PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 84
  • Gelombang Panas Taun 2023

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gelombang Panas Taun 2023
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Keadaan saiki sesuai karo ramalan ing Alkitab
  • Apa bumi isa terus dienggoni?
  • Peristiwa-Peristiwa Taun 2023 sing Nggawé Kuwatir
    Topik Liyané
  • Saran-Saran ing Alkitab kanggo sing Kena Bencana Alam
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Bumi Panas Banget?
    Topik Liyané
  • Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 84
Bumi sing sebagéan kobong.

Surasak Suwanmake/Moment via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Gelombang Panas Taun 2023

Ing sak donya cuacané tambah panas lan tambah akèh bencana merga ana gelombang panas. Gatèkna beberapa laporan iki:

  • ”Selama 174 taun, sasi Juni taun iki cuacané sing paling panas.”​—Badan Kelautan dan Atmosfer Nasional, Departemen Perdagangan Amerika Serikat, 13 Juli 2023.

  • ”Italia, Spanyol, Prancis, Jerman, lan Polandia ngalami gelombang panas. Malah ing Pulau Sisilia lan Pulau Sardinia suhuné isa nganti 48°C. Kuwi dadi suhu paling panas ing Eropa.”​—Badan Antariksa Eropa, 13 Juli 2023.

  • ”Merga suhu bumi tambah panas, mula bakal kerep udan deres lan kuwi isa nyebabké banjir.”​—Stefan Uhlenbrook, direktur hidrologi, air, lan kriosfer ing Organisasi Metereologi Dunia, 17 Juli 2023.

Apa njenengan dadi kuwatir sakwisé maca laporan-laporan mau? Gatèkna keterangan ing Alkitab soal keadaan saiki.

Keadaan saiki sesuai karo ramalan ing Alkitab

Gelombang panas lan cuaca sing cepet berubah kuwi cocog karo ramalan ing Alkitab. Contoné, Yésus ngramalké nèk awaké dhéwé bakal ndelok ”perkara-perkara sing nggawé wedi”. (Lukas 21:11) Merga suhuné tambah panas, wong-wong dadi wedi nèk bumi iki ora isa dienggoni manèh utawa bakal hancur.

Apa bumi isa terus dienggoni?

Gusti Allah nyiptakké bumi iki bèn isa terus dienggoni manungsa. Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk manungsa ngrusak bumi. (Mazmur 115:16; Pengkhotbah 1:4) Gusti Allah janji nèk ”bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”.​—Wahyu 11:18.

Ing Alkitab ana keterangan nèk Gusti Allah sanggup lan bakal nggawé bumi iki bèn isa terus dienggoni manungsa.

  • Gusti Allah kuwi mahakuwasa. Kaya sing disebutké ing Alkitab, ’Gusti Allah isa nggawé badai mandheg lan ombaké laut dadi tenang’. (Mazmur 107:29) Berarti Gusti Allah sanggup nggawé keadaan bumi dadi apik manèh lan mengko ora bakal ana gelombang panas lan bencana-bencana liyané.

  • ”Njenengan ngopèni bumi, nggawé tanahé subur lan ngasilké buah sing akèh.” (Mazmur 65:9) Gusti Allah bakal nggawé bumi iki dadi indah.

Ana keterangan luwih akèh soal janji ing Alkitab. Wacanen artikel, ”Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?”

Keterangan

Ing Alkitab ora mung ana keterangan soal harapan tapi ya ana saran-saran kanggo ngadhepi bencana. Wacanen artikel ”Saran-Saran ing Alkitab kanggo sing Kena Bencana Alam”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim