PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwwd artikel 28
  • Paus Berparuh Cuvier Isa Nyelem Jero Banget

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Paus Berparuh Cuvier Isa Nyelem Jero Banget
  • Apa Iki Dirancang?
Apa Iki Dirancang?
ijwwd artikel 28
Paus berparuh Cuvier.

BluePlanetArchive/Whale Watch Azores

APA IKI DIRANCANG?

Paus Berparuh Cuvier Isa Nyelem Jero Banget

Paus berparuh Cuvier isa nyelem nganti 2.992 mèter, padahal ing kedalaman kuwi tekanané 30.300 kilopascal (4.390 psi). Paus iki ya isa nyelem suwé banget. Ana sing isa nyelem nganti 3 jam 42 menit. Kok isa paus kuwi nyelem jero banget lan suwé?

Kemampuan nyelemé mamalia laut. 1. Singa laut Kalifornia: 270 mèter. 2. Paus spérma: 2.250 mèter. 3. Paus hidung-botol utara: 2.340 mèter. 4. Paus berparuh Cuvier: 2.990 mèter.

Kaya mamalia laut liyané, tulang rusuk paus iki flèksibel. Pas nyelem, paru-paruné mengecil, terus detak jantungé melambat. Dadi, ora perlu oksigén akèh-akèh. Darahé ya mung dialirké ing otak, jantung, karo otot-otot.

Mamalia laut nganggo protéin sing ana ing ototé, sing jenengé mioglobin, kanggo nyimpen oksigén. Pas nyelem, meréka éntuk oksigén saka kono. Nah, mioglobiné mamalia laut jumlahé luwih akèh timbang manungsa utawa kéwan-kéwan darat.

Ana peneliti sing ngomong, ”Paus berparuh Cuvier iki mamalia sing isa nyelem paling jero lan paling suwé. Manungsa wis mempelajari cara kerja tubuhé mamalia laut, tapi kami isih durung paham kenapa paus berparuh Cuvier isa nyelem luwih jero lan luwih suwé timbang mamalia laut liyané.” Para ilmuwan péngin mempelajari luwih akèh soal paus iki bèn ngerti cara sing paling apik kanggo ngrawat pasièn sing lara paru-paru.

Piyé nurut njenengan? Apa kemampuané paus berparuh Cuvier iki hasil évolusi? Utawa, apa iki dirancang?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim