-
Markus 12:14Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora?
-