Ukraina isa damai.”

Menurut njenengan piyé? Apa éntuk awaké dhéwé ndonga karo patung utawa nganggo patung wektu ngibadah? Gatèkna ayat-ayat iki:

  • ”Aja nggawé patung utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing njero banyu. Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi, merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.”​—Pangentasan 20:4, 5.a

  • ”Patung allahé bangsa-bangsa kuwi saka emas lan pérak, sing digawé manungsa. Patung kuwi nduwé cangkem tapi ora isa ngomong, nduwé mata tapi ora isa ndelok, nduwé kuping tapi ora isa ngrungokké, nduwé irung tapi ora isa ngambu, nduwé tangan tapi ora isa nyekel, nduwé sikil tapi ora isa mlaku, lan nduwé tenggorokan tapi ora isa ngetokké swara. Wong sing nggawé patung kuwi lan sing percaya karo patung kuwi bakal ngalami kaya ngono.”​—Mazmur 115:4-8.

  • ”Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku. Aku ora bakal mbagi kemuliaan-Ku karo liyané. Mung Aku thok sing kudu dipuji, dudu patung-patung.”​—Yésaya 42:8, cathetan ngisor.

  • ”Kowé kudu cepet-cepet ngedohi penyembahan brahala.”​—1 Korintus 10:14.

  • ”Kowé kudu ngedohi brahala.”​—1 Yohanes 5:21.

Nèk péngin ngerti penjelasan sing luwih akèh, wacanen artikel ”Pandangan Alkitab—Benda Keagamaan” utawa deloken vidéo Apa Gusti Allah Seneng Disembah Nganggo Patung?

Njenengan ya isa ndelok artikel-artikel iki:

  • ”Apa Kata Alkitab tentang Perawan Maria?”

  • ”Haruskah Anda Berdoa kepada Perawan Maria?”

  • ”Perdamaian di Bumi—Bagaimana Itu Akan Terwujud?”

Photo credit: Vincenzo Pinto/AFP via Getty Images

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim