PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 94
  • Apa Armagédon Bakal Kelakon ing Israèl?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Armagédon Bakal Kelakon ing Israèl?
  • Topik Liyané
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Armagédon Kuwi Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Terus Ngentèni Tekané Armagédon
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Menurut Alkitab, Apa Perang Nuklir Bakal Marakké Armagédon?
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 94
Gambar kutha Yérusalèm. Ana pemandangan Kubah Batu (Kubah Shakhrah) lan bait ing gunung.

Maremagnum/Corbis Documentary via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa Armagédon Bakal Kelakon ing Israèl?

Menurut Alkitab, Armagédon dudu perang sing kelakon ing dhaérah tertentu, tapi kuwi perang sing bakal kelakon sak donya. Pas perang kuwi pamréntahané manungsa bakal nglawan Gusti Allah.

  • ”Omongan telu kuwi asalé saka roh-roh jahat lan . . . omongan kuwi dirungokké karo raja-raja ing bumi, lan kuwi nyebabké raja-raja kuwi ngumpul ing perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa. Terus, raja-raja kuwi diklumpukké ing panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon.”—Wahyu 16:14, 16.

Kata ”Armagédon” asalé saka basa Ibrani Har Meghiddohn, sing artiné ”Gunung Mégido”. Mégido kuwi jeneng salah siji kutha ing Israèl. Merga kuwi, ana beberapa wong sing percaya nèk Armagédon bakal kelakon ing Israèl. Tapi sakjané, dhaérah Mégido utawa dhaérah-dhaérah liyané ing Timur Tengah ora cukup dienggo nglumpukké ”raja-raja ing bumi” lan pasukané.

Isiné buku Wahyu akèh-akèhé mung ”lambang” utawa gambaran. (Wahyu 1:1) Dadi, sing dimaksud Armagédon kuwi dudu panggonan tertentu ing bumi. Tapi, kuwi maksudé perang antarané pamréntahané manungsa nglawan pamréntahané Gusti Allah.—Wahyu 19:11-16, 19-21.

  • Ing Alkitab ana keterangan nèk Gusti Allah ora bakal ngejarké bumi iki dihancurké. Wacanen artikel ”Apa Bumi Bakal Dihancurké?”

  • Bèn ngerti keterangan luwih akèh soal Armagédon, wacanen artikel ”Armagédon Kuwi Apa?”

  • Ing Alkitab ana keterangan soal apa sing bakal kelakon sakdurungé Armagédon. Wacanen artikel ”Apa Itu Kesengsaraan Besar?”

  • Apa peristiwa sing kelakon ing Israèl jaman saiki wis diramalké ing Alkitab? Wacanen artikel ”Apakah Negara Israel Zaman Modern Menggenapi Nubuat Alkitab?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim