PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hdu artikel 27
  • Panggonan kanggo Ngluhurké Guru sing Hébat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Panggonan kanggo Ngluhurké Guru sing Hébat
  • Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Panggonan sing Luwih Nyaman kanggo Para Siswa sing Tambah Akèh
  • Fasilitas Sekolahé
  • ”Dadi Tamuné Yéhuwah”
  • Ndaftar Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Apa Njenengan Péngin Ndaftar Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah
    Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Manfaaté Sekolah Giléad kanggo Para Sedulur
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
Delok Kabèh
Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
hdu artikel 27
Sedulur lanang nyambut pasangan suami istri sing teka ing panggonan sekolah ing Brasil.

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Panggonan kanggo Ngluhurké Guru sing Hébat

1 JULI 2023

Yéhuwah seneng mulang umaté. Makané organisasiné nggawé sekolah-sekolah kanggo nglatih para siswa bèn trampil nglakoni tugasé. Salah sijiné Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah (SPKA). Beberapa taun iki, organisasiné Yéhuwah ora mung nggatèkké sing dipelajari tapi ya panggonan sing dienggo sekolah. Tujuané bèn para instruktur lan siswa isa nyaman lan menikmati sekolahé. Piyé sumbangané njenengan digunakké kanggo kuwi?

Panggonan sing Luwih Nyaman kanggo Para Siswa sing Tambah Akèh

Selama bertaun-taun sekolahé ing Balai Ibadah lan Balai Pertemuan. Kenapa kok awaké dhéwé kudu mbangun utawa ndandani beberapa bangunan sing khusus dienggo sekolah? Alesané ana telu.

Dibutuhké luwih akèh sedulur. Christopher Mavor, Asistèn Panitia Penginjilan, ngomong, ”Kantor-kantor cabang butuh akèh sedulur kanggo ndhukung organisasi. Misalé taun 2019, kantor cabang Brasil butuh kira-kira 7.600 lulusan SPKA bèn isa mbantu gawéan ing wilayah cabang Brasil.” Kantor cabang Amerika Serikat ya nglaporké nèk butuh luwih akèh perintis kanggo nglatih sedulur-sedulur liyané bèn trampil nginjil ing dhaérah métropolitan, pelabuhan, lan penjara. Terus ya dibutuhké sedulur-sedulur lanang kanggo ndhukung Departemèn Rancang/Bangun Setempat lan Panitia Penghubung Rumah Sakit. Makané dibutuhké luwih akèh lulusan SPKA.

Tambah akèh sing ndaftar sekolah. Ing akèh cabang, akèh sedulur sing ndaftar sekolah tapi panggonan sekolahé ora cukup. Misalé ing Brasil, mung setaun waé ana kira-kira 2.500 sing ndaftar SPKA. Tapi merga panggonan sekolahé terbatas, sing isa mèlu sekolah mung 950 sedulur.

Butuh tempat tinggal sing nyaman. Nèk sekolahé ing Balai Ibadah utawa Balai Pertemuan, biasané para siswa nginep ing omahé sedulur-sedulur cedhak kono. Nèk selama setaun kelasé mung ana beberapa, pengaturan kuwi isih cocog. Tapi nèk kelasé ana akèh, ora mungkin sedulur-sedulur isa terus nyedhiakké panggonan kanggo nginep selama berbulan-bulan. Makané dibutuhké tempat tinggal kanggo para siswa sing cedhak karo panggonan sekolahé.

Kanggo mbangun fasilitas sekolah sing ana siji ruang kelasé, tempat tinggal kanggo instruktur lan kira-kira 30 siswa, lan ruangan-ruangan liyané, dibutuhké beberapa juta dolar AS. Biayané bergantung lokasi lan alesan liyané.

Fasilitas Sekolahé

Panggonan sekolahé dibangun ing dhaérah sing tenang. Meskipun ora ing kutha gedhé, tapi isih isa lunga-lunga nganggo kendaraan umum. Terus, ya dibangun ing dhaérah sing akèh penginjilé. Dadi, sedulur-sedulur ing kono ya isa mèlu ndhukung lan ngrawat bangunané.

Ing panggonan sekolah kuwi ana perpustakaan, panggonan sinau, komputer, printer, lan peralatan liyané. Terus, ya ana ruang makan bèn instruktur lan para siswa isa mangan bareng. Sakliyané kuwi ya ana tempat kanggo olahraga lan santai.

Rancangan ruang kelasé ya dipikirké tenanan. Troy, sing nglayani ing Departemèn Rancang/Bangun Sedunia ing Warwick, New York, ngomong, ”Kami mbahas karo sedulur-sedulur ing Departemèn Sekolah Téokratis bèn rancangan ruang kelasé isa nyaman dienggo sinau. Sedulur-sedulur ing departemèn kuwi ngekèki saran soal ukuran ruang kelasé, rancangané, pencahayaané, lan peralatan audio vidéo sing dibutuhké.” Instruktur SPKA ing Hongaria sing jenengé Zoltán ngomong, ”Mbiyèn, ing kelas ora ana mikrofon. Dadi, kami kudu ngélingké para siswa bèn ngomongé luwih banter. Tapi saiki ora perlu kaya ngono manèh soalé ing saben méja wis ana mikrofoné.”

Ana instruktur lagi mulang. Ing mburiné ana TV sing nampilké gambaré Yésus lagi masrahké Kerajaan ing Yéhuwah. Para siswa ngekèki koméntar nganggo mikrofon.

”Dadi Tamuné Yéhuwah”

Apa manfaaté kanggo para instruktur lan siswa? Angela, sing pernah mèlu SPKA ing Palm Coast, Florida, AS, ngomong, ”Panggonané apik terus suasanané ya tenang. Kabèh wis disiapké tenanan termasuk ruang kelas lan tempat tinggalé para siswa. Dadi kami isa fokus sinau.” Salah siji instruktur ing Hongaria sing jenengé Csaba seneng banget isa mangan bareng karo para siswa. Dhèwèké ngomong, ”Pas mangan bareng, para siswa isa crita-crita soal pengalamané. Kami dadi luwih kenal karo meréka. Dadi, kami isa mikirké piyé bèn bahan sing dirembug isa sesuai karo kebutuhané meréka.”

Para siswa lan instruktur ngomong nèk panggonan sekolah kuwi kaya hadiah saka Yéhuwah, ’Guru sing hébat’. (Yésaya 30:20, 21) Sedulur wédok ing Filipina sing mèlu SPKA ing bangunan sing digawé dadi panggonan sekolah ngomong, ”Suasana ing sekolahé nggawé aku ngrasa ora mung dadi siswa, tapi ya dadi tamuné Yéhuwah. Yéhuwah ora mung péngin kami sinau Alkitab tenanan ing kéné, tapi ya isa menikmati.”

Para siswa menikmati sekolah ing Filipina.

Panggonan sekolahé isa dibangun, didandani, lan dirawat, merga sumbangané njenengan sing akèh-akèhé disumbangké liwat donate.jw.org. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim