PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 81
  • Buktiné Nèk Gusti Allah Perduli karo Tunarungu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Buktiné Nèk Gusti Allah Perduli karo Tunarungu
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yéhuwah Piyé karo Wong-Wong sing Tunarungu?
  • Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Tunarungu
  • Sing Disedhiakké Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo Mbantu Tunarungu Sinau Alkitab
  • Yéhuwah Sayang karo Wong-Wong sing Tunarungu
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Tetep Isa Mulang Senajan Tunarungu
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Topik Liyané
mrt artikel 81
Pas ing café, Seksi Yéhuwah nyetèlké vidéo basa isyarat kanggo wong wédok tunarungu. Wong wédok kuwi seneng ndelok vidéoné.

Buktiné Nèk Gusti Allah Perduli karo Tunarungu

Ing sak donya, kira-kira ana 70 juta tunarungu. Meréka komunikasiné nganggo basa isyarat, lan saiki ana luwih saka 200 basa isyarat. Tapi, wong sing tunarungu biasané dijahati lan ora digatèkké. Iki beberapa buktiné:

  • ”Ing sak donya, wong sing tunarungu ora dianggep. Bahkan meréka ora nampa sing dadi haké.”—Asosiasi Tunarungu Nasional (AS).

  • ”Wong-wong tunarungu ing negara-negara berkembang kuwi miskin. Meréka ora isa éntuk pendidikan sing apik, angèl éntuk gawéan, lan ketinggalan informasi.”—Federasi Tuli Dunia.

Piyé perasaané Gusti Allah karo wong sing tunarungu? Ana keterangan apa ing Alkitab soal tunarungu? Piyé Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu meréka?

Yéhuwah Piyé karo Wong-Wong sing Tunarungu?

Menurut Alkitab, Allah Yéhuwaha nggatèkké wong-wong sing tunarungu. Dhèwèké péngin wong-wong sing tunarungu tetep dihargai lan isa éntuk manfaat saka pendidikan sing disedhiakké Gusti Allah.

Ayat: ”Aja ngutuki wong budheg.”—Kaimaman 19:14.

Artiné: Jaman mbiyèn, Yéhuwah ngekèki hukum kanggo wong-wong Israèl lan hukum kuwi isa kanggo nglindhungi tunarungu.

Ayat: ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké.”—Kisah 10:34.

Artiné: Yéhuwah perduli karo kabèh wong ora soal suku, budaya, lan basané, termasuk tunarungu.

Ayat: ”Yésus lunga . . . martakké kabar apik soal Kerajaan.”—Matius 9:35.

Artiné: Yésus teka ing bumi kanggo mulang kabèh wong, termasuk tunarungu, soal Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bakal kelakon pas Kerajaan kuwi mréntah.—Matius 6:10.

Ayat: Yésus ”nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong”.—Markus 7:37.

Artiné: Yésus nduduhké nèk pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, wong sing tunarungu bakal isa krungu lan ngomong. Sakdurungé marèkké wong lanang sing ora isa krungu lan ngomong, Yésus nggunakké gerakan utawa isyarat kanggo komunikasi karo wong kuwi.—Markus 7:31-35.

Ayat: ”Wong budheg bakal isa krungu.”—Yésaya 35:5.

Artiné: Yéhuwah janji nèk sukmbèn ora bakal ana manèh sing tunarungu.—Yésaya 29:18.

Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Tunarungu

Seksi-Seksi Yéhuwah nyritakké harapan ing masa depan karo tunarungu. Piyé carané? Kami nerjemahké Alkitab lan nggawé vidéo sing dhasaré saka Alkitab ing luwih saka 100 basa isyarat. Kami ya mbantu tunarungu sinau Alkitab, lan nggawé pertemuan ibadah basa isyarat. Kabèh kuwi gratis merga Yésus ngomong, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.”—Matius 10:8.

Njenengan isa ndelok utawa download vidéoné saka:

Simbol basa ing jw.org.

JW.ORG. Klik lambang bahasa ing bagéan kanan ndhuwur situs wèb terus pilihen basa isyarat sing mèh dibukak.

Simbol aplikasi ”JW Library Sign Language”.

Aplikasi JW Library Sign Language. Download aplikasiné. Ing aplikasi kuwi, njenengan isa ndelok utawa download vidéo basa isyarat.

Sing Disedhiakké Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo Mbantu Tunarungu Sinau Alkitab

Alkitab basa isyarat. Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing Basa Isyarat Amerika kuwi Alkitab basa isyarat sing lengkap sing pertama ing sak donya. Alkitab Terjemahan Donya Anyar ya wis diterjemahké lengkap utawa sebagéan ing basa isyarat liyané lan jumlah basa isyaraté tambah akèh saben taun. (Deloken kothak ”Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing Basa Isyarat” bèn isa ngerti Alkitab diterjemahké ing basa isyarat apa waé lan njenengan isa ndelok Alkitab basa isyarat.)

  • Deloken vidéo Alkitab Terjemahan Dunia Baru Edisi Lengkap Tersedia dalam Bahasa Isyarat Amerika bèn isa ngerti piyé carané nggawé Alkitab basa isyarat.

  • Coba download aplikasi JW Library Sign Language bèn njenengan isa menikmati maca Alkitab. Ing aplikasi iki, njenengan isa ndelok vidéo basa isyarat saka ayat-ayat sing njenengan pilih.

  • Dmytro karo Vita tunarungu, tapi anak-anaké ora. Gatèkna piyé keluargané Dmytro isa éntuk manfaat merga nonton vidéo Alkitab basa isyarat saben dina.

Vidéo-vidéo sing mbahas soal Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggawé vidéo basa isyarat bèn wong-wong isa paham lan ngetrapké naséhat ing Alkitab. Misalé naséhat kanggo:

  • Suami istri lan wong tuwa

  • Cah-cah enom

  • Bocah-bocah

Dibantu sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Njenengan isa sinau Alkitab nganggo basa isyarat karo Seksi Yéhuwah. Wektu lan panggonané, njenengan sing milih dhéwé. Nèk péngin ngerti carané sinau Alkitab, njenengan isa njaluk dikunjungi karo Seksi Yéhuwah.

Jeson Senajonon manggon ing Filipina. Deloken critané piyé dhèwèké isa cedhak karo Gusti Allah merga sinau Alkitab.

Mario Antúnez nganggo basa isyarat.

Mbiyèn Mario Antúnez kuwi pendhéta ing Honduras. Dhèwèké nduwé akèh pertanyaan lan akhiré dhèwèké isa nemokké jawabané ing Alkitab. Wacanen kisahé ing artikel ”Aku Nduwé Akèh Pertanyaan”.

Pertemuan ibadah lan pertemuan liyané. Ing sak donya, ana jemaaté Seksi Yéhuwah lan kelompok sing nganggo basa isyarat. Ing kono tunarungu isa sinau lan ngibadah bareng saben minggu. Saben taun ya ana pertemuan-pertemuan sing luwih gedhé nganggo basa isyarat. Ing pertemuan ibadah utawa pertemuan sing luwih gedhé, ana wong sing ditugasi kanggo mbantu tunarungu sing ya wuta nganggo isyarat sentuhan tangan (taktil). Kami ya nggawé wacan-wacan nganggo huruf braille lan kuwi gratis.

  • Golèk panggonan pertemuan ibadah sing paling cedhak.

  • Golèka keterangan sing luwih akèh soal pertemuan-pertemuané Seksi Yéhuwah.

  • Njenengan isa teka ing Peringatan kematiané Yésus sing ana saben taun.

José Luis Ayala manggon ing Meksiko. Kèt lair dhèwèké tunarungu, terus bar kuwi dhèwèké dadi wuta. Gatèkna piyé dhèwèké isa trampil mulang wong liya soal Alkitab.

Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing Basa Isyarat

Nganti 1 Januari 2025, Alkitab basa isyarat sing lengkap utawa sebagéan wis ana ing basa-basa iki.

Lambang Alkitab kebukak.

Alkitab Lengkap

  • Basa Isyarat Amerika

  • Basa Isyarat Brasil

  • Basa Isyarat Itali

  • Basa Isyarat Meksiko

  • Basa Isyarat Rusia

Lambang Alkitab kebukak.

Kitab-Kitab Yunani Kristen (”Perjanjian Anyar”)

  • Basa Isyarat Afrika Selatan

  • Basa Isyarat Argentina

  • Basa Isyarat Cile

  • Basa Isyarat Ekuador

  • Basa Isyarat India

  • Basa Isyarat Inggris

  • Basa Isyarat Jepang

  • Basa Isyarat Kolombia

  • Basa Isyarat Korea

  • Basa Isyarat Malawi

  • Basa Isyarat Peru

  • Basa Isyarat Polski

  • Basa Isyarat Spanyol

  • Basa Isyarat Zimbabwe

Lambang Alkitab kebukak.

Buku-Buku Alkitab Tertentu

  • Basa Isyarat Angola

  • Basa Isyarat Australia

  • Basa Isyarat Cina

  • Basa Isyarat Filipina

  • Basa Isyarat Indonesia

  • Basa Isyarat Jerman

  • Basa Isyarat Kuba

  • Basa Isyarat Mozambik

  • Basa Isyarat Prancis

  • Basa Isyarat Venezuela

  • Basa Isyarat Zambia

Beberapa ayat Alkitab ya wis tersedia ing basa isyarat liyané.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim