6 Paulus ngerti nèk sebagéan anggota Sanhèdrin kuwi wong Saduki, lan liya-liyané wong Farisi. Mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi,+ keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga aku percaya nèk wong mati isa diuripké manèh.”