7 Wong-wong kuwi padha kaya Sodom lan Gomora uga kutha-kutha ing sakiwa-tengené sing nindakké hubungan sèks sing ora sah lan bejat, uga ngumbar hawa nafsu sing ora lumrah. Wong-wong kuwi dihukum nganggo geni sing langgeng, supaya dadi piwulang lan pangéling-éling kanggo awaké dhéwé.