Cathetan Ngisor
b Brosur sing judhulé To Whom the Work Is Entrusted (Sapa sing Ditugaské kanggo Gawéan Iki?) nerangké, ”Gawéan mbagèkké majalah The Golden Age kuwi nginjil kusus kanggo martakké Kratoné Allah saka omah ing omah. . . . Sakwisé ngandhakké wartané, majalah The Golden Age kudu ditinggal ing saben omah, ora masalah sing nduwé omah gelem langganan apa ora.” Taunan sakwisé kuwi, sedulur-sedulur dikandhani kanggo nawani bèn wong-wong gelem langganan majalah The Golden Age lan The Watch Tower. Mulai 1 Februari 1940, umaté Yéhuwah dikandhani kanggo nglaporké jumlah majalah sing wis dibagèkké.