2 Aku ndelok kaya ana laut kaca campur geni. Aku uga ndelok wong-wong sing menang nglawan kéwan buas lan patungé. Wong-wong kuwi ora diwènèhi tandha yaiku angka sing dadi jenengé kéwan buas kuwi. Wong-wong kuwi ngadeg ing pinggiré laut kaca kuwi karo nyekel harpané Gusti Allah.