3 Wektu Yésus lagi maem ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, ana wong wadon sing marani Yésus karo nggawa botol marmer isi lenga wangi, yaiku lenga narwastu murni sing larang banget regané. Wong wadon kuwi mbukak botolé lan mulai ngesokké alon-alon ing sirahé Yésus.