PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 18
  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Anggepan sing salah
  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?
  • Apa sebabé Natal dadi perkara?
  • Apa Wong Kristen Kudu Ngrayakké Natal?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 18
Parents talking to their young son as he unwraps a gift.

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?

Anggepan sing salah

Seksi-Seksi Yéhuwah ora Natalan merga ora percaya Yésus.

Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong Kristen lan percaya yèn Yésus sing bakal nylametaké manungsa.—Para Rasul 4:12.

Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé keluarga ora rukun merga mulang supaya ora Natalan.

Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah perduli banget karo keluarga lan nggunakaké tuntunané Alkitab supaya keluarga ayem tentrem.

Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah ora bisa ngrasakaké ”semangat Natal” yaiku seneng mènèhi, ngupaya karukunan, lan apikan karo kabèh wong.

Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mènèhi lan ngupaya karukunan saben dina. (Wulang Bebasan 11:25; Rum 12:18) Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah nindakaké dhawuhé Yésus, ”Kowé padha nampani kanthi lelahanan [tanpa mbayar], mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.” Kuwi nyata ing pakumpulan lan kagiyatan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah. (Matéus 10:8) Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn mung Kratoné Gusti Allah sing bisa mujudaké karukunan ing bumi.—Matéus 10:7.

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Natalan?

  • Yésus mréntahaké muridé supaya mèngeti dina sédané, dudu dina lairé.—Lukas 22:19, 20.

  • Para rasul lan muridé Yésus abad kapisan ora Natalan. New Catholic Encyclopedia kandha yèn ”dina lair kuwi mulai dirayakaké kira-kira taun 243 M”, luwih saka 100 taun sakwisé rasul sing kèri dhéwé mati.

  • Ora ana bukti yèn Yésus lair tanggal 25 Desember, tanggal lairé ora dicathet ing Alkitab.

  • Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Natalan kuwi ora disenengi Gusti Allah, merga asalé saka agama lan kabiyasaan kapir.—2 Korinta 6:17.

Apa sebabé Natal dadi perkara?

Akèh sing tetep Natalan senajan ngerti yèn kuwi asalé saka agama kapir lan ora ana ing Alkitab. Wong-wong kuwi kuduné mikir: Apa sebabé wong Kristen kuduné ora Natalan? Ngapa kuwi dadi perkara?

Alkitab kandha supaya awaké dhéwé nggunakaké ”nalar”. (Rum 12:1, 2, Terjemahan Dunia Baru) Kuwi mulang awaké dhéwé supaya ngajèni ajaran sing bener. (Yokanan 4:23, 24) Ketimbang mikir anggepané wong, Seksi-Seksi Yéhuwah milih nindakaké pathokané Alkitab senajan dianggep ora lumrah.

Senajan ora Natalan, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni wong sing Natalan. Seksi-Seksi Yéhuwah ora ngganggu wong sing lagi Natalan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim