Marek M. Berezowski/Anadolu Agency via Getty Images
KUDU TERUS JAGA-JAGA
Perang Rusia lan Ukraina Wis Setaun
Tanggal 24 Februari 2022, Rusia perang karo Ukraina. Kuwi berarti, nganti saiki wis setaun. Menurut berita, ana kira-kira 300.000 tentara Ukraina lan Rusia sing mati utawa luka-luka. Terus, ana luwih saka 30.000 warga sing mati merga perang.
Sing nggawé prihatin, perangé ora rampung-rampung.
”Perang antara Rusia lan Ukraina wis mèh setaun, tapi ora rampung-rampung. Ora ana pihak sing gelem ngalah bèn isa damai.”—NPR (National Public Radio), 19 Februari 2023.
Akèh wong kena dampak saka perang iki. Meréka menderita lan susah. Apa perang bakal ana terus? Ing Alkitab ana harapan apa?
Perang sing terakhir
Ing Alkitab disebutké nèk mengko ana perang sing disebut Armagédon. Kuwi ”perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. (Why. 16:14, 16) Pas Armagédon, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa sing marahi akèh masalah. Sakwisé perang kuwi, keadaané bumi bakal damai. Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel-artikel iki: