PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 7
  • Piyé Nèk Aku Males Sekolah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Aku Males Sekolah?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Aku Kudu Mandheg Sekolah?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 7
Cah lanang sing kétok ora semangat ngadeg ing ngarep loker.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Aku Males Sekolah?

Wajar nèk kowé males sekolah, apamanèh ing sekolahan ketemu kanca sing nakal, guru sing galak, ana ujian sing angèl, terus PR-é ya akèh.a Cah enom sing jenengé Rachelb ngomong:

”Aku milih kanggo lunga ing panggonan liya daripada sekolah. Mendhingan aku lunga ing pantai, dolan karo kanca-kancaku, utawa ngéwangi wong tuwaku resik-resik omah lan masak.”

Mungkin kowé ya ngrasa kaya Rachel. Pas ing sekolah, rasané kaya ing penjara. Kowé kudu berjuang nganti mengko lulus sekolah. Tapi, ana saran-saran bèn kowé isa menikmati pas sekolah.

Apa kowé ngerti? Nèk nduwé pandhangan sing positif soal sekolah, kowé ora bakal ngrasa terbebani. Kowé isa mikir nèk sekolah kuwi kesempatan kanggo nglatih ketrampilanmu bèn isa bermanfaat pas kowé wis déwasa.

Bèn isa nduwé pandhangan sing positif soal sekolah, coba pikirna iki:

Gambar buku lan pènsil.

Pendidikan. Nèk nduwé pengetahuan, kowé dadi ngerti carané ngatasi masalah, termasuk pas kowé wis kerja. Sakliyané kuwi kowé ya isa dadi mandiri, ora terus-terusan njaluk bantuané wong liya. Pikirna iki, ’Meskipun ana sing ora tak senengi pas sekolah, tapi apa manfaaté nèk aku gelem sekolah?’

Ayat: ”Terusa tumindak wicaksana lan gunakna kemampuan kanggo mikir.”—Wulang Bebasan 3:21.

Nèk péngin ngerti keterangan liyané, wacanen artikel ”Piyé Nèk Nilaiku Èlèk?”

Gambar daftar jadwal.

Kebiasaan. Rutinitas ing sekolah isa nglatih kowé bèn terbiasa ngatur wektu, gelem kerja keras, lan dadi luwih disiplin. Kuwi bakal bermanfaat pas kowé wis déwasa. Pikirna iki, ’Pas ing sekolah, kira-kira apa sing isa nggawé aku dadi luwih disiplin lan sregep? Apa sing isa tak upayakké bèn luwih disiplin lan sregep?’

Ayat: ”Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté.”—Wulang Bebasan 14:23.

Nèk péngin ngerti keterangan liyané, wacanen artikel ”Bagaimana Caranya Mengatur Waktu?”

Gambar wong loro lagi ngobrol.

Hubungan karo wong liya. Nèk kerep bergaul karo kanca sekolahmu, kuwi isa mbantu kowé bèn perduli lan ngajèni wong liya. Cah lanang sing jenengé Joshua ngomong, ”Sinau carané omong-omongan karo wong liya kuwi padha pentingé karo sinau sejarah lan ilmu pengetahuan. Kemampuan kuwi bermanfaat kanggo uripmu.” Pikirna iki, ’Apa manfaaté aku bergaul karo kanca-kanca ing sekolah, meskipun latar belakang lan kepercayaané meréka béda karo aku?’

Ayat: ”Kudu rukun karo kabèh wong.”—Ibrani 12:14.

Nèk péngin ngerti keterangan liyané, wacanen artikel ”Piyé Nèk Aku Angèl Ngobrol karo Wong Liya?”

Gambar wong lagi mlaku.

Masa depan. Ing sekolah, kowé isa ngerti apa ketrampilanmu lan ya isa mikirké sukmbèn arep piyé. Cah wédok sing jenengé Brooke ngomong, ”Aku sinau ketrampilan sing cocog karo gawéan sing tak péngini. Nèk misalé kowé kaya ngono, mengko pas lulus isa luwih gampang kanggo nggolèk gawéan.” Pikirna iki, ’Sakwisé lulus, aku péngin kerja apa? Aku kudu ngapa bèn isa kerja sesuai karo sing tak péngini?’

Ayat: ”Apa sing arep koktindakaké, gagasen lan pikiren dhisik sing mateng.”—Wulang Bebasan 4:26, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan.

a Saran-saran ing artikel iki ya cocog kanggo sing homeschooling.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

Kandhané kanca-kancamu

  • Madison.

    ”Pas belajar kelompok, aku kerja sama karo wong sing béda-béda. Aku dadi isa kenal karo wong sing latar belakang lan kebiasaané béda karo aku. Merga aku apikan karo meréka, kanca sekolahku ya akèh sing apikan lan ngajèni aku.”—Madison.

  • Ryan.

    ”Aku berupaya bèn isa mikir sing apik soal kanca-kancaku. Kanca-kancaku kuwi ya nduwé sifat-sifat apik. Dadi nèk ana kesempatan, aku isa nyritakké soal Alkitab karo meréka.”—Ryan.

  • Brooke.

    ”Pas ing sekolah, kowé dilatih bèn isa komunikasi sing apik. Selama sedina, kowé kan bergaul karo kanca sekolahmu. Kowé dadi isa ngerti apa sing éntuk lan ora éntuk diomongké, carané bèn sabar, terus piyé bèn isa murah hati. Pas pelajaran olahraga, biasané dibagi beberapa kelompok. Pas kuwi, kowé dilatih bèn isa kerja sama. Kowé ora isa latihan kerja sama nèk mung dhèwèkan.”—Brooke.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim