PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 28
  • Apa ing Seksi-Seksi Yéhuwah Ana Prasapuluhan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa ing Seksi-Seksi Yéhuwah Ana Prasapuluhan?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Kandhané Alkitab soal Perpuluhan?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 28

Apa ing Seksi-Seksi Yéhuwah Ana Prasapuluhan?

Ora, ing Seksi-Seksi Yéhuwah ora ana prasapuluhan. Kagiyatané Seksi-Seksi Yéhuwah diragadi sumbangan saka lilaning ati. Jenengé sing nyumbang ora tau disebutaké. Sakjané, prasapuluhan kuwi apa, lan kena apa ing Seksi-Seksi Yéhuwah ora ana prasapuluhan?

Préntah kanggo nyumbang prasapuluh saka bandhané kuwi pancèn ana ing Hukum Torèt sing diwènèhaké marang wong Israèl kuna. Ning, Alkitab cetha-cetha kandha yèn Hukum iki, klebu ’kawajiban nglumpukaké pisungsung prasapuluhan’, wis ora perlu ditindakaké wong Kristen.​—Ibrani 7:​5, 18; Kolosé 2:​13, 14.

Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah ora diwajibaké nyumbang prasapuluhan. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah niru wong-wong Kristen abad kapisan, carané yaiku nindakaké gawéan nginjil tanpa dibayar lan mènèhi sumbangan saka lilaning ati.

Seksi-Seksi Yéhuwah manut tuntunané Alkitab kanggo wong Kristen, ”Saben wong pawèwèhé dikaya kang dadi rilaning atiné, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-lila.”​—2 Korinta 9:7.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim