Cathetan Ngisor
b Gunung Karmèl biyasané subur lan ijo, merga angin sing ana uap banyuné munggah saka segara tekan lèrèng gunung, terus nggawé udan lan akèh embun. Merga Baal dianggep sing nggawé udan, gunung iki kétoké panggonan penting kanggo nyembah Baal. Mula Gunung Karmèl sing saiki garing lan tandhus, dadi panggonan sing cocog kanggo nduduhké nèk penyembahan Baal kuwi palsu.