Sapa sing Bakal Munggah ing Swarga?
Jawaban ing Alkitab
Ana wong-wong sing wis dipilih Gusti Allah lan bakal diuripké manèh ing swarga. (1 Pétrus 1:3, 4) Tapi meskipun wis dipilih, wong-wong kuwi tetep kudu setya lan manut karo Gusti Allah.—Éfésus 5:5; Filipi 3:12-14.
Ing swarga tugasé apa?
Wong-wong kuwi bakal dadi raja lan imam bareng karo Yésus selama 1.000 taun. (Wahyu 5:9, 10; 20:6) Wong-wong kuwi dadi bagian saka ”langit anyar”, utawa pamréntahan ing swarga, lan bakal mréntah ”bumi anyar”, utawa wong-wong ing bumi. Wong-wong kuwi bakal nggawé manungsa dadi sampurna manèh, kaya sing dikarepké Gusti Allah mbiyèn.—Yésaya 65:17; 2 Pétrus 3:13.
Sing munggah swarga jumlahé pira?
Menurut Alkitab jumlahé ana 144.000. (Wahyu 7:4) Ing Wahyu 14:1-3, Rasul Yohanes ndelok ’Anak Domba ngadeg ing Gunung Zion bareng karo wong 144.000’. Sing dimaksud ”Anak Domba”, yaiku Yésus. (Yohanes 1:29; 1 Pétrus 1:19) Terus, sing dimaksud ”Gunung Zion”, yaiku Yésus lan wong 144.000 sing mréntah ing swarga.—Mazmur 2:6; Ibrani 12:22.
”Wong-wong sing diundang lan dipilih” kanggo mréntah karo Yésus kuwi disebut ”kelompok cilik”. (Wahyu 17:14; Lukas 12:32) Kuwi berarti jumlahé wong-wong kuwi luwih sithik dibandhing domba-dombané Yésus.—Yohanes 10:16.
Pendapat soal wong-wong sing munggah ing swarga
Sing salah: Kabèh wong sing apik munggah ing swarga.
Sing bener: Wong-wong sing apik sebagian besar bakal urip saklawasé ing bumi.—Mazmur 37:11, 29, 34.
Yésus ngomong, ”Ora ana wong sing tau munggah swarga.” (Yohanes 3:13) Kuwi berarti wong-wong sing mati sakdurungé Yésus, misalé Abraham, Musa, Ayub, lan Daud ora munggah ing swarga. (Kisah 2:29, 34) Wong-wong kuwi bakal diuripké manèh ing bumi.—Ayub 14:13-15.
Wong-wong sing diuripké manèh ing swarga disebut ”sing pertama diuripké manèh”. (Wahyu 20:6) Kuwi berarti bakal ana wong-wong sing diuripké manèh ing bumi bar kuwi.
Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ’kematian ora bakal ana manèh’. (Wahyu 21:3, 4) Kuwi kelakoné mesthi ing bumi, merga ing swarga ora tau ana kematian.
Sing salah: Wong-wong isa milih dhéwé arep urip ing swarga apa ing bumi.
Sing bener: Gusti Allah wis milih wong-wong sing ”éntuk hadiah” urip ing swarga. (Filipi 3:14) Dadi, wong-wong ora isa milih dhéwé arep urip ing swarga apa ora.—Matius 20:20-23.
Sing salah: Wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi kuwi luwih rendah timbang wong-wong sing bakal munggah ing swarga.
Sing bener: Gusti Allah nyebut wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi kuwi ”umat-Ku”, ”wong-wong sing Tak pilih”, lan ’wong-wong sing diberkahi’. (Yésaya 65:21-23) Wong-wong kuwi bakal urip saklawasé ing bumi firdaus, kaya sing dikarepké Gusti Allah.—Purwaning Dumadi 1:28; Mazmur 115:16; Yésaya 45:18.
Sing salah: Jumlah 144.000 kuwi mung lambang, dudu tenanan.
Sing bener: Mémang ing buku Wahyu ana angka-angka sing mung lambang, tapi ya ana sing tenanan. Misalé, ing buku Wahyu disebutké soal ”jeneng-jenengé 12 rasulé Anak Domba”. (Wahyu 21:14) Kuwi berarti jumlah 144.000 kuwi ya dudu lambang.
Ing Wahyu 7:4 disebutké nèk ”wong-wong sing nampa meterai kuwi [utawa, wong-wong sing bakal munggah ing swarga] jumlahé 144.000”. Terus, ing ayat 9 disebutké nèk ana ”kumpulan gedhé wong akèh sing jumlahé ora isa diétung”. Wong-wong kuwi ya bakal dislametké Gusti Allah. (Wahyu 7:9, 10) Nèk jumlah 144.000 kuwi mung lambang, ora mungkin kuwi dibandhingké karo kelompok liya sing jumlahé ora isa diétung.a
Wong 144.000 kuwi ”dituku saka antarané manungsa dadi kaya hasil panèn pertama”. (Wahyu 14:4) Nèk disebut ”hasil panèn pertama”, kuwi berarti jumlahé wong-wong kuwi mung sithik. Kuwi béda karo wong-wong sing bakal urip ing bumi sing jumlahé ora isa diétung.—Wahyu 5:10.
a Profesor Robert L. Thomas ngomong nèk ”jumlah 144.000 sing disebutké ing Wahyu 7:4 kuwi dudu lambang. Kuwi béda karo kelompok liya sing jumlahé ora isa diétung sing disebutké ing Wahyu 7:9. Nèk jumlah 144.000 kuwi mung lambang, berarti angka-angka liyané ing buku Wahyu ya mung lambang”.—Revelation 1-7: An Exegetical Commentary, halaman 474.