PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 65
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Pelatihan-Pelatihan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Pelatihan-Pelatihan?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pelatihan apa waé sing ditampa Seksi-Seksi Yéhuwah?
  • Sekolah-sekolah Alkitab
  • Pelatihan sing ditampa Seksi Yéhuwah kuwi dhasaré apa?
  • Apa pelatihan kuwi mbayar?
  • Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Terus Ngupaya Éntuk Pendidikan sing Paling Apik
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 65
Loro Seksi Yéhuwah lagi latihan nginjil pas pertemuan ibadah tengah pekan ing Balai Ibadah.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Pelatihan-Pelatihan?

Yésus ngongkon murid-muridé kanggo ngandhani wong-wong kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. (Matius 24:14; 28:19, 20) Bèn tugas kuwi isa berhasil, Seksi-Seksi Yéhuwah nampa akèh pelatihan ing pertemuan ibadah lan ing pertemuan-pertemuan liyané. Terus ya ana pelatihan-pelatihan liyané sing dhasaré Alkitab kanggo Seksi Yéhuwah sing nduwé tugas tambahan ing jemaat utawa organisasi.

Ing artikel iki bakal dibahas

  • Pelatihan apa waé sing ditampa Seksi-Seksi Yéhuwah?

  • Sekolah-sekolah Alkitab

  • Pelatihan sing ditampa Seksi Yéhuwah kuwi dhasaré apa?

  • Apa pelatihan kuwi mbayar?

  • Manfaaté pelatihan iki kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah

Pelatihan apa waé sing ditampa Seksi-Seksi Yéhuwah?

Pertemuan ibadah. Saben minggu, ana loro pertemuan ing panggonan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Biasané, sing siji pas tengah pekan lan sing sijiné pas akhir pekan. Kabèh wong éntuk teka ing pertemuan-pertemuan iki lan ora perlu mbayar.

  • Pertemuan ibadah tengah pekan. Tujuan utamané pertemuan iki kanggo mbantu Seksi Yéhuwah bèn nduwé iman sing kuwat, terus ya luwih sayang karo Gusti Allah lan sedulur seimané. Ing pertemuan iki ana ceramah, diskusi, pertunjukan, lan vidéo-vidéo. Kabèh sing teka ing acara iki dilatih bèn luwih trampil maca, omong-omongan, ceramah, lan ngajari wong Alkitab.

  • Pertemuan ibadah akhir pekan. Ing pertemuan iki ana ceramah Alkitab kanggo kabèh sing teka, khususé sing dudu Seksi Yéhuwah. Terus ya ana pembahasan tanya jawab saka artikel Warta Pentinga edisi pelajaran. Sing dibahas kuwi pathokané Alkitab sing isa bermanfaat kanggo urip saben dina lan kegiatan nginjilé Seksi Yéhuwah.

Pertemuan wilayah lan gabungan wilayah. Saben taun, Seksi Yéhuwah saka akèh jemaat bakal ngumpul ing loro pertemuan wilayah lan siji pertemuan gabungan wilayah. Saben pertemuan ana siji téma sing dibahas, terus pembahasané ya dhasaré Alkitab. Ing pertemuan-pertemuan kuwi ana ceramah, adegan, wawancara, lan vidéo-vidéo. Pertemuan-pertemuan iki bakal mbantu Seksi Yéhuwah bèn luwih paham Alkitab, terus ya dadi luwih trampil pas nginjil. Kaya pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah, kabèh isa mèlu pertemuan-pertemuan iki lan sing teka ora perlu mbayar.

Sekolah-sekolah Alkitab

Sakliyané sing disebutké mau, ya ana sekolah-sekolah Alkitab. Apa waé sekolahé? Apa tujuané saben sekolah kuwi, lan sepira suwéné sekolahé? Sapa waé sing isa mèlu?

Sekolah kanggo Perintis

  • Tujuan: Nglatih para perintisb bèn saya trampil pas nginjil lan ngajari wong Alkitab. Ing sekolah iki ana diskusi, adegan, ceramah, lan latihan-latihan.

  • Suwéné: Enem dina.

  • Sing isa mèlu: Perintis sing wis nglayani paling ora setaun. Sakwisé sekolahé sing pertama, para perintis kuwi bakal diundang manèh saben limang taun.

Loro siswa lagi pertunjukan pas Sekolah kanggo Perintis. Siswa liyané padha nggatèkké.

Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah

  • Tujuan: Para perintis sing wis berpengalaman bakal dilatih bèn luwih trampil manèh pas nginjil lan ngajari wong Alkitab. Ing sekolah iki pembahasan Alkitabé bakal luwih terperinci. Lulusan sekolah iki biasané bakal ditugaské ing panggonan-panggonan sing mbutuhké luwih akèh penginjil.

  • Suwéné: Rong sasi.

  • Sing isa mèlu: Para perintis sing memenuhi syarat isa mèlu sekolah iki. Meréka kudu siap nglayani ing endi waé ditugaské.

Para siswa Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah lagi ngacung kanggo mènèhi koméntar.

Sekolah kanggo Pinituwa

  • Tujuan: Nglatih pinituwac bèn isa dadi gembala sing apik lan trampil nggunakké Alkitab kanggo ngekèki naséhat, arahan, utawa nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat. Liwat sekolah iki, para pinituwa ya dibantu bèn luwih sayang karo Gusti Allah lan sedulur-sedulur seiman.—1 Pétrus 5:2, 3.

  • Suwéné: Limang dina.

  • Sing isa mèlu: Pinituwa sing isih anyar lan sing wis berpengalaman diundang kanggo mèlu sekolah iki. Sakwisé sekolahé sing pertama, meréka bakal diundang manèh saben limang taun.

Siswa Sekolah kanggo Pinituwa lagi mènèhi koméntar.

Sekolah kanggo Pinituwa Wilayah lan Bojoné

  • Tujuan: Nglatih para pinituwa wilayahd bèn isa luwih trampil pas nglayani ing jemaat-jemaat. (1 Timotius 5:17) Ing sekolah iki para pinituwa wilayah lan bojoné bakal dibantu bèn isa luwih paham Alkitab.

  • Suwéné: Sesasi.

  • Sing isa mèlu: Para pinituwa wilayah lan bojoné sing wis nglayani paling ora setaun. Sakwisé sekolahé sing pertama, meréka bakal diundang manèh saben limang taun.

Siswa Sekolah kanggo Pinituwa Wilayah lan Bojoné padha nggatèkké pas Alkitab diwacakké.

Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat

  • Tujuan: Nglatih pinituwa lan abdiné jemaate bèn isa nangani tugas-tugas ing jemaat. Sing dibahas ing sekolah iki disesuaikké karo keadaan lan kebutuhané sedulur-sedulur ing jemaat. (2 Timotius 3:1) Sekolah iki ana sekitar rong taun utawa telung taun pisan.

  • Suwéné: Biasané sedina.

  • Sing isa mèlu: Pinituwa wilayah, pinituwa, lan abdiné jemaat.

Siswa Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat foto bareng.

Sekolah Bètel

  • Tujuan: Nglatih anggota Bètelf bèn isa berhasil ing tugasé. Sekolah iki ya mbantu meréka bèn luwih sayang karo Gusti Allah lan sedulur seimané.

  • Suwéné: Limang dina setengah.

  • Sing isa mèlu: Anggota Bètel sing isih anyar. Anggota Bètel sing wis suwé nglayani isa diundang manèh ing sekolah iki saben limang taun sakwisé sekolahé sing pertama.

Siswa Sekolah Bètel lagi ceramah ing ngarepé instruktur lan siswa liyané.

Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal

  • Tujuan: Sing mèlu sekolah iki dilatih bèn semakin menghargai lan luwih paham isiné Alkitab. Terus, meréka ya dibantu bèn isa ngetrapké sing wis dipelajari. (1 Tésalonika 2:13) Lulusan sekolah iki bakal ndhukung gawéan nginjil utawa gawéan ing kantor cabangé Seksi Yéhuwah. Meréka isa ditugaské ing negarané dhéwé utawa negara liya.

  • Suwéné: Limang sasi.

  • Sing isa mèlu: Panitia cabang bakal milih meréka sing nglayani sepenuh waktu kanggo ndaftar sekolah iki. Terus, sekolahé kuwi ing Pusat Pendidikan Menara Pengawal ing Patterson, New York, Amerika Serikat.

Instruktur Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal lagi nduduhi bagian-bagian bait pas mulang.

Sekolah kanggo Panitia Cabang lan Bojoné

  • Tujuan: Nglatih anggota Panitia Cabangg kanggo ngawasi gawéan ing kantor cabang lan kegiatané Seksi Yéhuwah ing wilayah sing diawasi kantor cabang kuwi.

  • Suwéné: Rong sasi.

  • Sing isa mèlu: Anggota Panitia Cabang lan bojoné sing dipilih karo kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Terus, sekolahé kuwi ing Pusat Pendidikan Menara Pengawal ing Patterson, New York, Amerika Serikat.

Instruktur sing lagi mulang para siswa Sekolah kanggo Panitia Cabang lan Bojoné.

Pelatihan sing ditampa Seksi Yéhuwah kuwi dhasaré apa?

Sing dadi dhasar pelatihané Seksi Yéhuwah kuwi Alkitab. Seksi Yéhuwah yakin nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah lan isiné isa dadi sumber tuntunan sing paling apik kanggo wong Kristen.—2 Timotius 3:16, 17.

Apa pelatihan kuwi mbayar?

Ora. Pelatihan-pelatihan kuwi gratis. Pelatihan-pelatihan kuwi isa ana merga sumbangan sukaréla.—2 Korintus 9:7.

a Njenengan isa maca Alkitab lan bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab utawa vidéo saka Seksi Yéhuwah ing situs wèb jw.org.

b Perintis kuwi Seksi Yéhuwah sing wis dibaptis sing nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil lan ngajari wong Alkitab.

c Pinituwa kuwi wong lanang sing ditugaské kanggo mbantu lan nguwatké jemaat. Meréka trampil mulang nggunakké Alkitab. Meréka ya ora dibayar.

d Pinituwa wilayah kuwi tugasé ngunjungi lan nguwatké jemaat sing béda-béda saben minggu. Dhèwèké bakal nyampèkké ceramah lan mèlu nginjil karo Seksi Yéhuwah ing jemaat sing dikunjungi.

e Abdiné jemaat kuwi tugasé mbantu sedulur-sedulur seiman ing jemaat bèn para pinituwa isa fokus karo tugasé sebagai gembala.

f Bètel kuwi sebutan kanggo kantor cabangé Seksi Yéhuwah. Meréka sing nglayani ing kono ndhukung kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ing wilayah cabang kuwi.

g Sing dadi panitia cabang kuwi para pinituwa sing wis pengalaman. Paling sithik kuwi anggotané telu utawa papat.

Manfaaté pelatihan iki kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah

  • Natasha.

    ”Aku ki wongé isinan. Dadi nèk ngobrol karo wong sing durung dikenal ki angèl, apamanèh mbahas soal Alkitab. Tapi merga dilatih ing pertemuan ibadah tengah pekan, aku dadi luwih percaya diri lan luwih trampil ngajari wong Alkitab. Aku ya ngrasa nèk pelatihan iki bener-bener bermanfaat kanggo aku pas omong-omongan karo sedulur-sedulur ing jemaat utawa pas ing panggonan kerjaku.”—Natasha, Amerika Serikat.

  • Stephen.

    ”Ing Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah, aku dilatih bèn nduwé sifat-sifat sing apik. Aku dilatih bèn isa luwih sayang wong liya, sabar, lan apikan. Hasilé, aku isa dadi wong Kristen sing luwih apik. Ing sekolah kuwi aku ya diajari carané sinau Alkitab lan mbantu wong liya bèn kenal lan gelem nglayani Yéhuwah.”—Stephen, Nigeria.

  • Luca.

    ”Ing Sekolah kanggo Pinituwa aku dilatih bèn rendah hati lan dadi pinituwa sing luwih apik. Saka ceramah-ceramah sing disampèkké, aku ya diélingké bèn niru contoné Yésus.”—Luca, Italia.

  • Samuel.

    ”Ing Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat, aku dilatih bèn dadi wong sing ramah, gampang dicedhaki, lan apikan. Terus, aku ya diélingké nèk mbantu sedulur-sedulur kuwi kuduné merga sayang, dudu mung sekedar ngrampungké tugas thok.”—Samuel, Inggris.

  • Elnathan karo Princess.

    ”Ing Sekolah Giléad ana akèh pathokané Alkitab sing dibahas. Saka kono, kami dadi ngerti apa kekurangané kami, terus apa manèh sing isa diupayakké bèn dadi wong Kristen sing luwih apik. (Yakobus 1:22-25) Kami ya diajari bèn isa dadi wong sing réla berkorban lan sayang karo wong liya.”—Elnathan karo Princess, Filipina.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim