PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hdu artikel 9
  • Mènèhi Bantuan kanggo sing Kena Bencana

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mènèhi Bantuan kanggo sing Kena Bencana
  • Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Bantuan Kemanusiaan Selama Taun 2021
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Bantuan Selama Pandemi
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Carané Mbantu Sakwisé Ana Bencana
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
Delok Kabèh
Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
hdu artikel 9
Para sedulur nampa bantuan.

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Mènèhi Bantuan kanggo sing Kena Bencana

1 FEBRUARI 2021

Ing taun 2020, ana akèh wong sing susah merga kena bencana alam lan pandemi COVID-19. Piyé carané Seksi Yéhuwah mbantu wong-wong kuwi?

Selama taun dinas 2020,a ana luwih saka 200 bencana, termasuk pandemi COVID-19, badai tropis, banjir ing Afrika, kurang pangan ing Venezuela, lan kekeringan ing Zimbabwe. Panitia Pengawas saka Pengurus Pusat setuju kanggo mbantu wong-wong sing kena bencana kuwi. Bantuané kira-kira 405 milyar rupiah. Kuwi dienggo tuku panganan, banyu, pakaian, obat-obatan, lan nggawé tempat tinggal, termasuk dienggo tuku bahan-bahan kanggo resik-resik, ndandani, lan mbangun manèh omahé para sedulur. Iki conto-contoné:

COVID-19. Merga ana pandemi, ana sedulur-sedulur sing kena COVID, terus ya strès, lan penghasilané berkurang. Makané, ana luwih saka 800 Panitia Penanggulangan Bencana (PPB) sing dibentuk ing sak donya kanggo mbantu sedulur-sedulur kuwi. Panitia iki mènèhi laporan soal keadaané sedulur-sedulur bèn Panitia Pengawas isa mènèhi bantuan kanggo sedulur-sedulur kuwi.

PPB mbantu para sedulur bèn isa éntuk panganan, banyu, bahan-bahan kanggo sanitasi, lan obat-obatan. Ing beberapa dhaérah, PPB ya kerja sama karo para pinituwa kanggo mbantu para sedulur bèn isa éntuk bantuan saka pamréntah.

Kuwi digatèkké karo wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah. Contoné, Field Simwinga, pejabat ing kutha Nakonde, Zambia, ngomong karo para sedulur sing dadi anggota PPB, ”Maturnuwun banget merga kalian wis mbantu wong-wong ing kéné.”

Kurang pangan ing Angola. Merga ana pandemi COVID-19, ora ana akèh panganan ing Angola, terus rega-rega ya padha mundhak. Akèh sedulur ya dadi ora isa tuku panganan.

Pakètan sing arep dilebokké ing truk.

Bantuan sing dikirimké saka Brazil ing Angola

Panitia Pengawas ngongkon kantor cabang Brazil bèn ngirim panganan kanggo para sedulur ing Angola. Bèn isa hémat, tuku panganané langsung akèh, terus digolèkké pengiriman sing murah. Para sedulur akhiré isa éntuk pengiriman sing regané mung 318.000 rupiah, padahal pakètané aboté mèh 20 kilogram. Pakètan kuwi isiné wis ana beras, kacang-kacangan, lan minyak gorèng. Nganti saiki, wis ana 33.544 pakètan sing dikirim, lan totalé 654 ton. Bantuan saka Brazil lan saka Angola isa dienggo mbantu luwih saka 50.000 wong.

Piyé perasaané sedulur-sedulur ing Angola? Alexandre, sing omahé ing dhaérah plosok, ngomong, ”Iki bukti nèk Yéhuwah sayang karo aku. Aku dadi ora ngrasa dhèwèkan. Terus, aku ya dadi ngerti nèk para sedulur nggatèkké aku.” Randha sing jenengé Mariza ngomong, ”Yéhuwah njawab dongaku. Aku maturnuwun banget karo Yéhuwah lan para sedulur.”

Gambar: 1. Sedulur lanang nyunggi pakèt bantuan. 2. Sedulur nyunggi pakèt bantuan karo nggéndhong anaké. 3. Sedulur wédok sing nganggo kursi roda bar nampa pakèt bantuan.

Para sedulur ing Angola maturnuwun banget éntuk bantuan

Kekeringan ing Zimbabwe. Selama taun dinas 2020, ana kekeringan sing parah ing Zimbabwe. Akibaté, akèh wong dadi kurang pangan, termasuk para sedulur ing kono.

Kanggo mbantu para sedulur, ana lima PPB sing dibentuk. Terus, ana atusan sedulur sing mbantu mbungkusi panganan, terus ngusungi kuwi, lan nyilihké kendaraané.b Selama taun dinas 2020, wis ana 10 milyar rupiah sing dienggo mbantu 22.700 sedulur.

Gambar: 1. Para sedulur seneng banget éntuk bantuan. 2. Para sedulur bar nampa bantuan ing Balé Ibadah.

Para sedulur ing Zimbabwe nampa bantuan (sakdurungé pandemi)

Ana sedulur-sedulur sing éntuk bantuan pas wis bener-bener kentèkan panganan. Makané, para sedulur bersyukur banget karo Yéhuwah. Malah, ya ana sing langsung nyanyi lagu Kerajaan.

Ana loro sedulur randha sing mèlu pertemuan kanggo mbahas bantuan saka organisasi swasta. Tapi ternyata persyaratané ana hubungané karo politik. Mulané loro sedulur kuwi ora gelem, terus mulih. Loro sedulur kuwi diécé, terus diomongi, ”Awas ya nèk nganti njaluk panganan ing kéné manèh.” Tapi, rong minggu bar kuwi, loro sedulur mau malah wis éntuk bantuan saka PPB, padahal bantuan saka organisasi swasta durung teka.

Prisca seneng bar éntuk bantuan.

Prisca njawab, ”Sing ngopèni kan Yéhuwah”

Wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah akhiré ya muji Yéhuwah. Contoné pengalamané Prisca, sing omahé ing désa. Uripé susah banget merga kekeringan. Tapi Prisca tetep nginjil saben Rabu lan Jumat. Malah pas musim membajak, dhèwèké ya tetep nginjil. Tangga-tanggané ngécé dhèwèké. Prisca diomongi, ”Mengko kowé ora isa mangan lho nèk nginjil terus.” Prisca njawab, ”Sing ngopèni kan Yéhuwah.” Ora suwé bar kuwi, Prisca éntuk bantuan saka PPB. Saiki tangga-tanggané ngomong, ”Gusti Allah tenanan ngopèni kowé ya. Aku mbok dikandhani soal Dhèwèké.” Akhiré, saiki ana wong pitu sing mèlu ngrungokké pertemuan ibadah liwat radio.

Merga saiki wis akhir jaman, bakal ana akèh bencana alam. (Matius 24:3, 7) Tapi merga njenengan wis nyumbang nganggo cara-cara sing ana ing donate.jw.org, organisasi dadi isa mbantu para sedulur sing kena bencana. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.

a Taun dinas 2020 kuwi saka September 2019 nganti Agustus 2020.

b Merga lagi pandemi COVID-19, para sedulur kudu njaluk ijin kanggo ngeterké panganan. Para sedulur ya kudu manut karo protokol keséhatan bèn ora ketularan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim