Cathetan Ngisor
c Salah siji alesan ngapa pangéling-éling sing wiwitan kuwi kurang tegas yaiku merga kuwi mauné mung kanggo kelompok wong sithik sing dipilih munggah swarga, sing jumlahé 144.000. Sakdurungé taun 1935, Siswa-Siswa Alkitab ngira nèk ”golonganing wong akèh” sing disebutké ing Wahyu 7:9, 10 maksudé anggota sing akèh banget saka gréja Kristen, sing bakal munggah swarga lan dadi bagéan kapindho sing nampa opah merga wis ndhukung Yésus Kristus nganti rawuhé. Kuwi bakal dirembug ing Bab 5 buku iki.