AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ
Matius 6:33—’Kratoning Allah Iku Upayanen Dhisik’
”Mula, Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.”—Matius 6:33, Terjemahan Donya Anyar.
”Ananging Kratoning Allah lan kasampurnané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabèh bakal diparingaké marang kowé.”—Matéus 6:33, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.
Artiné Matius 6:33
Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan ing swarga sing bakal nggawé kepénginané Gusti Allah kelakon ing bumi. (Matius 6:9, 10) Wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah berarti nganggep nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi sing paling penting ing uripé.a Wong sing kaya ngono ora mung péngin ngerti soal Kerajaané Gusti Allah, tapi ya ngandhani wong liya soal apa waé sing bakal ditindakké Kerajaané Gusti Allah. (Matius 24:14) Wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah ya bakal ndongakké bèn Kerajaané kuwi ndang teka.—Lukas 11:2.
Ngutamakké apa sing bener nurut Gusti Allah berarti manut karo pathokané Gusti Allah soal sing bener lan sing salah. (Mazmur 119:172) Wong sing kaya ngono kuwi saben dina manut karo hukumé Gusti Allah lan isa ngrasakké manfaaté.—Yésaya 48:17.
Ungkapan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé kuwi maksudé Gusti Allah janji nèk wong sing ngutamakké Kerajaané lan manut karo pathokané bakal dicukupi kebutuhané.—Matius 6:31, 32.
Latar Belakangé Matius 6:33
Wektu kuwi Yésus lagi Ceramah ing Gunung. Ceramahé dicathet ing Matius bab 5-7. Kétoké, sing ngrungokké ceramahé Yésus wektu kuwi akèh-akèhé wong miskin. Sing dipikirké wong-wong kuwi mungkin mung piyé carané nyukupi kebutuhané saben dina, dadi ora nduwé wektu kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Tapi, Yésus ngongkon wong-wong kuwi bèn padha nggatèkké nèk kéwan lan tanduran waé diopèni karo Gusti Allah, apa manèh wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Gusti Allah janji nèk wong-wong kuwi bakal dicukupi kebutuhané.—Matius 6:25-30.
Pendapat soal Matius 6:33
Sing salah: Wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah bakal dadi sugih.
Sing bener: Yésus ora ngomong nèk wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah bakal dadi sugih. Tapi, maksudé sing bakal dicukupi kuwi kebutuhané saben dina, kaya panganan lan pakaian. (Matius 6:25, 31, 32) Yésus ya ora ngomong nèk wong sing diberkahi Gusti Allah mesthi bakal nduwé barang-barang méwah. Yésus malah ngandhani wong-wong bèn aja péngin sugih, soalé wong sing péngin sugih malah susah nèk arep ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Matius 6:19, 20, 24) Rasul Paulus mbiyèn ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, tapi kadhang-kadhang dhèwèké ya kekurangan. Kaya Yésus, Paulus ya ngandhani wong-wong nèk péngin sugih kuwi bahaya.—Filipi 4:11, 12; 1 Timotius 6:6-10.
Sing salah: Wong Kristen ora perlu kerja golèk dhuwit.
Sing bener: Alkitab ngomong nèk wong Kristen kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluargané. (1 Tésalonika 4:11, 12; 2 Tésalonika 3:10; 1 Timotius 5:8) Yésus ora ngomong nèk murid-muridé kudu mung ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, terus ora perlu nglakoni kegiatan liyané.
Wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah lan gelem kerja isa yakin nèk Gusti Allah bakal nyukupi kebutuhané saben dina.—1 Timotius 6:17-19.
a “Ungkapan ”kudu mbok utamakké ing uripmu” diterjemahké saka kata kerja Yunani sing maksudé kegiatan sing dilakoni terus-terusan. Kata kerja kuwi ya isa diterjemahké dadi ”terus ngutamakké”. Dadi, Kerajaané Gusti Allah kudu terus dianggep sing paling penting.