PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 49
  • Apa Sebabé Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah Ana sing Diowahi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah Ana sing Diowahi?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Bener-Bener Muridé Yésus?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Dalan sing Bener Saya Padhang
    Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 49
Seksi Yéhuwah maca Alkitab

Apa Sebabé Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah Ana sing Diowahi?

Kabèh ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah dhasaré saka Alkitab. Dadi, yèn ana ajarané sing diowahi kuwi merga pangertèné bab Alkitab saya cetha.a

Owah-owahan ngono kuwi cocog karo kandhané Wulang Bebasan 4:​18, ”Nanging dalané wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah ésuk, kang mundhak-mundhak padhangé nganti tumeka ing wayah tengangé.” Kaya cahya srengéngé sing saya padhang yèn saya awan, Gusti Allah uga maringi pangertèn sing saya cetha, ing wektu sing pas. (1 Pétrus 1:​10-​12) Kaya sing diramalaké Alkitab, Gusti Allah maringi akèh pangertèn sing bener ”ing wekasaning jaman”.​—Dhanièl 12:4.

Awaké dhéwé ora perlu kagèt utawa bingung yèn pangertèné awaké dhéwé diowahi. Umaté Gusti Allah jaman ndhisik uga tau nduwé pangertèn lan pangarep-arep sing salah, mula kudu diowahi.

  • Musa ngira arep mbébasaké bangsa Israèl ing wektu kuwi, ning sakjané isih 40 tahun manèh.​—Para Rasul 7:​23-​25, 30, 35.

  • Para rasul ora mudheng maksudé ramalan bab Yésus séda lan diuripaké manèh.​—Yésaya 53:​8-​12; Matéus 16:21-​23.

  • Wong-wong Kristen ing jamané para rasul nduwé pangertèn sing salah bab ”dinané Gusti”.​—2 Tésalonika 2:​1, 2.

Gusti Allah ngowahi pangertèn sing salah saka wong-wong kuwi. Seksi-Seksi Yéhuwah uga péngin Gusti Allah ngowahi pangertèné Seksi-Seksi Yéhuwah.​—Yakobus 1:5.

a Pangertèn sing wis diowahi ora dipèk dhéwé karo Seksi-Seksi Yéhuwah, ning malah dicathet lan dibagèkaké marang wong liya. Contoné ana ing bagéan ”Pengertian yang Diperjelas” ing réferènsi publikasi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim