11 Gusti Allah ndhawuhi dhèwèké disunat lan iki dadi tandha kanggo nduduhké nèk Abraham dianggep bener merga dhèwèké wis nduwé iman sakdurungé disunat. Mula Abraham dadi bapaké kabèh wong sing nduwé iman senajan wong-wong kuwi ora disunat, lan kabèh wong kuwi dianggep bener karo Gusti Allah.